Iki ora bisa disepelekake. Miturut penerawangane ahli paralayang saka Galaksi Andromeda, pancen tenan wis wayahe Sabdo Palon nagih janji. Bisa disawang bareng ta, pirang tahun kepungkur kae pedhut Merapi mlayu menyang arah sing wis diprediksi dening Sabdo Palon. Tur wis kelakon uga ujare Prabu Jayabaya menawa tlatah Jawa wis dikalungi wesi. Sakliyane kuwi, isih akeh panjangka-panjangka liya sing wis ora bisa ditutupi kedadeyane.
Udakara 500 taun sakuwise Sabdo Palon ngucap sumpah amerga gregeten marang Ratu Brawijaya sing pindhah Islam, ing Purworejo Sabdo Palon nyicil nglakoni prasetyane. Kanthi aweh wewisik marang Totok Santosa supaya madeg ratu, jejuluk Sinuwun Totok Santosa Hadiningrat. Kanggo tetenger nek dheweke, Sabdo Palon, sedhilit meneh bakal ngeculake bocah saka lereng wetan Redi Lawu paring asma Erucakra. Ora prelu gumun bab metune kraton anyar iki. Miturut salah siji mas-mas Sastra Jawa, UGM, sing nyinau aksara Sansekerta lan teks sastra Jawa Kuno, pancen kraton ing Jawa tansah geser saben 500 taun. Nanging mas-mas kuwi ngomongi nek gesere mesthine menyang Semarang prenahe,dudu malah ana ing Purworejo. Untunge, umpama pancen sing bener malah ing Purworejo, tegese Purworejo sing kapiji kanggo dalan bubukaning mangsa jayaning Jawa. Kelingan salah siji tetembungane Sabdo Palon nek dheweke bakal mbalekake piwulang Budi ing tlatah Jawa? Mesthine akeh sing isih padha kelingan ta? Emane awak dhewe kudu ngelus dhadha, amerga panjangka utawa ramalan Sabdo Palon sing muni mengkono sejatine mung fiksi karya sastra. Nyatane, ramalan kuwi dianggit dening wong Jawa jaman dhisik sing ora patia sarujuk tumrap mlebune Islam. Kasus panjangkane Sabdo Palon ora padha kalawan panjangka Jayabaya lan Ranggawarsita lho. Amerga Jayabaya lan Ranggawarsita ora duwe tendensi personal apa-apa marang apa-apa. Perkarane, jane ya dudu perkara banget sih, ora sithik wong Jawa sing percaya marang panjangka Sabdo Palon. Malah nganti nggawe sekte barang. Senadyan kaya mengkono, tetep wae bab percaya apa ora marang panjangka Sabdo Palon kuwi pilihan lan hak wong Jawa dhewe-dhewe. Nanging sing dadi pitakonan umpama panjangka Sabdo Palon lan Sabdo Palone dhewe kuwi tenanan ana yaiku, "piye perasaane Sabdo Palon nyawang anak putu Jawane sing malah ora dadi pinter tapi malah sansaya ora realistis?" Saka Kacamata Sabdo Palon Supaya penak nggolek sambungan antarane Kraton Agung Sejagat lan Sabdo Palon. Tak njajal SKSD karo Sabdo Palon. Anggep wae mung gojeg, nanging iki udu angger gojeg. Anggep wae wong jaman biyen, utamane wong Jawa sing cedhak punjering Keraton kuwi wong sing pinter. Ora sewates pinter ing babagan donya nanging uga pinter bab spiritual. Dadi bisa nemu larasing ngelmu antara kawruh donya lan spiritual tanpa kudu diadu. Ora kaya jaman saiki, wong Jawa kalangan spiritual sok-sok wegah lan nganti anti tumrap pola pikir modern, tur sakwalie. Sabdo Palon muni nek bar 500 taun dheweke moksa, dheweke bakal bali banjur ngedegake piwulang Budi. Saiki sing dadi pitakonan, piwulang budi kuwi apa ta jane? Nek ora teka apa masalahe? Iki mung wangsulan spekulatip. Dhasaring mung nganggo akal sing dilaras tumrap sadharing jaman sak owah gingsiring uga. Sakjane lan jebule, piwulang budi mau miturut Sabdo Palon ana telung macem; Budi Doremi, Budi Mirofa, Budi Solsila. Wkwwkk. Udu kuwi! Sing bener: Budi Sastra, Budi Raga, Budi Bhawana-Grha. Telung budi mau kudu dilakoni kanthi urut. Ora entuk mlumpat-lumpat, amerga rampunge sak budi lagi bisa ngancik ing budi liyane. Nek durung rampung siji, ora bakal bisa lanjut ing budi sakbanjure. Nomer siji, Budi Sastra. Iki mono unsur budi sing paling wigati amerga dadi pondasi kanggo liyane budi. Tanpa Budi Sastra, mokal bisa kaleksanan piwulang budi sing sejati. Tanpa Budi Sastra, ora ana gunane percaya panjangkane Sabdo Palon. Budi Sastra tegese kawruh lan ilmu. Klebu ngelmu agama lan ngelmu ngilmiah. Sakorane bisaa ngerti ngendi sing logis, ngendi sing prelu dipikir. Kritis nanging ora prelu skeptis. Sakmadyane. Duwe cekelan arupa kawruh lan ilmu iki penting banget, ora nggur bisa mbedakake bener lan salah nanging trep utawa ora. Kalimpadan pikir, yaiku tujuwane. Nek wis pinter limoad pikire ora ninggal sifat uga tumindak andhap asor, jembar ati segara. Kuncine nganggo 'kesadaran'. Dudu mung kesadaran fisik nanging uga kesadaran mistik. Tur ngerti wayah kapan nyelehake kesadaran fisik lan kapan ngocapake kesadaran mistik. Supaya bisa anggayuh kalimpadan pikir lan batin ing Budi Sastra ora ana cara liya sakliyane maca lan srawung. Sarana maca bisa weruh ambaning ngelmu ing donya, sarana srawung bisa urun rembug kanthi waskita. Macane dudu mung sewates maca, nanging diresepake sajroning batin, dudu malah diapalake. Srawunge ya kudu dipilah, dudu malah dipilih. Sakwise Budi Sastra sing ngglibet ing babagan pikir, ana Budi Raga, yaiku sadhar marang kasantosan ragane. Ora milara awake jalaran alesan sing ora penting kaya ta pegatan lan kagubet utang. Ben bisa uwal saka masalah, ora ana critane kudu milara sarira. Awak mau minangka modal. Awak sing bergas banjur duwe pikiran sing lantip dadi dalan kanggo nglakoni urip slamet. Awak bergas tengere dudu nganggo cara ora rokokan utawa ora ngombe. Awak bergas tengere bisa weruh karep lan watese awak. Ngerti kapan wayahe ngaso lan ngerti kapan wayahe mempeng. Nek pikirane wis lantip-waskita lan awake bergas, Budi pamungkas lagi bisa ditindakake, yaiku Budi Buwana-Grha. Buwana maknane jagad alam gumelar, gunung, kali, lan segara. Grha maknane papan sing dibangun manungsa. Saiki akeh banget Grha (bangunan) manungsa dibangun tanpa preduli uriping Buwana (alam). Wekasane banyu malih angel, tanduran padha mati, lan lemah malih atos. Mengkono kuwi jalaran anggone mbangun ora diselarasake kalawan gelaring buwana. Tur tanpa disangoni Budi Sastra lan Budi Raga. Nalika wis bisa ngerti Budi Sastra lan Budi Grha, mesthine manungsa bisa hamemangun kondange peradaban. Selaras antarane jagad lan bangunan. Tanpa angrusak siji lan sijine. Gandheng masalah iki durung rampung lan sansaya parah, tegese Budi Sastra lan Budi Raga durung kelakon kanthi pener. Dudu Malah Keraton Anyar Sakploke Sultan HB IX dhawuh menawa tahta raja kuwi kanggo rakyat, wis ora ana meneh sing arane kraton. Kajaba ujug-ujug ana pralaya gedhe banjur negara-negara ing donya ilang tanpa tilas. Pitakonane, ana ngendi terus keratone wong Jawa? Wiwit saka dhawuhe Sultan HB IX mau, kraton Jawa wis boyongan menyang ati wong Jawa dhewe-dhewe. Piwulang budi ditindakake alon-alon tanpa nguber gebyare donya lan pamer. Niyate Keraton Agung Sejagat apik-apik wae, ora ana sing salah. Nanging sing tak eman yaiku, wis entek punjul 500 tahun saka Sabdo Palon moksa, metune sumpah Sabdo Palon mung sewates guyonan?! Senadyan katon kaya guyonan, apa sing ditindakake Totok Santosa Hadiningrat patut diapresiasi. Saka sapa wong sing duwe kewanen nganti ngedegake kraton sajroning Republik Indonesia lan kuwasane ngluwihi Kraton Yogyakarta Hadiningrat? Tur, buktine dheweke bisa ngajak atusan wong kanggo gabung. Nek disawang kanthi titi meneh. Ngadege Kraton Agung Sejagat bisa minangka tandha jengkele wong cilik marang negara Indonesia, lan Indonesia kudu ati-ati mbok menawa sansaya akeh wong Jawa sing gabung kalawan Kraton Agung Sejagat. Apa meneh nek nganti duwe prajurit militer. Emane meneh, sajake Raja Anyaran kuwi raja ngapusi, amerga moroti abdi daleme.
0 Comments
Singkek, tacik, medhit, lan sakpiturute unen-unen asli wong Jawa kanggo nggambarake wong Cina utawa turunan Cina. Saka kabeh unen-unen sing metu saka lambene wong Jawa, sing paling kerep dinggo yaiku ukara ‘medhit’. Embuh ngapa, patrap irit kebangetene wong Cina ditegesi kalawan tembung ‘medhit’ dening wong Jawa.
Wis dudu barang sing katutup aling-aling meneh menawa wong Cina lan wong Jawa kuwi mbangun memitran. Wiwit saka jaman Jawa Kuno nganti Jawa sing saiki, mesthi ana sesambungan kentel antarane wong Jawa kalawan wong Cina. Dhisik, nalika jaman Tarumanegara, ana wong pinter Cina jenenge Fa Hien sing mampir ing Sumatra kanggo mutrani naskah-naskah agama Budha sakwise saka India. Wayah mampir kuwi dheweke keprungu warta lan pancen wis ngerti anane kraton ing tlatah Jawa yaiku Ye-Po-Ti utawa To-Mo-Lo. Nanging, Fa Hien durung nate ngancik tlatah Jawa, mung saka rungon-rungon wae. Sakwise Fa Hien, wong Cina wis miwit ngancik tlatah Jawa. Salah siji cerita sing rada nggegirisi yaiku ing jamane Prabu Kartanegara ana utusan saka Cina, Iki Mese, sing dikethok kupinge amerga ngakon Singasari setor lan ngakoni kalungguhane kraton Cina ing atase wewengkon Asia. Saka kedadeyan kuwi, wong Cina miwit mangkel amerga ana raja kewanen. Tur wong Jawa ora kalah gregeten amerga ana wong jaba Jawa sing wani ngakon-ngakon, cawe-cawe mardikaning Jawa. Padahal, Iki Mese mau lan juragane yaiku Kubilai Khan, dudu wong Cina, nanging wong Mongol. Embuh ngapa, wong Jawa tekan seprene ana sing ngarani nek Iki Mese utusan sing mara menyang Prabu Kartanegara dianggep padha karo wong Cina. Sakwise kedadeyan kuwi, sandiwara ngadege kraton anyar ing Jawa, yaiku Wilwatikta diwiwiti. Para wadyabala Mongol (sing dianggep Cina dening wong Jawa) arep males wirang marang Prabu Kartanegara, emane malah diapusi Raden Wijaya. Cekak cerita, Wilwatikta bisa ngadeg. Sithik akeh, ngadege Kraton kebanggaane wong Jawa kuwi bisa ngadeg awit saka cawe-cawene prajurit Mongo utawa Cina. Jajal nek ora ana kedadeyan tekane Mongol, cetha bakal angel kanggone Raden Wijaya numpas Jayakatwang ta? Dadi mangga dipun penggalih, ora ana Kraton Jawa sing pedhot gathukan kalawan Cina. Apa meneh ngelingi menawa awak dhewe bisa weruh kaya piye wujud sugihe Majapahit mangsa Hayam Wuruk kuwi saka Ma Huan. Wong Cina meneh. Dheweke nyathet kahanan swasana kuthapraja Majapahit, lan cathetane diwaca awak dhewe kanggo sumber primer sejarah Majapahit. Medhit; Urusane Dhewe Saka omong-omongane karo Mas Kusnul, salah siji sing bisa awak dhewe cekel saka patrape wong Cina yaiku sumbut. Awak dhewe ora mungkin bisa nemu iki ing wong Amerika, jalaran kala-kala Amerika apik ngarep nanging nyathek mburine. Nek Cina ora. Saka pisanan ketemu dheweke wis aweh tandha nek dheweke ora saklawase bisa apik. Mula awak dhewe bisa ngati-ati. Perkara medhite wong Cina, gelem ora gelem nampa, kuwi wis dadi hak e dheweke. Wonge sing nyambut gawe, ya sakkarepe ta kanggo ngolah playune dhuwit. Dilalahe kok dheweke dadi medhit nono wae. Luwih saka kuwi, ora ana sing masalah. Sing masalah kuwi wong Jawa seneng maido medhite wong Cina nanging emoh tandang gawe golek pangupa jiwa, karepe njagakke wae. Wong Cina wani wae tumindak medhit, lha wong ya ora kurang-kurang sejarah ing Jawa sing dadekake wong Cina minangka korban. Mula ora gumun ora patia srawung marang masyarakat, srawunge ya karo kulawargane lan komunitas Cina dhewe, kajaba wong-wong Cina sing wis rasa Jawa, yaiku wong Cina sing seje tumrap patrap wong Cina liyane. Kaya ta wong Cina ing daerah Lasem sing bisa srawung kanthi apik marang wong Jawa, nganti kabudayan ing lelorone bisa ijol-ijolan. Nanging pancen nyatane, wong sugih ing deaerah tatemtu rata-rata diduweni Cina. Apa meneh daerah Industri sing dilewati area abang. Mesthi luwih saka telu lan malah luwih saka lima pabrik sing diduweni wong Cina. Lha wong Jawane? Ya mburuh. Nguber cukuping rasa wae, ora prelu biyayakan nganti lali anak bojo kanggo nguber donya. Wayahe Obah Eling, sing arane sentimen tumrap etnis kuwi ora becik. Sentimen ora apa-apa anggere bisa didadekake kakuwatan kanggo mlangkah ing patrap sing luwih apik. Ora prelu nganti nirun medhite wong Cina, sing prelu dinut yaiku wani rekasane wong Cina. Dhek wingi kae ana sing crita, kanca kos jenenge Mas Ferdi. Dheweke crita nek duwe kenalan mahasiswa saka Cina. Mahasiswa Cina mau anggep wae jenenge Wong Fei Hung. Soal jeneng pancen fiktif, nanging soal crita nyata apa anane. Wong Fei Hung ngrampungake S1 ing Cina. Sakwise rampung kuliah S1, dheweke pengin sinau basa Indonesia kanggo nglamar gaweyan ing daerah Jawa Barat. Cilakane, dening wong tuwane malah dilebokake kuliah S2 ing Ilmu Ekonomi. Beras kebacut dadi kencur. Dheweke ora bisa sinau basa Indonesia kanthi luwih jeru supaya bisa katrima lamaran kerjane ing Jawa Barat. Mula gelem ora gelem dheweke sinau otodidak. Saben dina, dheweke ngapalake 300 kata basa Indonesia! “Wonge disiplin tenan.” Kandhane Mas Ferdi Saben dinane, uripe wis diatur dhewe miturut wektu-wektu tatemtu. Blas ora ana wektu sing dikosongi kajaba mung wektu sing suwene sejam kanggo ngaso. Turahane kanggo sinau, kanggo mangan, kanggo adus, lan kanggo turu. Ora ana jadwal jam ngopi! Wong Jawa nek pengin sugih. Pancen kudu niru wong Cina. Contone gawe agenda kaya mengkono mau. Aja mung agenda kenthu wae sing dilakoni. Tur resiko ya kuwi mau, aja golek senenge donya, ninggal ngopi, ninggal kanca, ninggal liya-liyane. Pancen regane sugih kuwi larang, dulur. Kowe gelem? Kowe sanggup kaya ngono? Sakmadya Uripe Nguber sugih pancen penting. Sapa sing ora pengin uripe sarwa cukup. Perkarane, kaya sing diwarah mau, sugih kuwi regane larang. Ora mung sugih. Supayane mukti, manungsa kudu wani nantang dalane pati. Kanggone wong Jawa, sugih donya ora nate cukup kajaba bisa sugih liyane uga. Kaya sugih kanca, sugih tresna, sugih ati, sugih agama, lan sugih liya-liyane. Nek mung sugih donya, donya banjir bakale kelelep, nek kobongan bakale dadi areng, nek ketlisut utawa dimaling akeh-akehe ora bakal bali. Sok-sok, donya kuwi marai ora jenjem urip. Sakcukupe wae olehe kecukupan. Lha wong Cina, kasugihan donya kuwi wis barang wajib kanggo Cina rantau sing adoh saka Cina. Mula nek medhit ya aja gething. Apa meneh ajaran moral-religiuse wong Cina kuwi lagi bisa diwujudake saka sarana bandha donya. Lha nek wong Jawa? Bandha donya dipasrahake marang Fengeran. Patrap sakmadyane wong Jawa sing kudu dadi cekelan nalika pancen wis mateg aji wani saingan mungsuh Cina. Dudu mungsuh nanging ‘kompetitor’. Sakmadyane iki bisa dadi gegaman sing ampuh mungguhing wong Jawa anggere saingane isih ing tlatah Jawa. Apik pakaryan, apik sesrawungan, apik pikiran, apik ing tumindak. Apa sing diarani apik dudu mesthi apik terus, nanging ngerti wayah kapan kudu wani ninggal kabecikan kanggo anggayuh kekarepan sing luwih dhuwur, sing luwih jeru. Siji-sijine kelemahane wong Cina lan negara Cina yaiku wedi kere. Amerga nek wis duwe kuwasa, sapa wae wonge, ora mung wong Cina, mesthi lali cara urip kere. Lha nek wong Jawa rak pleksibel. Arep diwenehi kere ya kudu kepiye, diwenehi sugih ya kudu kepiye. Ngono wae digawe angel. Pokoke ora prelu gething, resik ati ngadhepi owahing jaman sing tumuju perand donya katelu. Aja salah paham. Iki ora ngakon kanggo kabeh wong tuwa sakdonya supaya mulangake basa Jawa marang anak-anake. Cetha teka tembung ‘wong tuwa’ wae kuwi basa Jawa, tegese ya mung ‘berlaku’ kanggo wong tuwa masyarakat Jawa. Tak cethakake ing pambuka wae ben engko ora dadi pitakonan. Soale pitakonane ki sok-sok ora mutu. Kira-kira wis ana petang dina hapeku kebak postingan saka kanca-kanca bab foto koran sing judhule Warga Yogya Anggap Rumit Bahasa Jawa, kapacak ing Tribun Jogja. Rumangsaku kuwi berita lawas lan wis nate viral. Jebul rumangsananku bener, tak goleki meneh bab koran kuwi, jebul artikele wis tayang 28 Februari 2018 dhisik. Embuh ngapa kok di-viral-ake meneh. Apa iki konspirasi bab rencana ujian tes CPNS sing bakal ngatutake soal bahasa lan aksara Jawa? Gandheng ora duwe versi cetake, tak goleki versi digitale ing website. Untunge ketemu. Versi pepak tulisan artikel Warga Yogya Anggap Rumit Bahasa Jawa mau wis ditayangake uga ing www.bahasawan.id. Inti saka artikel kuwi laporan bab wong Yogya dhewe sing rumangsa kangelan nganggo basa Jawa. Akeh para wong tuwa, khususe ibu-ibu mung ngajarake basa Jawa sing umum wae, kaya ta muni maturnuwun, sampun, mangga pinarak. Miturut berita artikel kuwi, anak diwulangi wong tuwa kaya mengkono supaya tetep duwe unggah-ungguh. Tur ora sithik cah enom sing ngaku kangelan nyinau basa Jawa. Jarene basa Jawa kuwi ruwet, ndadak ana basa ngoko lan basa krama barang. Malah ana cah cilik, saka berita artikel, kandha nek dheweke mung bisa basa Jawa ngoko, babar blas ora bisa basa Jawa krama. Gelem Uwohe Ora Wani Pulute Perkara bab penganggo basa Jawa wis kelakon suwe. Ora mung nalika artikel kuwi kapacak taun 2018 biyen. Sakdurunge taun 2018 akeh wong Jawa sing padha sambat nek anake angel diwulang nganggo basa Jawa mulane nganggo basa Indonesia. Apa meneh, bocah-bocahe uga mesthi kangelan nyinau basa Jawa. Umpama ngomong ing konteks komunikasi antarane wong tuwa lan anak, pancen komunikasi sing luwih bisa dipahami dening kulawarga kuwi luwih penting tinimbang angen-angen nglestarekake basa ibu, salah sijine basa Jawa. Nanging, senadyan kaya mengkono. Arep dipiye-piye bab kawruh basa Jawa kuwi tetep wong tuwa sing dadi sumbere. Dadi nek anak wegah nyinau basa Jawa amerga ruwet, gedhe kemungkinane kuwi kena pengaruh wong tuwane. Sajroning artikel kuwi, bar tak uwasi tenanan, jebul ana rong perkara sing rada njelehi kanggoku minangka wong sing isih nggetih-nggetih nyinaoni Jawa. Perkara-perkara iki jane bisa wae dianggap lumrah, nanging nek dianggep lumrah ngapa aku ndadak nulis iki? Jingan. Perkara nomer siji yaiku bab unggah-ungguh Jawa. Kabeh wong ngerti nek wong Jawa kuwi bisa diarani Jawa nek ngemu tindak tata krama utawa unggah-ungguh. Emane, jaman sing wis owah iki malah nggeser kabeh rupa kabudayan Jawa dadi cilik banget, yaiku mung dadi simbol ‘unggah-ungguh’. Pancen unggah-ungguh penting, nanging prelu dielingi, wong Jawa semene akehe kuwi ora kabeh duwe watek kaya Werkudara. Werkudara dudu ora bisa nganggo basa Jawa krama nanging pancen ora gelem nganggo basa Jawa krama kajaba menyang Sang Hyang Tunggal. Tegese, aja kemaruk nirun lakuning Werkudara. Nek kabudayan Jawa wis dicilikake dadi mung sewates ‘unggah-ungguh’ terus piye nasibe unsur-unsur sing mbentuk mawujude ‘unggah-ungguh’ kuwi? Apa ya arep diklembrukake banjur ora dinggo blas kajaba mung ‘unggah-ungguhe’? Padahal unggah-ungguh bisa mawujud salah sijine saka basa Jawa. Nek dilalar, muncule ‘unggah-ungguh’ kuwi rak saka basa Jawa, apa iya awak dhewe gelem nganggo ‘unggah-ungguhe’ thok tanpa gelem nyinau basa Jawa sing dadi sarana kabentuke unggah-ungguh? Aja kaya wong Amerika, sing sakkarepe dhewe nganggoni lemahe wong Indian tapi malah mateni wong Indian. Perkara nomer loro. Kuwi artikel, cilakane kelakon ing Yogyakarta. Nek Yogyakarta wae minangka punjering kabudayan Jawa ora bisa aweh tuladha becik pamulangan basa Jawa, lha kepiye nasib dhaerah-dhaerah liyane? Isih beja Yogyakarta duwe akeh komunitas lan sanggar pasinaon basa utawa aksara Jawa. Nanging dhaerah liya ora duwe kabegjan kaya dene Yogyakarta. Mula basa Jawa ing dhaerah-dhaerah Industri utamane wis emoh nganggo basa Jawa. Wis cukup wong pemerintah pusat sing mung gelem nampa ‘sugihing Jawa’ lan minangka sarana ngentekake dana pemerintah tanpa gelem tenanan angslup ing ngupaya ngrumat budaya Jawa. Luwih saka kuwi, mesthine awak dhewe aja nganti kaya mengkono, aja dadi wong Jawa modern sing gelem uwohe nanging emoh gupak pulute. Aku ora bakal ngajaki kowe sinau basa lan budaya Jawa kanthi iming-iming nek sinau basa lan budaya Jawa kuwi gampang. Nyatane pancen angel kok. Malah dhisik nalika isih cilik, saben aku kleru omong wae langsug disamblek nganggo sapu dening wong tuwaku. Sinau basa lan budaya Jawa dudu perkara gampang utawa angel, nanging gelem apa ora. Nalika ora udan diomong nek lemahe ora berkah…
Bareng wis udan njuk banjir diomong nek lemahe diazab… Repot tenan lho jebul nek manungsa ngrasakake kepiye rasane Tuhan, mula ora usah duwe kekarepan dadi Tuhan, ra mungkin kelakon, tur saklawase ra bakal tekan mikir kaya mengkono. Saiki kurang sabar piye Tuhan? Disambati manungsa kurang ajar kanthi muni-muni tetep sabar. Ing taun anyar iki Gusti maringi ganjaran menyang awak dhewe arupa udan sing ora ana enteke, langit mbanyu mili nelesi lemah. Emane, lemah-lemah wis kebacut dibubrah mula ora bisa ngresepake banyu wekasane dadi samudra anyaran. Dhisik kae sempet panas banget, tur angel banyu, saiki Gusti wis nggeser mangsa ketiga dadi mangsa rendheng. Cilakane banyune kokean. Sik ta, banyu kokean? Tak repisi. Ora ana sing arane banyu kokean, bumi nate duwe kahanan banyu kokean nanging kuwi jamane Nabi Nuh. Sakwise banjir gedhene jaman Nabi Nuh, Gusti mesthi maringi banyu udan sakcukupe. Sok-sok ya nggulung lemah kanthi ngamberake banyu segara sing banjur marai ana pulau-pulau malih kelem. Banyu sing kokean ateges banyu sing turah-turah. Samubarang apa wae nek kesithiken kuwi ora penak, nek kokean padha wae ora penak. Kurang banyu marai garing, kokean banyu marai garing. Minangka manungsa, awak dhewe kudu kepiye ngawekani kahanan sing ora pesthi kaya mengkono? Sakjane sing diomong Pak Anis, gubernur Jakarta, kuwi pener lho. Sing jenenge udan kudune mlebu lemah, ora malah diilekake menyang segara, amerga piye-piyea butuhe banyu manungsa kuwi saka banyu lemah, dudu banyu segara. Tetembungane Pak Anis ora ana sing kleru, malah nyatane awak dhewe sing kleru. Jaman Sakdurunge Udan Kali-kali rada asat banyune. Wong-wong kanthi sakpenak udele dhewe mbuwang sampah menyang kali kareben keli, ora nganti ngregeti omah, apa meneh omah sing ciut cedhak pinggir kali. Wiwitane sampah pancen bisa kintir ngetut banyu, suwe-suwe mlumpuk banjur ngampet ilining banyu kali. Werna kali sing mung coklat malih ireng kecampur limbah barang. Kutha gedhe ora kulina nandur wit, kulinane nandur pondasi. Banyu resik lemah disedhot butuhing gedhung, marai warga ora kebagian banyu. PDAM luwih mbelani gedhung-gedhung amerga cetha gedhe dhuwite tinimbang mbelani wong cilik sing bayar PDAM wae kerep telat. Sakpinggire kutha gedhe, pabrik-pabrik diakehi, kanthi alesan ekonomi, padahal ekonomi ora mesthi kudu njagakake pabrik sing ngasilake akeh limbah lan polusi. Nalika ekonomi bisa munggah, playune dhuwit ketara cetha lan nggawa makmur warga, jebul nalika udan bandhane entek kanggo mbenakake omah sing kelelep lan tuku barang anyar sing rusak amerga kena banyu. Alas-alas dibabat, ing tlatah Jawa, alase pancen isih bisa diarani rada akeh, nanging saben taun mesthi dilongi. Wekasane banyu udan ora ana sing nahan, gesering lemah ndadekake lemah longsor. Wong cilik ra duwe pilihan meneh kajaba manut pakaryane industri sing pancen gaweyane ngentekake wit-witan ing alas. Mula dudu industrine wae sing kleru, wong cilike uga kurang bener. Tata kota ora ditata nganti prenah. Panggon-panggon resepane banyu ora dipikir jeru, angger nggawe wae ora nyawang papan ngendi wae sing bisa dadekake banjir gedhe lan sepira jerune. Durung meneh, resapane mau ing ngisore isih ketumpukan sampah sing mili saka ilining banyu omah-omah. Ing jaman sakdurunge udan utawa ing mangsa ketiga, awak dhewe orane ngawekani awak piye carane supaya ora udan nanging awak dhewe pancen wis sengaja nyepakake supaya banjir nalika teka mangsa udan. Iya apa ora? Wong drajat pemerintahan nganti wong cilik nganti aku dhewe, kabeh ora ana sing bener, kleru kabeh, sing bener mung Tuhan. Jaman Nalika Banjir Sega wis dadi karak. Arep kok dang meneh ya nganti kiamat ora bakal malih meneh dadi upa. Gelem ora gelem, tinimbang salah-salahan, tinimbang entek pikire amerga golek sapa sing salah, mendhing gegancangn tumindak cepet nylametake awak, kulawarga, lan urip pawongan akeh. Amrih piye carane ora nganti ana layon. Cilakane, ing Jakarta banjire wis marai wong seda. Kira-kira wis ana wong puluhan sing kepati amerga banjir sing rata nglelep Jakarta. Ya mugya ngamal ngibadahe ditampa dening Gusti Kang Murbeng Jagad. Saiki keri awak dhewe kudu golek cara kepiye ben ora nganti dadi korban lan kulawargane awak dhewe ora nganti dadi kurban sisan. Saben udan deres teka, titenana, PLN mesthi mateni aliran listrik. Apa sing dilakoni PLN pancen wis bener. Umpama ora dipateni, bisa-bisa malah marai konslet banjur umpama banyune munggah njero omah tumuli nyenggol colokan listrik, bisa mati kabeh engko wong ngomah. Kanggo omah-omah sing wis kecathet langganan banjir, jal dititeni munggahe banyu. Umpama banyu nyandhak sak matane sikil apa wae sing prelu diunggahake rada dhuwur, nek banyu munggah tekan dengkul apa wae sing kudu dislametake dhisik, banjur umpama banyu wis mlaku arepe tekan sak dhadha cepet-cepet barang sing miturute paling penting kaya ta surat-surat, berkas dokumen penting, panganan sing klebu awet tur bisa langsung dipangan, banyu ombe, lan raja brana sing bisa dislametake diselehake ana dhuwur omah sakngisore genteng. Supaya nglakoni kuwi kabeh bisa lancar, sansaya becik saumpama saben omah sing langganan banjir saka adoh-adoh wis cepak-cepak tangga (anda kayu) kanggo ngunggah-unggahke barang. Nek thathit pating jedher, hape aja diuripi, ndak nyaut. Bab ngabari menyang kulawarga liya lan media sosial diampet dhisik. Engko nek wis rada suda thathit lan gludhuke lagi nggawe warta. Sambatan entuk wae, nanging aja nganti sambate kanthi muni-muni. Samudra anyaran wis garising Gusti ing tlatah Jawa. Lha wong tlatah Jawa wae bisa mawujud amerga kena banjir ing jaman purba rikala semana. Wayah njagong utawa bowoh neng Wonosobo, aku mbukak hape, bar mangan nganti weteng rasane kudu mbledhos. Wayah mbukak hape, tak nggo mbukak Pesbuk. Sithik baka sithik postingan ing Pesbuk tak geser mengisor. Nalika nggeser ana postingan saka Historia.id, tak waca isine apa, eh lha kok jebul pawarta lelayune M.C Ricklefs! Olehe Historia.id posting lagi sepuluh menit kepungkur, “Tenan ora iki?!” Mengkono unine batinku.
Cepet-cepet aku mbukak browser, banjur gugling jenenge Ricklefs sapa ngerti langsung ana warta online sing luwih cetha, nyatane ora ana, “Ah, masa Historia ngepreng? Nek ngepreng kok kebangeten ta?” Aku cubriya, curiga, ora percaya nek Ricklefs ketekan pati. Cepet-cepet aku balik ing laman Pesbuk meneh, ngeklik postingan link saka Historia. Isine kok ya ‘meyakinkan’, nanging kok durung ana warta online sing sumebyar kanthi rata sajroning media-media ing Indonesia? “Ah, cukup neng masa lalu aku di preng, tur wis cukup akeh masa lalu sing digawe sakpenak udele dhewe supaya ngepreng wong sing maca. Aku emoh kena preng bab sedane Ricklefs, wong tukang nulis sejarahe Jawa sing mokal dheweke duwe niyat nulis sejarah kanggo ngepreng wong Jawa.” Wekasane, tak mantepake batinku, aku ora percaya kalawan wartane Historia sakdurunge nampa katrangan sing luwih akeh lan cukup. Telat Ngerti, Telat Maca Ricklefs dhisik uripe ana ing Inggris, dadi akademisi sing ahli sejarah Jawa. Wis akeh bukune sing ngawedhar bab sejarah Jawa. Sakliyane Jawa, Ricklefs duwe kawigaten marang sambung rapete Jawa lan agama Islam. Luwih saka kuwi, Ricklefs uga malah bisa nglalar sejarah Indonesia saka mangsa kere nganti kahanan Indonesia taun 2004 ing bukune Sejarah Indonesia Modern 1200 – 2004. Gandheng ing sawijining wektu Inggris kena masalah ekonomi, lan dana kanggo riset sejarah ing Jawa disuda, Ricklefs milih metu saka Inggris pindhah ana ing Singapura. Ing Singapura dheweke ora suwe, mung sawetara wektu, bar kuwi pindhah meneh menyang Australia. Ing Australia dheweke makarya ing Monash University lan Australian National University. Aku ngerti jeneng Ricklefs jane wis suwe, nanging lagi ndemek tur maca bukune kuwi kira-kira taun 2016. Sakdurunge ya mung ngerti saka buku-buku sing nyathut jenenge Ricklefs sajroning daftar pustaka. Sakliyane kuwi, blas ora dhong. Pisanan tulisane Ricklefs sing tak waca dhisik sakelingku yaiku buku Yogyakarta di Bawah Sultan Mangkubumi 1749 – 1792. Bukune kandel, nanging ajaibe, ora tak waca kabeh amerga mung buku nyilih. Wosing buku nyeritakake sejarah mula bukaning kraton Yogyakarta, wiwit mangsa mbalelane Mangkubumi nganti kasile bisa anggayuh karep dadi ratu ing Jawa. Saka maca buku kuwi, aku dadi weruh menawa kraton-kraton Jawa kuwi wis duwe pakulinan padu karepe dhewe, tur ora sithik sing amerga perkara sepele. Anane VOC ora minangka tukang gawe crah antarane ratu-ratu ing Jawa, nyatane tanpa anane VOC para ratu ing tlatah Jawa wis pengin menang karepe dhewe nganti tegel paten pinaten sanak kadang. Posisine VOC sing sakjane mung bakul, amerga duwe gaman lan wadyabala sing gedhe dhuwur, munggah drajat dadi wasite para ratu Jawa sing lagi padu. Jenenge wae wasit cap bakul, ora masalah ta golek bathi saka crah bubrahe nagara Jawa? Tulisan-tulisane Ricklefs bisa mawujudake angen-angen njero sirah bab kahanane Jawa tatanan lama ing jaman semono. Saben sumber sing dinggo ing tulisan mesthi dibandingake kalawan sumber liya supaya ketemu cocoge. Saben panemune uga ora dibenke ngadeg dhewe, malah ditandhingake mungsuh panemu sing beda kanthi ora nrayak budi. Para maca wekasane bisa milih percaya apa ora wosing tulisane, Ricklefs blas ora aweh tulisan sing sipate doktrinisasi. Sakliyane sejarah, Ricklefs uga sempet dadi editor kanggo katalog naskah sing lumrahe dicekel wong-wong filologi. Gandheng, paling, Ricklefs wis suwe ngerti kaya kepiye Jawa kuwi, mula diwenehi jejibahan dadi editor buku katalog naskah manuskrip Nusantara mau. Sakumpama, amit-amit, aku ora ngerti blas tulisane Ricklefs, cetha aku bakal ora sadar nek akeh wewulang ing buku sekolah, tulisan ing blog utawa website sing mbahas bab sejarah Jawa kuwi saka karyane Ricklefs. Gelem nampa apa ora, Ricklefs wis dudu wong liya meneh, dudu wong asing sing sinau Jawa, nanging pancen wis dadi perangane wong Jawa dhewe. Sakliyane Ricklefs, isih akeh banget para wong njaba Jawa sing tansah setya nyinaoni, neliti kabudayan Jawa kanthi karep supaya wong Jawa bisa luwih ngerti awake dhewe. Jawa sing Ruwet Miturut Ricklefs ing Sejarah Indonesia Modern 1200 – 1400, wong Jawa lan cetha budaya Jawa kuwi ruwete ora umum. Angel banget dimaknani. Jalarane yaiku amerga pakulinan ‘ngoplos budaya’ne wong Jawa. Dadi prasasat, wong Jawa kuwi akeh isine. Saben tumindak, adat, lan cara mikire mesthi kisenan akeh wujud kabudayan. Dadi ora murni Jawa, sajroning cara mikire wong Jawa wae bisa dititik sipat sing kegawa saka mangsa Jawa kuno nganti mangsa Jawa modern. Kanggo ngudari kabudayan Jawa kanthi utuh gelem ora gelem kudu nglalar cathetan saka jaman dhisik nganti jaman saiki, ana apa wae ing saben jaman, kaya piye kahanane pemerintahan ing saben jaman. Ricklefs mung duwe jejibahan nglalar sejarahe Jawa sing kecampur mistik, dadi durung klebu petungan aspek filosofise Jawa. Bab ruwete warna budaya Jawa sing diwedhar dening Ricklefs ketara banget ing bukune sing Mystic Synthesis in Java; A History of Islamization from the Fourteenth to the Early Nineteenth Century. Sajroning buku kuwi Ricklefs ngonceki wujud Islam Jawa nganti wutah-wutah nek diwaca, amerga saking akehe pengaruh sajroning uripe Islam Jawa. Senadyan Islam, wong Jawa diomong ora bisa ucul saka tilasane panemu para leluhur ing jaman dhisik, utamane leluhur saka jaman Hindhu-Budha, mengkono kandhane Ricklefs. Jebul Tenanan Sakwise ngenteni sawetara wektu, ujug-ujug aku percaya marang wartane lelayune Historia. Embuh kena ngapa, ora sranta ngenteni warta liya, postingane Historia tak skrinsut banjur tak gawe story. Batinku, umpama ora pener engko mesthi ana sing ngelikke banjur tak busak. Warta bab sedane Ricklefs pancen ora banter. Embuh ngapa kok ngono, kamangka dheweke wis paring kawruh sejarah ing Indonesia, utamane Jawa kanggo wong Jawa dhewe sing males ngerteni sejarahe dhewe kajaba sejarah sing mambu mistik. Nanging saka siji loro postingan warta sakliyane Historia, wis metu baka sithik bab sedane Ricklefs. Mula tak pestekake, M.C. Ricklefs wis sowan marak ngarsane Gusti! Nalika aweh bebuka kanggo buku ambal warsane Peter Carey, Ricklefs nulis kaya ngene, “Sapa aku, saka ngendi aku, lan arep menyang ngendi aku? Kuwi pitakonan sing kudu diwangsuli wong Jawa kanthi soran lan ora mingkuh, umpama wong Jawa bisa nyemauwi pitakonan telu mau, tegese kuwajibanku minangka ahli sejarah Jawa ora siya-siya.” Kesenian mesthi dadi sarana paling luwes kanggo nyiarake legitimasi kakuwasaan, agama, kabecikan, propaganda politik, lan sakpiturute. Apa meneh kesenian wayang, tilas lakuning sejarah wayang wis aweh ngerti tumrap awak dhewe yen wayang dudu mung sewates kesenian, nanging uga alat kanggo anggayuh kekarepan pribadhi lan mawujudake karaharjan satengahing urip bebarengan.
Yen nyawang sejarahe wayang, bakal akeh babagan sing marai awak dhewe rumangsa ora ketekan pikir. Kaya ta, sapa sing ngira yen lakon Semar mBangun Kahyangan kuwi kasil rembugane Soeharto kalawan para dhalang ing taun 1995 kanggo nglanggengake kakuwasaan, lan Soeharto dhewe nganggep dheweke minangka ‘Semar’. Sakliyane kuwi, kena ngapa Sunan Kalijaga sing duwe mitos pangripta wayang kulit wujud saiki ora diarani ‘dhalang Kalijaga’? Bab rong perkara iki suk bakal ana bahasane dhewe. Saiki, sing dadi kanyatan yaiku wayang bisa manjing ing sekabehaning papan lan kahanan. Utamane ing babagan sarana nyebarake agama. Tekan seprene wayang mesthi diidentikanminangka sarana dakwah Islam. Jebul, kuwi kleru, wayang ora sewates sarana dakwah kanggo Islam nanging kabeh agama, salah sijine agama Nasrani khususe Katolik. Taun 1950’an, wayang wahyu dianggit dening Bruder L Timotius Wignyosubroto sakwise nonton wayang ing Surakarta sing didhalangi Ki Atmowijono. Dilalahe ing wektu kuwi Ki Atmowijono lagi nglakonake wayang purwa nanging wosing crita dijupuk saka Kitab Suci Injil. Awit saka kuwi, Bruder L Timotius Wignyosubroto kepikiran kanggo nggawe wujud wayang dhewe sing luwih nyrempet wujuding para tokoh ing Kitab Suci. Banjur ing tanggal 02 Februari 1960, ana pagelaran wayang kaping pisanan sing wayang-wayange nganggo kasil garapane Bruder L Timotius Wignyosubroto. Mula tanggal 02 Februari dianggep minangka wanci laire Wayang Wahyu. Lakon wayang sing dimainake murni jupuk saka Kitab Suci Injil. Sakrumpunge ana pagelaran Wayang Wahyu kaping pisanan sing dianakake dening Bruder L Timotius Wignyosubroto, akeh para pepundhening agama padha seneng, amerga ana sarana ngrumat agama Katolik kanthi cara sing luwih bisa cedhak mring masyarakat. Sithik baka sithik akeh pepundhening agama Katolik nggawe wewujudan Wayang Wahyu versine dhewe-dhewe. Salah siji Pastor sing ngrembakakake wujud Wayang Wahyu yaiku FX Wiyono sing ngabdi ing Gereja Hati Kudus Tuhan Yesus, Paroki Pugeran, Yogyakarta. Nanging FX Wiyono nggawe wujuding Wayang Wahyu, sing sakdurunge digawe Bruder L Timotius Wignyosubroto kanthi niru plek wujuding patung Yesus, dadi rada duwe wewujudan kaya wayang purwa gaya Surakarta. Dadi wayang anggitane FX Wiyono niru anatomi wayang purwa gaya Surakarta. Tangane, sikile, lan gambaring awak pewayangan mirip banget kalawan wujud wayang purwa gaya Surakarta. Kedadeyan kaya mengkene emane ora patia digagas dening para sutresna wayang, padahal kedadeyan iki wis klebu sejarah wayang sing ora bisa disepelekake. Gabriel Mungsuh Lucifer Senadyan wujuding Wayang Wahyu mirip wayang purwa gaya Surakarta, nanging jeneng-jeneng wayange tetep digawe padha kaya tokoh-tokoh sajroning Kitab Suci Injil, kaya ta Maria, Yesus, Yusuf, Gabriel, Lucifer, tentara Roma, lan sakpiturute. Uga setting critane digawe kaya ing panggon laire Yesus tur panggon dakwahe Yesus nalika isih urip ing Timur Tengah kana. Lakon sing klebu muncul paling pisanan yaiku lakon Allah Sang Putra Manjalma anggitane FX. Wiyono. Critane mubeng ing bab kelairane Yesus ing Bathelehem lan gonjang-ganjing para tokohe. Rong tokoh sentral sing diunggulake yaiku Malaiekat Gabriel lan Lucifer. Cekake kaya mangkene. Dadi ing sawijining wektu, Malaekat Gabriel nekani Maria banjur aweh warta menawa Maria bakal ngandhut bayi kanthi idi saka Fengeran, lan bayi kuwi bakal dadi Gusti ing alam donya sing mimpin manungsa supaya duwe kabecikan. Keprungu warta kuwi, Maria bungah banget, dheweke ora nyana bakal nampa dawuh saka Gusti. Dilalahe, Maria wis duwe tunangan sing jenenge Yusuf. Dening Malaekat Gabriel, tunangane Maria sing jenenge Yusuf mau uga diimpeni menawa tunangane bakal ngandhut putrane Gusti. Yusuf cetha melu bungah, calone entuk kanugrahan jati. Cilakane, Yusuf sempet diparani Lucifer lan diomongi dening Lucifer menawa ngandhute Maria mau ateges Maria wis tumindak ora pener, kasarane selingkuh. Untunge, Yusuf duweni iman sing kandel lan ora gampang percaya marang wartane Lucifer. Nalika isih manas-manasi Yusuf, dumadakan Malaekat Gabriel metu banjur ngantemi Lucifer. Saka tumindake Gabriel mau, Yusuf bisa bali anteng meneh batine. Apese meneh, Kaisar Augustus jebul entuk wangsit saka para pambisik ghaibe menawa bakal ana bayi lanang lair sing bakal nyirnakake kuwasaning Roma. Tanpa ngenteni wektu suwe meneh, Kaisar Augustus ngakon para wadyabala Roma kanggo nyatheti bayi lanang sing lagi lair, banjur saka kunu wadyabala Roma uga disangoni tetenger bayi sing ngancam Roma. Mbok menawa ketemu, Kaisar Agustus mrentah supaya bayi mau dipateni ana nggon. Yusuf lan Maria mlayu golek slamet saka oyakane wadyabalane Augustus. Papan sing dituju yaiku Bethelehem amerga dikira papan sing paling aman kanggo nglairake jabang bayi suci. Ing Bethelehen kuwi Yesus wekasane bisa lair kanthi slamet, senadyan wis dirubut dening wadyabalane Augustus. Wayang Wahyu Tandha Jawa Tulisan iki bisa metu awit saka omong-omongan karo sing jenenge Anggita Eva, dheweke duwe karya tulis sing ngangkat Wayang Wahyu. Sajroning wayah jagongan, Anggita sempet ngomong menawa kahanan Wayang Wahyu wis arang banget digelar, umpama digelar biyasane ngenteni pengetan tatemtu. “Saiki sapa sing arep nanggap?” Kira-kira kaya mengkono pitakone Anggita. Umpama dipikir nganggo nalar waras, sapa wae bisa nanggap Wayang Wahyu. Tur, Wayang Wahyu rak ora klebu salah siji ritus Katolik saklek ta? Dadi kabeh wong sapa wae wonge mesthine bisa sakwayah-wayah nanggap Wayang Wahyu. Emane, awak dhewe minangka wong Jawa, wis kebacut cupet pikire. Kebacut pilah-pilih yen apa wae keseniane yen bisa kudu ngemu piwulang agama tatemtu, utamane agama sing dianut, dudu malah wosing ngelmu kamanungsan. Mbok menawa ana Wayang Wahyu digelar satengahing masyarakat umum, mesthi engko lhak ana sing muni-muni ‘kristenisasi’. Ngene iki rak wis tandha cupet pikir ta? Yen diwawas saka wujuding Wayang Wahyu minangka kesenian Jawa, sakjane ora dadi ngapa Wayang Wahyu dipentasake ing panggon njabane lingkungan Katolik. Muncule Wayang Wahyu rak dadi tandha menawa Jawa kuwi ora diduweni dening agama tatemtu. Kaya sing wis diomong ing tulisan sakdurunge ing Toleransi Sok Kemeton-Sok Kemlebon, wong Jawa ki kudune nganggo dhasar akal dheweke minangka wong Jawa sing bisa nampa lan toleran marang kabeh wewujudan dakwah agama apa wae. Utamane Wayang Wahyu sing senadyan critane dijupuk saka Kitab Suci nanging wis dibungkus kanthi Jawa banget. Redaksi Jawasastra Mugya Gusti paring rahayu nir sambikala kanggo rencana Pemda DIY lan DPRD DIY sing arepe nglebokake basa lan aksara Jawa minangka salah siji syarat lolos tes CPNS ing Yogyakarta. Pancen isih dirembug, dadi durung bisa kelakon ing taun 2019 iki. Nanging miturut Ketua Komisi D DPRD DIY, rencana kuwi diupaya supaya rampung ing pungkasan 2019, dadi taun 2020 wis bisa kelakon. Ora mung kanggo tes mlebu PNS, basa uga aksara Jawa jebul bakal didadekake piranti kanggo pepake syarat munggah pangkat.
Sajake panemu iki ana gandheng rentenge kalawan Program Restorasi Sosial Gerbang Praja (Gerakan Bangga Berbahasa dan Beraksara Jawa) sing diwiwiti Dinas Sosial DIY. Amerga ing taun 2019 iki, Dinas Sosial DIY kanthi disengkuyung para pamomong aksara Jawa ing Yogyakarta lagi banter-bantere kampanye. Miturut Bawol, ketuane sanggar pasinaon aksara Jawa Sega Jabung, rencana iki wis ana ing angen-angen panjangkane Pak Amrih. Anane rencana iki cetha dadi angin seger kahanan kabudayan Jawa ing mangsa modern. Sakorane basa daerah, Jawa, bisa duweni prestige sing padha kaya basa Indonesia, lan ora mokal menawa sakdrajat karo panganggone basa Inggris ing mangsa suk mben. Problem Basa Daerah (Jawa) Sesanti sing muni utamakan bahasa Indonesia, lestarikan bahasa daerah, kuasai bahasa Inggris pancen kudu diowahi. Tembung utamakan kok sajak beda banget karo tembung lestari. Kanthi tembung utama sing tumemplek ing basa Indonesia, ora ana alesan sing luwih kuwat tinimbang ‘lestari’ supaya basa daerah tetep dituturake. Anane tembung utama, lestari, lan kuasai nduduhake tingkat prestige sing ora selaras. Aluwung tembung utama lan lestari diilangi wae, tur urut-urutane digawe miturut tingkat cedhake basa, dadine bisa kuasai bahasa daerah, bahasa Indonesia, dan bahasa Inggris. Kareben ora ana meneh itung-itungan kudu dhisikake sinau basa sing ngendi. Cethane, lan ora bisa ditolak, jenenge wong mesthi tepung marang basa ibune dhisik, banjur saka pangertene bab nasionalisme Indonesia mula sinau basa Indonesia, lan ing wekasane sinau basa Inggris kanggo sarana komunikasi internasional. Sahid Teguh Widodo, minangka pakar basa Jawa saka Institut Javanologi UNS aweh panemu marang rancangan Draf Raperda Inisiatif DPRD DIY tentang pelestarian huruf dan bahasa Jawa. Yaiku ing pasal 4 ayat 2 sing munine, “Bahasa Jawa sebagai bahasa resmi daerah sebagaimana dimaksud pada ayat 1 sebagai pelengkap tidak mengesampingkan bahasa Indonesia sebagai bahasa resmi dan bahasa nasional.” Panjenenganipun matur menawa tembung ing pasal 4 ayat 2 kuwi kurang kepenak. Sing luwih trep, miturut Sahid ngene iki, “bahasa Jawa sebagai bahasa resmi daerah sebagaimana dimaksud pada ayat 1 sebagai bahasa pelengkap dan tetap menjunjung tinggi kedudukan bahasa Indonesia sebagai bahasa resmi dan bahasa nasional.” Tembung mengesampingkan kaya sing katulis ing draf pancen rada ngemu masalah amerga katon luwih ngunggulake basa Jawa, mula Prof Sahid aweh saran kaya mengkono. Perkarane, Prof Sahid kanthi tembung menjunjung tinggi uga dudu alternatif sing paling trep, malah tibane dadi ngunggulake basa Indonesia. Saya meneh, tembung bahasa resmi daerah uga rada wagu jan-jane, buktine basa derah Jawa mung kanggo sedina-dina, ora dadi basa tukar kawruh ing pawiyatan. Luwih nemen meneh, kok ya posisine basa daerah kuwi sewates ‘pelengkap’? Coba nek diganti ngene, “Bahasa Jawa sebagai bahasa resmi daerah sebagaimana dimaksud pada ayat 1 disikapi dan diamalkan secara setara sebagaimana kedudukan bahasa Indonesia sebagai bahasa resmi dan bahasa nasional.” Kuwi mung saran, kene iki dudu cah hukum je. Wkwkwk. Mas Mufid, salah siji ustad pesantren ing Yogyakarta, nate ngoncatake panemu menawa wong Jawa kuwi wangsa sing duwe kalimpadan bab basa lan kulina ngadhepi reribeding basa. Contone, bisa disawang saka basa Jawa dhewe sing ndadak diperang dadi telung tingkat tutur, ngoko, madya, lan krama. Awit saka kuwi, ora ana klerune rancangan tes CPNS sing nganggo basa Jawa lan aksara Jawa kudu disengkuyung. Cepak-Cepak Satengahing para pamomong basa lan aksara Jawa, udur-uduran bab basa Jawa uga aksara Jawa paten tansah anget saben taun. Ora wurung bisa nganti padha salah-salahan. Nek ujare Kang Galih, sejarawan lan filolog, udur-uduran bab basa Jawa lan aksara Jawa sejatine bisa rampung kanthi sarana nambahi wawasan saben-saben pawongan Jawane. Utamane, nggedhekake rasa pangerten tinimbang angger ngelerokake. Warta tes CPNS ing Yogyakarta sing diiseni basa lan aksara Jawa pancen apik tur kudu dijunjung supaya kelakon. Nanging, rencana kuwi mesthine kudu nyawijikake panemu sing beda bab basa lan aksara Jawa. Mokal rencana kuwi kelakon menawa durung ana tembung sarujuk saka saben-saben panemu. Salah siji kahanan sing katon yaiku nalika ana kelompok sing kulina tata cara nulis aksara Jawa KBJ banjur nyalahake seratan sing nganggo tata tulis cara aksara Jawa Mardikawi. Tegese ana rong pilihan, milih salah siji tata tulis utawa nglebokake kabeh sajroning tes CPNS? Sakdurunge rencana tes CPNS kanthi nglebokake basa lan aksara Jawa kelakon, kudu kerep-kerep nggawe sosialisasi sarana daring uga luring bab wujuding basa Jawa sing ditulis latin lan tata tulis basa Jawa aksara Jawa. Utamane kanggo para mudha-mudhi sing lagi gandrung PNS ben ora kecelik. Nek prelu nggawe kisi-kisi soale barang. Ngelingi ora sethithik para mudha-mudhi sing sambatan amerga dheweke babar blas ora bisa basa Jawa lan aksara Jawa, anane rencana iki bisa mbukak dalan kanggo ngrembakane paguyuban-paguyuban ajar basa lan aksara Jawa ing Yogyakarta. Drajat PNS sing wis dadi standar paling ideal ‘calon mantu’ tamtune cocog digawe tumpakan ngrembuyunge basa lan aksara Jawa sing wiwit ditinggal cah enom. Ora prelu nguwatirake tes CPNS ing Yogyakarta sing nganggo basa lan aksara Jawa. Anggere cah enom Yogyakarta isih kerep omong-omongan nganggo basa Jawa ngoko, bakal ora ana masalah. Apa meneh ing Yogyakarta ana rong universitas gedhe sing siyap siyaga dadi wadah tukar kawruh basa lan aksara Jawa kanthi laku nonformal. Tuladha Saka Yogyakarta Cara ngrumat basa lan aksara Jawa sing ditawakake Pemda lan DPRD DIY bisa digawe tuladha sing trep, amerga diselarasake marang munggahing tren pakaryan PNS. Gandheng basa Jawa ora mung dituturake ing Yogyakarta, nanging uga ing Jawa Tengah lan Jawa Timur, kudune rencana kuwi bisa kelakon ing telung provinsi penutur basa Jawa kanthi rata. Umpama kelakon ing telung provinsi, rencana kuwi cetha bakal nampa akeh tantangan. Untung wae Dinas Sosial DIY wani tumindak roda peksa bab basa lan aksara Jawa saengga provinsi Yogyakarta bisa duwe rencana visioner kaya mengkono. Keri ngenteni Jawa Timur lan Jawa Tengah. Bisa gawe titenan wae, anggere Jawa Timur lan Jawa Tengah nerapake regulasi sing padha Yogyakarta ora mokal kabudayan Jawa bakal bali kuncara. Ngadhepi pejabat lan masyarakat Jawa Tengah lan Jawa Timur sing akeh-akehe urip minangka masyarakat industri sajak pancen angel. Butuhing materi dianggep luwih utama tinimbang tumandang gawe ngrumat kabudayane. Mengkono kuwi dudu alangan, nanging keri piye awak dhewe nawakake ‘rega’ jati diri Jawa. Strategine yaiku nyelehake kabudayan dadi salah siji kabutuhan materi. |
Arsip |