Sapa ta sing pengin ngrasakake jaman perang? Saka buku sekolah nganti buku teori wis cetha nek perang kuwi ora penak. Akeh wong paten-pinaten, bathang manungsa dicucuki dares, banyu kali malih abang amerga dinggo mbuwang getih, rasane ati tansah was-was tur waspada.
Apa tenan kaya mengkono? Apa aku nate nglakoni? Ya ora lah. Aku mung jajal melu ngrasakake apa sing katulis sajroning buku. Bab perang, Indonesia khususe Jawa kuwi wong-wongane wis suwe nyelehake gaman. Kahanan pungkasan sing paling medeni banjur dirasakake ya sewates nalika jamane Pak Soeharto. Kuwi wae antarane wong Jawa mungsuh wong Jawa, ora nganti dicampuri akeh dening wong manca. Mula nek ditakoni bab ‘sapa bangsa sing paling manja?’ ora ana wangsulan liya kajaba wangsane wong Jawa. Dhisik, miturute Mas Galih, ing jaman sakdurunge Geger Sepoy, wong Jawa kuwi kumalungkung. Kemaki tenan marang wangsa liya. Tur kendele ora aturan. Contone nganggep basa Melayu kuwi basa sing ora pantes dinggo omong-omongan dening wong Jawa, padahal ing Melayu ora ana aturan nglarang wong Melayu dhewe kanggo ngomong basa Jawa. Conto liyane yaiku drajat ukum sing beda kanggo wong Tionghoa, nganti ana kedadeyan pecahe Geger Pecinan barang. Umpama kraton Surakarta lan Yogyakarta minangka tedhak turune wangsa Mataram kuwi pancen bisa dadi gambar wutuh wujuding wong Jawa ing abad 17 nganti 18 Masehi, bakal katon wela-wela menawa marang Portugis, VOC, lan nganti Inggris, blas ora diwedeni dening wong Jawa. Isih kelingan ta, saka cathetane Peter Carey, kendele Sultan HB II nantang Inggris? Tur isih kelingan uga ta wacanane De Graff sing aweh warta bab ngluruge wadyabala Demak menyang Melayu kanggo ngusir Portugis? Utawa sing bar wae digawe film yaiku wanine Sultan Agung marani lemah kuwasaning VOC ing Jayakarta? Guru SMA ku dhisik kerep kandha marang bocah-bocah sing seneng gelut kaya ngene, “nek koen seneng gelut koen salah lair, mesthine laira nang jaman Majapahit biyen.” Tembunge guruku kuwi tansah tak eling-eling tekan seprene. Pancen ing mangsa dhisik, wong bisa diregani kuwi mung saka rong cara; siji trah rembesing madu, loro pinter gelut. Jaman semana, nggo apa sinau dhuwur-dhuwur? Bisa menangan nalika gelut wae umpama diselarasake marang jaman saiki padha kaya wis entuk beasiswa kuliah menyang mancanegara. Mas Galih uga nambahi meneh, saka anggonge ngematake serat-serat kraton, nek dhisek sakdurunge kedadeyan Geger Sepoy lan Kraton Yogyakarta dilebur dening Inggris, ora ana sastra Jawa sing ngajak supaya tansah trima garising Gusti, ‘eling tur waspada’, utawa tansah ngapiki jroning pribadhi. Nanging, sakwise kedadeyan geger Sepoy, para pujangga kraton miwit dadi melankolis lan mesthi aweh piwulang becik. Pratandha apa jal ngono kuwi? Asore wong Jawa? Perang Donya III lan Alesan Nasionalisme Perang jaman biyen karo jaman saiki padha medenine. Padahal sing perang para tentara nanging para rakyat tetep wae kecandhak kecangking kanthi alesan nasionalisme. Minangka wong cilik, ya ora duwe pilihan meneh. Penak sing duwe kalungguhan dhuwur, bisa ngayemake awake dhewe lan kulawargane, ora preduli bathang-bathang tumumpuk ing palagan. Sakploke Amerika ngebom Iran nganti Jendral Revolusine Iran mati, negara-negara sakdonya miwit was-was, cepak-cepak. Durung meneh ing Indonesia dhewe, arep ana geseh karo Cina bab royokan Pulau Natuna. Maca warta-warta kuwi prasasat perang donya ketelu wis bakal kelakon sesok wae. Untunge Indonesia isih setya dadi negara non-blok. Dadi mesthine merembete perang donya ketelu tekan Indonesia bisa diadhang kanthi rada suwe, kajaba ana rembugan presiden sing malah beda marang brayat, yaiku ujug-ujug mbela salah siji negara. Nek nganti presiden wis ngucap mihak kana utawa kene, ora wurung perang donya ketelu bakal cepat tekan ing Indonesia khususe Jawa. Arep ngancik ngendi dhisik jal prajurit manca? Lha wong punjering Indonesia ya neng Jawa. Sakumpama, iki mung sakumpama wae lho karepku ya aja nganti kelakon, perang donya ketelu mrembet tekan tlatah Jawa tanpa nunggu wektu sing luwih suwe, blas aku ora bakal melu perang kanthi alesan Nasionalisme utawa cinta tanah air Indonesia. Tandhaning Ayem Pengayoman Ora, aku ora bakal melu perang, apa meneh melu perang kanthi alesan Nasionalisme. Kanggo apa jal? Saiki wujude Nasionalisme kuwi mawujud kanthi tumindak sing kepiye? Hormat bendera? Duwe KTP? Bayar BPKB? Bayar BPJS? Bayar gawe SIM? Lan tumindak bayar sing liya-liyane? Amerga sok-sok kanthi alesan Nasionalisme, wong-wong pemerintah kuwi nyetir lakune wong cilik. Kandhane wong pangkat dhuwur supaya ngajak wong cilik melu perang bakal ngene iki, “awak dhewe lair ing lemah Indonesia, ngombe banyune Indonesia, ngising-nguyuh neng bumi Indonesia, ambegan ing angine Indonesia. Mula pantes Indonesia kudu dibelani!” Ngapurane wae, dudu cilik kewanen, nanging iki mung panemu sing nyata apa anane lan paling tulus diduweni kabeh manungsa. Sakdurunge tak jlentrehake alesan apa sing bakal tak nggo, jal dipikir bareng alesan kelakone perang ing Jawa jaman semana, apa jalaran rasa Nasionalisme utawa ana motif liyane sing luwih pribadhi. Tak jupukake saka rong conto wae, yaiku Perang Diponegara lan Perang Bubat. Sajake saka rong conto iki bisa didadekake pola tumrap perang-perang liyane. Kelakone Perang Diponegara miturut cathetan sejarah rak amerga patrap kurang ajare wong Landa sing mindhah wagit garis lemahe Dipanegara ta? Tur ketambahan rasa jengkele Pangeran Dipanegara marang wong njero Kraton Yogyakarta sing miturute dheweke wis bosok kabeh. Mula tanpa ngenteni rembug ora guna, Pangeran Dipanegara milih dalan perang kanthi jupuk jejuluk Erucakra. Saka jejuluk kuwi banjur akeh wong Jawa sing gelem melu perang, apa meneh entuk pengayoman saka Pangeran Dipanegara sing nyatane duwe garis getih biru. Nalika Perang Dipanegara rampung, akeh wong mati. Pangeran Dipanegara dhewe dibuwang menyang jabane pulau Jawa tekan patine teka. Saka akehe wong mati mau, bisa awak dhewe delok menawa pancen akeh sebab kanggo pecahe perang Jawa, nanging sing nyata ana bukti cathetane yaiku rasa ora trimane Pangeran Diponegara. Ora ana cathetan ‘Nasionalisme’ kanggo perang Jawa, sing ana amerga Pangeran Dipanegara pengin mbalekake tatanane kraton Jawa sing bener. Umpama kelakon, rak sing munggah dadi punjering pujaning brayat ora liya Pangeran Dipanegara dhewe ta? Nanging kok wong-wong cilik nganti gelem melu perang tumekaning pati? Sakliyane Perang Jawa, ana meneh Perang Bubat, perang sing konon marai wong Sunda lan wong Jawa angel nyawiji lan omah-omah bebarengan. Akeh korban mati saka kedadeyan perang Bubat mau, kowe ngerti amerga apa? Mung amerga urusan tresna antarane Prabu Hayam Wuruk marang Dyah Pitaloka sing cilakane dimanfaatake dening Gadjah Mada kanggo ngenteki kuwasaning Sunda. Saka rong crita kuwi wae wis ketara ta, ora sethithik wong cilik sing ‘kepeksa’ melu perang. Pitakonane, kena ngapa kok nganti gelem melu perang, nganti ninggal panguripane anak bojo barang kanggo alesan ‘personal’ tokoh-tokoh sejarah? Wangsulane yaiku, pengayoman! Nasionalisme Salah Pengayoman Wiwit jaman dhisik, wong Jawa bakal mbelani tekaning pati wong-wong sing paring pangayoman marang dheweke. Prasasat kaya Prabu Basukarna, senadyan dheweke ngerti nek mbelani wong ala, nanging amerga wis diparingi pangayoman dening Duryudana, gelem ora gelem ya kudu anut marang Kurawa. Emane, Nasionalisme wis digeser dening pemerintah Indonesia dhewe, maknane dicilikake dadi mung sewates wajib bayar ngene-ngono lan tampa pasrah mundhake rega, kanthi alesan dhuwite engko kanggo ngatomi wong Indonesia kabeh. Apa iya kaya mengkono? Sakjane ora dadi ngapa rega-rega diundhakake, nanging ya kudu sumbut mring pelayanane ben tuwuh rasa Nasionalisme sing nyata anane. Saiki nek wong sing kena gusuran pemerintah cetha duwe pikiran, “kanggo apa mbelani Indonesia sing lagi perang donya ketelu? Indonesia kuwi manjing ing omahku sing digusur biyen, gandheng wis kena gusuran ora ana meneh sing jenenge Nasionalisme miturutku” Tumindak sakwiyah-wiyahe pejabat negara sing rumangsa duwe kuwasa banjur milara batine wong cilik bakal dadi dalan kanggo bubare negara Indonesia. Ora kleru ta menawa duwe pikiran, ”kanggo apa mbelani negara sing ora nate ngayomi aku?” Mula saka kuwi, tembunge Lincoln bab bukan apa yang bisa diberikan negara padamu tapi apa yang bisa kamu berikan untuk negara kuwi kleru pol. Negara butuh rakyat, rakyat butuh negara, nek negara wis ora duwe rasa ngayomi, negara aja arep-arep diewangi rakyat. Nek tenanan Perang Donya Ketelu kelakon banjur tekan ngarep omahku, dudu Indonesia sing tak gawe alesan melu perang, nanging keluargaku, sanak kadangku, kenangan sing ana ing desa omahku, lan wong-wong cedhak kanggoku.
0 Comments
Saiki wis arang banget, malah wis kepetung ora ana, wong sing wegah nonton wayang.
Tengah wengi, warung angkringane Pac Man ora malah sepi nanging sansaya rame. Wong-wong tuwa padha teka sakwise nguculi kelonan bojone. Ganti cah enom-enom sing baka siji padha lunga saka warung. Pancen wis rada suwe cah-cah enom jagongan ana ing warung, kepenak wifian nganti pirang-pirang jam senadyan pesene mung wedang teh siji. Tipi sing cumenthel ing ndhuwure kulkas ket bar Maghrib tekan jam sewelas nyetel video klip Balungan Kere, Kartonyono Ninggal Janji, lan tembang Jawa anyaran sing lagi ngehit. Cetha sing nyetel cah-cah enom. Gandheng wis tengah wengi, lan wis cukup suwe nyetel musikan, Pac Man mindah siyaran mau. Cah-cah enom tumuli sambat, nggersula, amerga Pac Man mindah dadi siyaran strimingan wayang. “Gantian cah, ana strimingan Seno, je. Kae bapak-bapak wis dha siyap.” Kandhane Pac Man sinambi cekikikan. Pancen bener, warung angkringan sing lumayan jembar tur ana pasilitas wifine Pac Man wis dikebaki bapak-bapak lan mbah-mbah. Wis padha siyap nonton strimingan wayangane Seno. Kahanan sing kelakon ing angkringane Pac Man pancen gayeng banget. Dhek biyen nek nonton wayang wae njagakake wara-wara gethuk tular lan olehe mangkat mesthi bareng-bareng mlaku utawa ngepit. Saiki, wis cukup nyambung wifi, nonton strimingan wayang. Ora prelu kelayapan turut dalan mung kanggo golek tontonan wayang. Saka tipi sing nyetel strimingan wayang ing angkringane Pac Man, jebul penontone Ki Seno via Youtube nganti ewonan! Edan, kurang luwih antarane 20.000 nganti 60.000 penonton live e Ki Seno ing channel Dalang Seno. Kuwi wae nek ditambah karo sing padha nonton ing lokasi totale bisa luwih akeh meneh, durung meneh sing ngrungokake saka radio, lan saka channel Youtbe liya sing padha nyiarake live e Seno nanging dudu channel resmine Seno sakkanca. Umpamane ana pagelaran tontonan wayangan massal sing digawe gedhen, kanthi petang sisi proyektor layar, banjur digelar ana ing Stadion Maguwaharjo, mesthi tribune Stadion Maguwoharjo ora cukup. Keturutan ana sisan sing padha sangu klasa lan koran saka ngomah kanggo klesetan ing lemah lapangan. Kedadeyan ing angkringane Pac Man sing nyetel wayangan banjur dikrubut wong desa mau dadi tandha menawa ing papan liya uga kelakon kahanan sing padha. Durung meneh kanggo wong-wong sing padha striming dhewean ing kamar utawa ana ing plaza Telkom. Wis kebukti tenan ta, lakuning tontonan wayang kuwi mesthi bisa madhakake angkah tumrap lakuning jaman. Ora mung saka babagan crita, fesyen, utawa musik, nanging uga media. Watesing Kelir Wayang Owahing tontonan wayang kelakon kanthi utuh lan anut marang corak budaya Jawa sing kasebar. Ana sing cara Banyumasan, Wetanan, Surakarta, Yogyanan, lan liya-liyane. Saka wujud sandhangan nganti tembang uga ngrembaka. Pokokmen, kaya-kaya ora ana enteke. Tambahing jaman ora nyiutake tontonan wayang nanging malah njembarake samudraning kawruh tontonan wayang. Pener apa kandhane Umar Kayam, wayang pancen tontonan abadi, kelire wayang tan ana watese. Ngomong bab kelir wayang, mesthi kelir kuwi warnane putih sing dinggo tibane cahya damar kanggo mawujudake ayang-ayange wayang. Dadi ana rong instrumen kunci supaya tontonan wayang bisa diarani wayang, yaiku kelir lan cahya damar. Nek ora ana loro kuwi, tegese wayangane dudu wayang pakeliran nanging wayang jenis liya, lha neng kene sing arep dirasani kuwi kelire wayang. Sakngertine awak dhewe, kelir wayang minangka jagad ginelar iki, nanging kuwi pangerten filosofise. Ing sandhingan pangerten filosofis, mesthine ana fungsi liyane. Nek ujare Sri Muljana, kelir wayang ing jaman dhisik duwe fungsi kanggo misah antarane penonton lanang lan wado. Lanang ana ing kelir ngarep, sing wadon ana ing mburi kelir. Nanging pangerten kuwi wis lawas banget lan ora patia mlebu nalar. Mula, sajak sing luwih cocog kanggo mretheli tegese kelir ya balik ing wiwitan mau, kelir minangka tibaning sorot cahyane damar supaya mawujudake ayang-ayange wayang. Konon, wong jaman biyen nek nonton wayang ora tau nonton saka ngarep, mesthi padha nglumpuk ing sisih mburi kelir supaya katon cetha wewujudane ayang-ayang wayang amerga cara sing trep nonton wayang ya saka mburi, ora saka ngarep. Ing jaman saiki, ngarep mburi padha wae, gumantung krentege ati wae. Saka mburi mangga, saka ngarep ya mangga. Umpama manut pangerten sing muni nek kelir wayang kuwi mawujudake jagad ginelar, bakal ketemu gathukan menawa apa wae media sing dinggo nonton wayang kuwi bisa diwastani kelir. Maksude ngene, ing taun 90’an nganti 2000’an rak akeh channel tipi nasional sing padha nyiarake wayang, kaya ta Indosiar, RCTI, TVRI, lan sakpiturute, lha kelir wayang dudu mung kelir putih sing disuting, tipi sing dinggo nonton wayang mau uga klebu kelir, kelir kanggone sing nonton wayang nganggo piranti tipi. Rak ora kleru ta? Nek nganggo dhasar kelir minangka wujuding jagad ginelar. Jan Mrazek, peneliti wayang lan sambung rapete klawan media teknologi kandha menawa wayang sing ditonton saka tipi lan wayang sing ditonton kanthi teka ing papan pagelaren akeh banget bedane. Ing tipi, penonton wayang mung bisa nyilih matane alat shutingan, lan mung duwe sak sudut pandhang. Beda banget kalawan nonton wayang ing papan pagelaran, penonton wayang bisa mubeng saksenenge lan milih posisi tonton sing miturute paling penak. Senadyan kaya mengkono. Ing jaman wayang tipi, kandhane Jan Mrazek, penonton wayang ing tipi ora ateges kentekan pilihan. Pancen bab sudut pandang, penonton wayang ing tipi mung duwe sak sudut pandhang, nanging penonton wayang ing tipi bisa luwih luwes anggone nonton amerga bisa nyambi gaweyan liyane. Jayane wayang ing tipi, lumaku kanthi ajeg, saben esuk mesthi ana tontonan wayang. Kuwi kahanan ing taun 90’an nganti 2000’an. Saiki, ora prelu ngenteni esuk kanggo nonton wayang. Kelir wayang sing wis pindhah ing layar tipi, saiki wis pindhah meneh ing layar laptop lan hape, mula awak dhewe bisa sakwayah-wayah nonton wayang. Ora prelu ngenteni wong nanggap wayang lan ngenteni lakon sing dipengini. Cukup bukak hape, sambung internet, bukak youtube, banjur nonton video wayang sing kok senengi. Gampang banget ta? Kelir wayang tetep warna putih, nanging kelir kelire wayang ing urip manungsa wis digawa saben dina. Gambar Wayang Kelir Hape Tontonan wayang sakjane ora kudu wujud video, jane saka jaman dhisik tontonan wayang uga bisa dianggep podcast kuno wong Jawa. Nanging kanggo perkara iki, luwih dijlentrehake bab versi videone wayang wae, amerga bisa ketara sapa dhalange, kepiye sabetane, lan gambar wayange. Sakorane nyedhaki swasana nyata ing papan pagelaran wayang. Sosial media ana akeh, khusus kanggo konten video, sing paling cocog dinggo yaiku Youtube. Jane neng facebook lan Instagram bisa diisi konten video, perkarane ora bisa madhani efektife Youtube sing khusus kanggo nyiarake video. Kanggo nyelarasake pribadhi tumrap jaman, para dalang ngerti nek kudu bisa manfaatake sing jenenge internet lan sosial media. Mula sarana Youtube, para dhalang mbrandhing awake dhewe sinambi nyiarake dokumentasi video nalika dheweke main wayang, ana sing diupload kanthi durasi kebak lan ana uga sing mung kethokan. Gampange tampilan Youtube lan desain interface sing ora ruwet marai Youtube dadi idola. Ya kanggo wong tuwa lan kanggo cah enom. Ora gumun akeh wong-wong tuwa pilih dolanan Youtube tinimbang dolanan sosial media liyane. Tur cah-cah enom nek golek hiburan mesthi njujug Youtube. Nalika ngetik wayang ing tombol search, akeh banget video tontonan wayang. Kanggo niliki kaya piye swasana nonton wayang sarana Youtube, Jawasastra wis nggawe penelitian cilik. Dadi Jawasastra jajal golek channel-channel Youtube sing kerep ngupload video wayang lan nyiarake live wayang kanthi ajeg. Sakliyane kuwi, Jawasastra uga niliki pira subscriber e lan wis sepira suwene disetel, penelitian cilik iki kelakon tanggal 22 Desember 2019 jam 23.30 WIB. Kasile ngene iki, diurut miturut jam penayangan sing paling akeh. Wayang Jawa Subscriber 1,22 Jt 140.600.109x ditonton Jawanesia Subscriber ~ 133.380.694x ditonton Pak Utis Subscriber 257 Rb 68.740.042x ditonton Dalang Seno Subscriber 246 Rb 43.390.877x ditonton PWKS Subscriber ~ 29.179.568x ditonton Sanggar Cemara Subscriber 80,8 Rb 16.789.832x ditonton Aji Channel Subscriber 72,7 Rb 15.400.485x ditonton Saben channel ing dhuwur mau dijupuk miturut jumlah tontonan sing luwih saka 10.000.000x ditonton. Akeh banget ta? Apa kowe klebu petungan saka jutaan penonton wayang ing Youtube? Nek durung, ndang nonton ben mlebu itungan. Tur, isih akeh banget channel sing sok upload video pagelaran wayang. Emane, ora kabeh channel konsisten nyiarake dokumentasi tontonan wayang, striming wayang, utawa babagan kawruh wayang. Ana channel-channel sing isine luwih akeh uploadan video nalika limbukan utawa goro-goro lan tontonan dagelan ing njabane wayang, kaya ta channel Wayang Jawa, Jawanesia, lan Pak Utis. Telung channel kuwi luwih kerep upload video banyolan tinimbang video wayang. Video banyolan sing diupload kanthi akeh banget dening channel Wayang Jawa, Jawanesia, lan Pak Utis, ora wurung dadekake dheweke duwe akeh subscriber lan jumlah tontonan sing nganti atusan yuta ditonton. Khusus kanggo channel Jawanesia, cacah subscriber durung bisa dilacak. Senadyan arang banget ngupload video wayangan, sakorane telung channel mau ngupload banyolan sing pancen akeh-akehe dadi perangane wayang. Kasus sing beda katon ana ing channel Dalang Seno lan PWKS sing murni nyiarake tontonan wayang lan ana siji loro video vlog tim wayang. Rong channel iki klebu ajeg tur utun anggone nyiarake wayang, amerga saben dina mesthi ana uploadan anyar. Banjur kanggo channel pungkasan yaiku Sanggar Cemara lan Aji Channel isine uploadan video wayang luwih akeh tinimbang video liyane. Akehe subscriber selaras marang jumlah ping piro video ditonton. Sansaya akeh jumlah subscriber, sansaya mundhak jumlah tayangane. Bab iki bisa ditiliki kanthi nonton kolom ‘tentang’ ing sajroning channel. Wis katon cetha wela-wela ta, menawa kelire wayang wis ora sewates duwe warna putih lan mung kanggo donyane wayang, nanging uga klebu carane awak dhewe nonton wayang. Para dhalang bisa maca kahanan peradaban, mula gegancangan bisa nyelarasake awak marang swasana donya sing sarwa digital. Jenenge wae video Youtube, lan dhasaring wayang kuwi pancen duwekke wong akeh, mula para dhalang uga channel resmi siaran wayang los-los wae nalika ana channel abal-abal sing nyathut dokumentasi video wayang tanpa idi palilah saka dhalange utawa channel resmine. Nek wis tekan kene, embuh meneh kaya piye olehe para dhalang lan channel resmi ngurus bayaran saka Youtube e, Jawasastra durung bisa nglacak pendapatane para dhalang sakkanca saka tayangan video ing Youtube. Redaksi Jawasastra Ora kerasa taun 2019 wis arepe entek. Sakdurunge ngancik taun anyar, taun 2020, wis barang mesthi nglewati tanggal 25 Desember. Kuwi cetha kelakon, lan tanggal 25 Desember ora liya dadi riyayane wong Kristen/Katolik. Kanggo sing gething karo Natal, ya mangga kana nggawé tanggalan dhewe utawa mlumpati tanggal 25 Desember. Tur tambahan meneh, saben cedhak tanggal 25 Desember engko rak bakal ana rame-rame bab entuk utawa orané ngucapake Natal. Kaya ora ana enteke, mesthi ana sing tukaran bab ucapan Natal. Rata-rata, prakara ucapan natal bakal nyenggol babagan 'toleransi'. Para brayat (masyarakat) kepara dadi loro. Ana sing muni nek ngucapake selamat Natal kuwi ora masalah, lan ana sing ngarani nek ana wong Islam nganti ngucapake selamat Natal padha karo kafir. Kanggo sing emoh ngucapake duweni versi toleransi dhewe. Mungguhe wong sing kaya mangkono percaya menawa ucapan selamat natal kuwi ora bisa gawe tengeran toleran apa ora. Mula wong-wongane rumangsa ora masalah ora ngucapake selamat Natal, tur sakorane dheweke tetep apik marang tangga teparo sing mengeti Natal. Kaya ngono panemune wong sing emoh ngucapake Natal. Nanging, sok-sok ana sing nranyak. Contone dheweke emoh ngucapake Natal banjur alok-alok ngajak liyane aja nganti ngucapake Natal kanthi tetembungan sing kurang apik, kaya ta ngunekake 'kafir' lan sakpiturute. Lha sing modhel ngene iki tumuli diwales dening wong-wong sing ajeg ngucapake Natal. Anggone wong Islam sing rumangsa ora masalah ngucapake Natal nalika nyeneni wong sing emoh ngucapake Natal ora kalah kereng, ora kalah atos, nganti ngunekake nek wong sing emoh ngucapake Natal mau intoleran. Tur dianggep ora njunjung dhuwur ka-Bhineka-an ing Indonesia. Emane. Tulisan iki ora bakal ngurusi entuk orane ngucapake selamat Natal. Amerga nek melu cawe-cawe padha kaya paribasan ula marani gebug. Tulisan iki jajal ngurusi kaya apa ta sejatine toleransine wong Jawa. Aja kuwatir, ing pungkasan bakal mili tekan babagan 'ucapan natal' kok. Nanging kanggo wong sing nglarang ucapan Natal lan sing ngéntukaké ucapan Natal, aku mung bisa ngucapake, mangga padunipun kula sumanggakaken. Toleransine Wong Jawa ing Jaman Saiki Apa ta maksude toleransi? Mangga diwangsuli dhewe-dhewe. Nek ora ngono ya mangga golek neng internet lan KBBI, supaya mathuk miturut panemumu. Nanging kanggo aweh watesan ben ora mbabar tekan ngendi-ngendi, tak wagiti dhisik makna toleransi sing arep dibahas ing kene lan dikembangake neng bagiyan mburi. Mula aja dibantah, iki mono garis kanggo tulisan iki thok, dudu kanggo kahanan nyata sing luwih amba. Padanane toleransi utawa toleran ing basa Jawa kuwi bisa nampa, guyub, lan wanuh. Dhasaring beda bisa ditampa, amerga padha nampa dadekake guyubing brayat, saka guyub mau wekasané bisa kulina tur wanuh marang bedane panemu, bedane watek, bedane kahanan, bedane agama, lan bedane awak. Nek ing KBBI, tegese toleran kuwi bersifat atau bersikap tenggang rasa (menghargai, membolehkan, membiarkan) terhadap perbedaan (pemikiran, pendapat, pandangan, kebiasaan, kelakuan, dst) yang berbeda dengan diri sendiri. Kaya ngono nek versi Indonesiane. Beda meneh nek versi Inggris saka Cambridge Dictionary. Versi iku rada njelimet, dadi toleransi dudu mung sewates cara mikir lan sikap, nanging tanduran lan suhu uga duweni toleransi utawa wates paling pol sing bisa di toleransi dening tuwuhan utawa barang tertemtu. Kaya dene wit kaktus bisa urip neng padhang pasir, nanging nek selehke matahari ya kepanasan ya modar. Miturut Cambridge Dictionary toleransi mungguhing urip bebarengane manungsa iku, willingness to accept behaviour and beliefs that are different from your own, although you might not agree with or approve of them. Tambahan meneh, supaya mantep. Nanging iki wis diselarasake marang akal pikir wong Jawa. Toleransi ing Jawa, miturute Benedict Anderson sajroning buku Mitologi dan Toleransi Orang Jawa, 2016, kuwi ora duweni wates angger sing penting ora nerak kabudayan Jawa. Maksude, apa wae pikiran, lan apa wae agama, bisa ditampa kanthi apik dening wong Jawa anggere pikiran lan agama sing mlebu menyang Jawa mau bisa diowahi melu carane urip nJawa. Kaya ngono nek miturute Benedict Anderson. Dadi apa wae lan sapa wae sing ora bisa manut cara pikir lan lakune budaya Jawa, bakal ditolak lan ora diwenehi panggon urip. Sajake apa sing diomongake Benedict Anderson bisa ditampa nganggo akal. Bayangake wae, agama apa sing mlebu neng Jawa banjur ora gelem manut cara pikir lan cara lakune budaya Jawa bisa sukses kelakon satengahing wong Jawa? Ora ana ta? Wong Islam fundamentalis? Ora pas uga kok, lha wingi kae nggawé acara Muslim United ing Yogyakarta promosine nganggo ukara basa Jawa. Cilakane, wong Jawa saiki wis maneka warna wujud lan cara mikire. Saben wong duwe panemune dhewe lan klebu atos, emoh ngalah babar blas. Kuwi angele. Ya isih penak Benedict Anderson sing nggawe penelitian ing taun 60'an, wong Jawa durung kangslupan tata cara pikir modern lan teknologi sing nganeh-anehi, mula dheweke bisa muni toleransi wong Jawa sing saktemene. Tegese, toleransi sing dianggep Benedict Anderson wis miwit nemu alangan. Gelem ora gelem, toleransine Jawa butuh dilarasake meneh miturut owah gingsiring jaman. Digoleki sing paling mathuk lan paling cocog. Sakorane bisa dilalar dening nalar. Bosoke Toleransi Sakjane tulisan iki kasil jagongan karo Suhu Awang wis ameh sesasi kepungkur. Kira-kira seminggu sakwise Jawasastra nulis trilogi babagan Toleransi ing Tridamarsari. Suhu Awang pesen supaya Jawasastra mbahas toleransi, gandheng butuh sinau dhisik sinambi ngenteni momen sing trep, lagi saiki bisa kelakon. Wiwitane, Suhu Awang duwe panemu rada nganeh-anehi, dheweke ngaku nek lagi gregeten marang kahanan toleransi ing Indonesia. Tak kira gregetene marang wong sing kaya nglarang ngucapake Natal utawa wong sing krubutan gamis sak awak, jebul dudu! Suhu Awang pas kuwi lagi gething marang wong sing ngakune toleran nanging sakjane ninggal adiling toleran satuhu. "Pikiren saiki, sakjane toleran sing kaya piye ta sing awak dhewe karepake? Contone, kowe ngrasani wong kathok cingkrang lan wong wedok sing nganggo burka minangka wong intoleran, nanging kowe ora masalah nyawang ana wong wedok kathok gemes dikrubut wong lanang sinambi mabuk-mabukan ing diskotek. Wong kathok cingkrang ora ngunekake kowe, wong sing mabuk-mabukan uga ora ngunekake kowe, nanging kena ngapa kowe malah nganggep sing kathokan cingkrang luwih elek?" Sithik akeh, bener kurange, kaya ngono Suhu Awang mbukak pitakonan. Miturutmu piye wangsulan sing paling mantep kanggo pitakonane Suhu Awang sing kaya mengkono? Jajal ditiliki saka kabudayan. Ing Jawa, lumrahe wong Jawa, amerga hawane sumuk mula ora ana wong Jawa sing demen krubutan sak awak. Nanging kanggone wong Jawa sing ngugemi Islam ing versi Islam tetemtu nganggo krubutan klambi kuwi salah siji syariat Islam. Lan nek diuculi saka nalar syariat, nyandhang nganggo krubutan kain mau pancen wujud kabudayan Arab kana. Umpama niliki wong wedok sing dikrubung wong lanang ing diskotek sinambi mendem mau uga ora mawujudake kabudayan Jawa pisan. Mungguhing budaya Jawa, wayah wengi apike wong wedok ora metu omah lan sing lanang jaga rondha utawa jaga ngomah. Ora malah blakrakan tekan diskotek. Tur kelakuan mendem-mendeman lan nglakoni babagan kaya ngono ing diskotek dianggep tumindak sing nyrempet marang godaning kadurjanan. Nanging, gandheng iki jaman modern, ora dadi ngapa. Anane 'budaya' diskotek diakoni apa ora pancen saka kabudayan Barat kana. Wis ketara bedane ta? Loro-lorone ora nyimbolake alam pikir wong Jawa lan kabudayan Jawa. Banjur kena ngapa wong sing ngaku bisa nampa toleransi nganti muru-muru olehe kampanye toleransi ing sosial media malah nganggep wong burka-an luwih ala utawa intoleran tinimbang sing ana ing diskotek? Apa amerga diskotek duwe ciri kabudayan Jawa lan sing nganggo burka ora nggawa ciri kabudayan Jawa? Wagu tenan ta? Nek tenan sing saba diskotek luwih toleran tinimbang sing nganggo burka, ateges pikiran toleransine awak dhewe manut cara pikir Barat. Sakwalike ya ngono, nek gething banget marang wong dolan diskotek ateges toleransi sing dicekel manut carane Islam fundamentalis. Luwih kasar meneh, wong sing ngaku paling toleran banjur ndakwa wong liya intoleran kuwi wis klebu ora toleran. Piye jal? Angel ta? Paribasan kanggo gampange; kowe ngaku paling dhug dheng tur sakti kanthi cara nglarani liyan artine kejiwaanmu kuwi klebu lara! Banjur nek kanggo wedok, kowe ngaku ayu nanging ngelek-elek wedok liya utawa milara lanang sing wis sayang, artine atimu bosok. Wis ta, wong sing demen ngaku-ngaku kuwi tibane mung sewates ngawu-awu uyah neng segara utawa sesumbar thok. Ukuraning Toleransi; Gumun, Kaget, Ora Sakmadyane Percaya apa ora toleransi mesthi ana sambung rapet kalawan rasa adil. Umpama ora dilarasake marang tumindak adil, mokal ana sing jenenge toleran. Sakdurunge toleran marang liya wis barang pesthi kudu bisa toleran mring pikiran dhisik. Nek ora ngono, cetha toleransi mau sewates angen-angen lan mandheg ing kampanye. Banjur apike kepiye? Eling, wong Jawa duweni sangu ngelmu kawruh asli Jawa sing bisa didadekake sangu kanggo mawujudake toleransi yaiku; ora gumunan, ora kagetan lan sakmadyane. Saka ngelmu kuwi wae wis katon menawa toleransi ora bisa diukur nganggo rumus apa wae kajaba saka awak manungsane dhewe-dhewe. Nganggo lantiping rasa lan eling tumrap pikir uga tumindake. Pitakonan pungkasan, kudu nglakoni apa supaya bisa ora gumunan, ora kagetan, lan dadi wong sing sakmadyane mungguhing pikir lan pakarti? Aja kleru, unen-unen Jawa kuwi aja mung mandheg ing sesanti banjur wujude malah mati. Mesthine bisa nggoleki wangsulane ta? Pancen nek wong gampang banget gumunan kuwi marai ketara ngisin-isini. Sithik-sithik katut amerga gumunane. Cetha perkarane jalaran kurang pengalaman mula gampang gumunan. Ana wong ngunek-ngunekake intoleran, melu ngunakake intoleran, padahal sing diunekake durung karuan intoleran tenan. Angka loro yaiku kagetan. Durung nate weruh donya marai wong gampang kagetan. Saking kagete nganti nesu-nesu, nganti muring-muring. Sakmadyane, nek wis ora kagetan lan ora gumunan, cetha dadine wong bakal bisa mikir lan tumindak sakmadyane, sacukupe, sakprelune. Sikap sakmadyane iki kerep ora dielingi dening wong Jawa saiki. Nek wis kadhung ngarani elek ora nrima apike wong, nek wis kebacut percaya nek apik emoh nampa nyata eleke. Gandheng arang wong sing bisa utuh nelateni, mula toleransi sok-sok kemeton lan sok-sok kemlebon. Tegese kemeton yaiku ke-PD-en nek wujud toleran sing dicekel dadi sing paling bener. Kemlebon tegese mung tampa manut marang pangerten toleran sing jane ora patia pener kanthi atos banget. Dhasaring perkara ya saka telung inti ing dhuwur mau. Resep supaya ora gumunan, ora kagetan, lan daya sakmadyane sakjane gampang. Anggere gelem nelateni kanggo mbukak 'sirah'. Carane yaiku; macaa, srawunga, dolana. Wis, telu kuwi thok. Nek ora gelem maca, ora gelem srawung, ora gelem dolan, tandhane isih kagetan, isih gumunan, lan ora bisa sakmadyane. Intine, nek ora gelem maca, ora gelem srawung, lan ora gelem dolan, tegese ora bakal bisa nindakake toleransi. Amerga, toleransi kuwi manjing ing sapa wae sing amba pikiran, jembar panampa, lan lantip ing rasa. Weruh apa sing marai guyub ing masyarakat lan apa sing marai ala tumrap masyarakat. Apa daya linuwihe pawang udan bisa disinaoni kanthi piranti modern utawa kasarane digoleki piye cara kerjane? Hla nek iki embuh meneh. Jenenge wae daya linuwih, arep kok logiske ya bisa ketemu bisa ora, nek nganti ora ketemu mung marai pecah ndase.
Nek saka spekulasine kancaku sing dheweke nate dadi praktisi supranatural bisane pawang udan nerak udan kuwi kanthi migunakake lakune angin. Tegese, udan kuwi ora bisa dienda utawa diselaki lha wong wis pepesthine Gusti. Nanging, gandheng udan mau gumantung marang mendhung, mula para pawang migunakake playune bayu supaya bisa nggusah mendhung menyang papan liya. Perang Antarane Pawang Udan Iki ana kedadeyan nyata sing nek dipikir bakal ora tinemu nalare, yaiku perang antarane pawang udan. Ing tlatah Jawa contone nalika teka wayahe ‘mangsa kawine manungsa’, biyasane tiba sakbare riyaya besar. Sakdesa ora mokal duwe acara resepsi rabi nganti luwih saka sepuluh cacahe. Mengkono kuwi tanggale ya urut, kaya-kaya ora ana preine nekani wong duwe gawe. Durung meneh nek acara tempuk utawa barengan ing tanggal sing padha. Anane musim kawin mau cetha dadi jalaran larise jasa pawang udan, nanging jenenge wae desa mesthi wilayahe rak amba, mula menawa ana acara nikahan sing bareng paling dileti dusun. Dilalahe, antara dusun siji lan dusun liya sing padha-padha duwe gawe acara rabian, jebul nganggo pawang sing beda. Tanggung jawabe pawang wis cetha kudu nerak udan, sok-sok ora ngerti nek mendhung sing digusah malah tumuju papan duwe gaweyene liyan. Kamangka, ing papan kana mau uga ana wong duwe gawe sing nganggo jasa pawang udan, mendhunge dibuwang tumuju papan liya sing uga papan kuwi duweni gawe. Saka kedadeyan kuwi, mula ana perang tandhing kasekten antara pawang udan. Aku nate nemoni kedadeyan perang antarane pawang udan. Nalika nemahi kahanan kaya mengkono, langite dadi molah malih, sok-sok peteng, sok-sok padhang. Udan sing tiba ora rata, malah bisa diarani pindhah-pindhah. Nek dudu amerga anane perang antarane pawang udan, amerga apa meneh? Kedadeyan alam? Sajake ora mungkin, lha wong tibane udan bisa molah-molah, lakune mendhung kaya ora laras, ana sing mlayu mengetan, ana sing mlayu mengulon. Pawang Udan lan Garinge Bumi Yogya Saiki tak critani sithik saka pengalamanku ing Yogyakarta. Iki klebu crita sing sipate spekulatif, bisa tenanan, bisa ora. Nanging nyata saka pamanggihku, saka panemuku dhewe. Tanpa ana pamrih apa-apa. Yogyakarta, sing arep didadekake punjering kabudayan ASEAN, gelem ora gelem kudu ngakehi panghargyan kabudayan. Lumrahe sarana kesenian, klebu kesenian modern. Jenenge wae acara kesenian, tetep butuh ngundang penonton ta? Mula ora beda adoh kaya acarane wong rabi. Gandheng akeh acara, ora mokal saben acara ing Yogyakarta jaluk biyantu para pawang udan. Limpade pawang udan Yogyakarta, udan ora diparakake menyang tlatah kutha Yogyakarta, nanging dibuwang ing sakpinggire kutha. Pol adohe yan mengetan menyang Klaten. Cilakane, acara ing Yogyakarta kuwi ramene ing pungkasan taun, antarane September tumekaning Desember. Saben wengi Yogyakarta duwe acara. Ana sing skala cilik lan skala gedhe. Mula ing pungkasan taun 2019 iki, kutha Yogyakarta ameh ora nate disabani udan. Udana ya paling mung pisan pindho, kuwi wae ora gumrejeg deres. Ing kasus tumpuk unduke acara Yogyakarta sing marai udan dibuwangi, dudu klerune pawang udan. Lha wong pawang udan ki ya butuh mangan. Tur pakaryane ya ngono kuwi. Masa arep nyalahake pawang udane? Nek miturut analisise wong-wong, sing salah malah dinas terkait sing numpuk akeh acara ing pungkasan taun. Mula udane ora andang tiba ing bumi kutha Yogyakarta amerga diteraki para pawang udan. Mesthine acara ki mbok digawe rata, dadi ora marai sengsarane liyan sing pengin ngerasakake udan. Masa acara kesenian kudu anti udan terus-terusan? Tur penontone ya ra sah ngalem, karepe nonton acara kesenian sing uwal saka udan. Tur apa ta salahe kena udan? Wong ya mung teles, ora nganti mati ta? Ojung; Milara Supaya Udan Tiba Kanggo cathetan, pawang udan ki jane sing luwih pener diarani pawang mendhung. Amerga nek diarani pawang udan mesthine bisa nekakake udan ora mung nyingkirake udan. Nyatane, durung ana critane pawang udan diundhang supaya langite nibakake udan. Gandheng pawang udan ora duwe daya kanggo ngundang udan, mula ana ritual-ritual tatemtu sing tujuwane ngundang udan. Nek jaman mbiyen ana acara ritual tumbal manungsa supaya udan tiba, nanging saiki ritual medeni kaya mengkono wis diilangi. Gantine, ana sing arane ritual ojung. Ritual ojung iki jamak bisa ditemoni ing tlatah Jawa Wetan. Emane saiki wis arang banget ditanggap. Cara maine yaiku wong loro padha nyekel penjalin, banjur samblek-samblekan nganti awake abang kabeh. Mengkono maine ora mung sepisan, nanging bisa nganti pirang-pirang pertandingan. Tujuwane saka acara ojung mau kanggo ngundang udan. Ojung bisa dipadakake klawan sembahyang istisqa’ nek ing Islam. Carane wae sing beda. Miturut panyawangku nalika nate nanggap ojung, ojung kuwi bisa diarani ngundang udan amerga saka samblek-samblekan penjaline. Kahanan samblek-samblekan penjalin mau diibaratake minangka kahanan manungsa nalika nemahi mangsa ketiga sing dawane ora karuwan. Akeh lelara, awak rasane ringkih, butuh ditelesi. Niyate aweh warta marang Gusti menawa mbok mangsa ketigane dienteki, mbok udan ditibakake supaya lara lan cathu sakwise ojung bisa sirna. Sajroning ojung ora ana kalah lan ora ana menang. Menange yaiku menawa udan tenanan ditibakake ing bumi. Nek durung tiba, ya wurung menang. Pengalaman Bersama Ojung Tahun 2016, di Halaman Perpustakaan Kabupaten Mojokerto, saya bersama kawan-kawan pernah menggelar acara kesenian dengan ojung sebagai puncak acaranya. Grup ojung yang kami undang berasal dari wilayah lereng gunung Welirang, Trawas. Mereka datang membawa seperangkat alat musik berupa gamelan, pun hanya kendang, saron, jidor, kethuk, demung, dan gong. Total anggotanya kira-kira ada limabelas orang. Acara ojung dilaksanakan pukul sepuluh malam. Sebagai acara puncak. Biar agak inovatif, acara puncaknya berupa ritual pemanggilan hujan. Seminggu sebelumnya, saat saya menghubungi Mahmud selaku kepala tim ojung, Mahmud sempat berdialog dengan saya. “Temen a nanggap ojung? Nek udan yak apa?” Saya menjawab, “Ya gak masalah se?” Kemudian Mahmud memungkas pembicaraan dengan statement, “Ya nek ngono muga-muga udane sakwise ojung ae ya.” Sebelum ojung digelar, tiga orang sesepuh grup ojung maju ke tengah arena. Para penonton membentuk posisi membundar. Situasinya meriah, mungkin karena ojung sendiri sudah langka bagi mereka. Salah satu sesepuh memberi sambutan. Ia menyampaikan kesannya ketika diundang menjadi pengisi ojung oleh anak-anak muda. Selanjutnya, sesepuh itu bersama dua sesepuh lainnya menyalakan dupa dan kemenyan, berjalan berkeliling arena sembari menendang tanah beberapa kali. Seusai melakukan ritual pembuka, satu sesepuh kembali ke barisan pemusik mengambil beberapa penjalin, dua sesepuh lainnya melepas baju dan berhadap-hadapan. Sesepuh yang tadi memberi sambutan ternyata berganti peran menjadi juri. Ia berikan satu penjalin pada masing-masing sesepuh yang sudah berhadapan. Lalu sesepuh juri berkata kepada semua orang yang hadir, “Iki tak duduhi carane main, engko sapa ae oleh melok.” Selanjutnya juri sesepuh berbicara dengan kedua sesepuh yang sudah berhadapan. Ketika semuanya menggangguk, gamelan ditabuh. Menariknya, musik yang dimainkan gamelan bukan musik berupa rapalan mantra atau semacamnya, mereka malah menyanyikan lagu dangdut yang saat itu sedang hits di tahun 2016. Saya lupa apa lagunya. Namun sesekali mereka memainkan lagu qasidah. Suasana makin menggairahkan karena ada salah satu pemusik yang menjadi penyenggak setiap pukulan dihempaskan para sesepuh yang mengadu penjalin. Kalau tidak salah, pertarungan antar sesepuh tersebut berlangsung selama sepuluh menit. Sesepuh juri kemudian mengambil penjalin dari tangan dua sesepuh yang bertarung. Penjalin yang ia genggam lalu diacungkan ke angkasa sembari berjalan berkeliling, seolah mengajak para penonton ikut menikmati kemeriahan. Gayung bersambut, ada sukarelawan penonton yang maju, disusul dengan sukarelawan lain. Totalnya ada empat, tapi karena ojung dimainkan secara duel, maka mereka melakukan hompimpah. Keempat-empatnya, tidak saling kenal. Ada yang bertubuh tambun, ada yang masih remaja dengan celana levis robek-robek, dan ada juga yang bertampang preman. Pertarungan pun dimulai, antara sukarelawan bertubuh tambun melawan sukarelawan tampang preman. Sesepuh juri menjelaskan sesuatu kepada mereka, dan mereka manggut-manggut. Tatkala sudah dirasa siap, sesepuh juri memberi aba-aba mulai, musik pun segera berbunyi. Pertarungan berjalan dengan agak timpang. Sukarelawan tampang preman nampak mendominasi, mungkin karena tubuhnya yang lebih gesit dibandingkan tubuh sukarelawan tambun. Beberapa bekas cambukan penjalin, membekas meras di punggung sukarelawan tambun. Saya jadi ikut merasakan perih saat melihat luka-luka itu. Setelah tiga ronde, pertarungan dihentikan. Kedua petarung bersalaman, lalu kawan yang bertugas memberi imbalan segera lari menghampiri memberi uang saku kepada kedua petarung. Jumlah uangnya tidak banyak, cukup untuk beli rokok sebungkus dan kopi. Karena didorong rasa penasaran, para panitia mulai ikut bertarung di arena. Saya tidak ketinggalan ikut serta, gak ngurus awak cilik sing penting wani. Begitu pikir saya. Lha kok celakanya saya malah harus bertarung melawan Silo. Bukannya apa-apa, tubuh Silo lebih berisi dibandingkan saya, dan saya tahu betul seberapa keras pukulannya. Wah, apes, kata batin saya. Saya kira saya akan menjadi bulan-bulanan, ternyata tidak. Kegesitan saya setidaknya menjadi penyelamat agar penjalin tidak sampai mengenai punggung. Beberapa kali ada yang lolos dari tamengan, dan rasanya, wow sungguh mengharukan. Sementara Silo terkena dua kali cambukan, saya terkena tiga kali cambukan. Untung letaknya tidak di punggung persis. Pukul dua belas malam. Pertarungan ojung dihentikan karena keterbatasan waktu. Sesuatu yang agak adi-kodrati terjadi pada momen ini. Sebab, tepat setelah pagelaran ojung, hujan deras langsung jatuh di bumi Mojokerto secara merata. Apakah pawang hujan mampu melakukan hal semacam ini sendirian? Entahlah. Membawa Ojung Ke Kampus Masih di tahun 2016, saya bersama teater FIB, UGM, menggelar acara teater. Bintang tamunya, saya ambil jauh-jauh dari Trawas. Saya punya misi membawa kelolakan di dalam kampus dengan cara menghadirkan ritual-ritual langka, saat itu ojung menjadi satu-satunya pilihan. Di panggung terbuka FIB ojung digelar. Para mahasiswa berdesakan menonton, mereka penasaran dengan ajang pertunjukan penyiksaan diri. Mahmud mencoba mengajak para mahasiswa untuk ikut merasakan ojung, tapi para mahasiswa sudah terlanjur dibayangi kengerian akibat pertunjukan ojung yang dipertontokan sebelumnya. Untung saja ada satu mahasiswa yang berani menerima tantangan, dan jadilah pertarungan ojung di kampus tersebut. Meletakkan Pawang Udan dan Ritual Panggil Hujan Sudah jelas ada garis batas diantara pawang hujan dan upacara pemanggil hujan. Untuk pelaksanaan acara, sudah lazimnya melibatkan pawang hujan, akan tetapi dengan kondisi masa kemarau yang berkepanjangan saat ini. Kita membutuhkan adanya ritual pemanggil hujan. Ritual pemanggilan hujan harusnya tidak diposisikan sebagai aktifitas sesat yang penuh mudharat. Justru, ritual pemanggilan hujan bisa diproyeksikan sebagai upaya manusia papa merungkuh kemurahan Tuhan berdasarkan spiritualisme yang dipahaminya. Apakah ritual pemanggilan hujan seperti ojung sama sekali absen dari kehadiran Tuhan? Tidak, mereka menyiksa diri untuk menunjukkan rasa sakit mereka pada Tuhan bahwa kemarau terjadi terlampau panjang. Tamat Percaya apa ora, Gusti kuwi ora beda adoh kaya tontonan bal-balan utawa konser musik. Nek cara luwih ndesane, yaiku kaya tontonan wayang. Ana penonton biyasa, ana penonton VIP, lan ana penonton VVIP. Telung jenis penonton mau cetha duweni benefit sing beda.
Paribasan nonton wayang, nek kowe penonton biyasa paling pol ya nglempoh nggelar tiker nek ora penekan wit pelem supaya bisa ketara tontonan wayange. Beda meneh nek kowe penonton VIP, kowe bakal entuk lungguh sakngarepe tontonan wayang, bisa sumendhe lan ora kuwatir kena grimis. Banjur ana VVIP, sing benefite luwih gedhe tinimbang penonton biyasa. Penonton VVIP sajroning tontonan wayang lumrahe ya kecekel para pamong praja kaya ta carik, lurah, camat, bupati, entuk lungguh ngarep dhewe, ana meja sing diiseni suguhan panganan lan ora prelu sesel-seselan kalawan penonton liya. Nyatane, Gusti uga ora beda adoh. Manungsane entuk wae kampanye demokrasi lan egaliter nganti cangkeme ndomble, wutah getih, lan demen ngoncatake nyawa, nanging sing aran drajat sakngarepe Gusti kuwi ora bisa diselaki. Buktine apa? Ringkes wae, buktine saka donga. Wis dudu rahasia meneh, dongane wong biyasa karo dongane wong becik sing minangka utusan cetha beda. Kasarane, nalika duwe kekarepan apa-apa wong biyasa kudu nglakoni macem-macem syarat, beda kalawan wong becik sing wis digaris Gusti, omong-sakomong bakale kelakon. Malah, lagi krenteg ati wae wis kedaden. Dadi para manungsa sing nuntut demokrasi uga egaliter mesthine kudu ngowahi ‘sifate’ Gusti dhisik. Bab akses komunikasi VVIP marang Gusti tamtune diduweni para utusan Gusti, kaya ta Nabi, Rasul, Wali, Buddha, Saktya, Jina, Konfusius, lan sakpiturute. Kena ngapa kok diarani duwe akses VVIP, ya jalaran tekan seprene apa sing diwulangake marang manungsa tetep kaleksanan lan ora kurang-kurang sing percaya. Banjur nek ing tingkat VIP cacahe uga maneka warna. Nanging sajake, menawa ing tingkat VIP iki ancer-ancere bisa ditilik saka ati lan sepira anggone manungsa tirakat. Wong tuwa loro cetha duwe akses VIP marang Gusti, guru, kyai, dukun, lan ora mokal klebu pawang udan! Bersinggungan dengan Pawang Hujan Sedikit sering saya punya pengalaman menjalin komunikasi dengan pawang hujan. Kira-kira sudah lebih dari tiga kali, pun dengan teknik yang berbeda-beda. Selain itu saya juga punya beberapa referensi teknis ‘meminggirkan hujan’ dari beberapa teman. Saya tidak akan mencoba menghakimi fenomena pawang hujan dari perspektif umum, saya hanya mencoba memahaminya dari pengalaman sendiri. Di lingkup masyarakat Jawa, eksistensi pawang hujan masih dianggap penting, apalagi kalau punya agenda rame-rame atau acara, pasti pawang hujan akan dilibatkan. Pawang hujan itu punya metode serta syarat yang berbeda-beda, setiap pawang hujan sekadar mengupayakan supaya hujan tidak sampai jatuh di lokasi acara dengan cara meminggirkan mendung-mendung, tapi soal berhasil atau tidak, semua pawang hujan sepakat untuk pasrah kepada Gusti. Pawang hujan menetapkan tenggat waktu berdasarkan metode yang mereka tempuh. Ada yang baru bersedia menjadi pawang hujan sebuah acara asalkan dihubungi minimal seminggu sebelum acara, tapi ada juga pawang hujan yang bebas dihubungi kapanpun. Suatu hari saya menggelar acara kesenian di sebuah lapangan salah satu Sekolah Dasar di daerah Kabupaten Mojokerto tahun 2017. Nama acaranya Mojosari Art Week. Pelaksanaan Mojosari Art Week dilaksanakan satu bulan penuh dengan agenda tiap minggunya satu kali acara. Di Sekolah Dasar itulah acara puncak akan digelar. Karena acara yang digelar butuh banyak konsentrasi, kami (panitia) sampai lupa melibatkan pawang hujan. Padahal di tiga agenda acara sebelumnya, hujan berulang kali turun. Seandainya tidak diingatkan seorang warga sekitar SD, mungkin kami tidak akan mengontak pawang hujan. Kami pun berdiskusi, apakah memang perlu menggunakan jasa pawang hujan. Saya pribadi merasa bahwa saat itu memang perlu melibatkan pawang hujan. Sebab teringat bahwa setahun yang lalu, saya pernah membuat acara kethoprak massal di Serangan Umum Satu Maret Yogyakarta, saat acara dimulai hujan turun dengan deras sampai pukul sebelas malam. Mau tidak mau, acara kethoprak baru dimulai setelah hujan. Tentu saja saya emoh mengalami hal seperti itu lagi. Setelah berdiskusi, diputuskan bahwa kami harus pakai jasa pawang hujan. Seorang kawan menyodorkan nama pawang yang tak jauh dari rumahnya. Maka kawan tersebut saya minta menghubungi pawang yang dimaksud. Soal biaya, diurus belakangan, begitu kata saya. Besoknya, di H-1 acara, kawan tersebut mengajak saya mengunjungi rumah pawang sekali lagi. Katanya, dari yang ia dapat dari pawang, yang minta tolong harus yang punya acara atau dalam hal ini sama dengan pimpinan acara. Rumah pawang hujan yang saya dan Silo (kawan saya) kunjungi ternyata seperti rumah orang kebanyakan. Kata Silo, pawang tersebut aktif ikut pengajian dan menjadi salah satu anggota klub hadrah desa. Sang pawang menyambut kami, lalu saya menyampaikan maksud kedatangan. Sang pawang malah memberi respon berupa tarikan nafas panjang sembari bilang, “Wah, kok ndadak mas. Gak ket wingi-wingi. Ya tak jajal ae ya, tak ewangi sakisokku, kasil ta gak e kersane Sing Nggawe Urip.” Beliu mengundurkan diri, masuk ke dalam rumah. Kami yang menunggu di ruang tamu mendengar suara pukulan berkali-kali. Saya sempat menanyakan kejadian itu kepada Silo, tapi dia sendiri tidak tahu persis apa yang terjadi. Suara pukulan semakin keras, membuat kami mematung clingak-clinguk, karena merasa bersalah dengan ke-ndadak-an kami. Selang beberapa menit, sang pawang keluar dari dalam rumah, kemudian menyerahkan beras kuning dengan bubuk kuning yang beraroma kunir. “Iki sampeyan gawa, sampeyan sebarno nang pojok-pojok panggon acara, pas nyebarno maca al fatehah lan kulhu telu ping pitu, karo donga supaya udane ora tiba nang lokasi.” Keesokan harinya, saya melakukan persis seperti yang dikatakan sang pawang. Di setiap sudut venue deplokan kunir dan beras kuning pemberian sang pawang saya sebarkan. Gelagat saya seperti orang klenikus, supaya tidak terkesan klenik, saya selalu pura-pura duduk sambil rokokan. Setelah menyebarkan deplokan kunir dan beras kuning, hal yang tak lazim mulai terjadi. Dari keempat penjuru mendung berdatangan, tapi langit di atas venue acara kami tetap berwarna biru. Sementara itu, saya mendapat kabar kalau di daerah dusun sebelah hujan sudah turun dengan derasnya. Para warga desa yang menyadari peristiwa itu hanya geleng-geleng kepala sambil berujar, “Sakti temen pawange, rek. Nganggo pawang ndi?” Pertanyaan tersebut saya tafsirkan sebagai upaya warga mencari referensi pawang hujan bagi acaranya di kemudian hari. Kira-kira tujuh bulan setelah Mojosari Art Week, kami dipasrahi menggarap event Puisi Menolak Korupsi besutan Sosiawan Leak. Karena teringat bahwa saya tidak boleh dadakan meminta bantuan jasa pawang hujan, maka H-7 acara saya menghubungi pawang hujan. Kali ini pawangnya berbeda. Kami memakai pawang yang lain. Saat berkunjung, seperti biasa, kami menyampaikan maksud kedatangan kami. Sang pawang masuk ke dalam rumah, hanya sebentar dan tidak ada suara pukulan. Setelah itu dia keluar sembari menyerahkan satu plastik kecil yang berisi garam. “Iki gawanen, sampeyan sembahyango terus pepak, sakmarine sembahyang wacanen al fatehah ping telu karo donga iki.” Saya diberi rapalan doa, sayangnya saya sudah lupa bagaimana doanya. Selama tujuh hari penuh saya sembahyang lima waktu. Tak ada yang bolong. Sungguh keajaiban bagi saya sendiri. Bahkan di sela-sela agenda ngopi pun saya curi-curi waktu untuk sembahyang. Setiap usai sembahyang, saya membaca apa yang diberikan sang pawang. Pada saat acara dilaksanakan, ternyata hal yang terjadi di luar dugaan. Sebab hujan turun dengan derasnya. Orang-orang mulai mencibir kami, dan kami cuma bisa menjelaskan bahwa pawang yang kami pasrahi berbeda dengan pawang di acara sebelumnya. Saya tidak tahu kenapa kedua pawang tersebut memberi hasil yang berbeda. Nanti coba saya telusuri kenapa berbeda. Sebenarnya saya sendiri punya paman yang menurut desas-desus punya kemampuan mawangi udan. Saya pernah memergokinya saat beraksi menggiring mendung-mendung di suatu acara resepsi pernikahan saudara. Paman saya metodenya cukup unik. Dia tidak bekerja dari jarak jauh atau dari rumah, tapi dia datang ke lokasi acara. Ketika di lokasi acara, tangan paman saya bersilang di dada sendhakep, dan dia tidak bicara sepatah kata pun. Waktu itu mendung memang tebal di langit, anehnya ada angin besar yang mendorong mendung keluar dari area lokasi pernikahan. Salah seorang sepupu kemudian berseloroh, mengajak bercanda paman saya. Tanpa paman saya sadari, ia menimpali ucapan sepupu tersebut, bahkan melepas posisi sendhakepnya, tak urung tiba-tiba turun gerimis yang cukup intens. Semua yang ada di sekitar pun segera tertawa kemekelen sambil berucap, “Wah pawange gak fokus. Iki gerimis iki lho. Gak guyon ae talah.” Menyadari keteledorannya, paman saya langsung cepat-cepat menyilangkan tangan kembali dan diam. Seketika, gerimis pun reda. Ada cerita lain terkait metode mawangi udan. Ini saya dapat dari beberapa teman. Ada yang ritualnya menanam keris kecil di lokasi acara, ada juga yang menyendiri di dalam kamar, dan ada juga yang melakukan puasa serta ritual-ritual tertentu sebelum pelaksanaan. Bahkan ada juga pawang yang berjalan keliling lokasi acara sampai tujuh kali sambil membaca rapalan doa tertentu. Bersambung… (Ing tulisan nomer loro bakal tak critani ritual-ritual ngundang udan lan penyalahgunaan pawang udan sajroning acara-acara ing Yogyakarta) Sapa sing durung weruh berita bab KPK? Maksude kahanan sing nibani lembaga negara Komisi Pemberantasan Korupsi. Ana sing ngarani DPR lagi nggawe upaya piye carane ben KPK bisa nganti kelangan seperangan wewenang sing miturute wong-wong DPR ndadekake KPK malih arogan tur kemenyek. Mula wong-wong DPR ngreka Revisi RUU anyar banjur dikirimake menyang Presidhen. Emane anggone DPR ngirimake layang kuwi kanthi nglangkahi tahapan-tahapan sing sakmesthine. Sajak katon kemrungsung.
Durung ayem perkara layang Revisi RUU mau, Presidhen langsung aweh wangsulan kanthi layang liya sing intine gelem diajak rembug karo DPR bab KPK. Gonjang-ganjing sansaya gedhe, ora sethithik warga sing ndakwa menawa Presidhen uga duweni karep nglongkrokake KPK. Kamangka ing sawijining tweet-e, Pak Mahfud uga rada gumun marang tumindak sing dipilih Presidhen amerga ana bates wektu suwidak dina kanggo mangsuli layange DPR, lha kok malah dibales cepet, tur sedhilit meneh DPR ya arep ganti struktur. Kanthi kacamripat kasar, antarane DPR lan Presidhen intine padha-padha kemrungsung. Embuh duweni melik apa, sing cetha ana sing ora beres. Dina tambah dina, kelakuan manungsa sansaya ora tata. Dhek ntis wae kantor KPK dilurug wong pirang-pirang. Barang-barang arupa kayu, watu, lsp disawatake. Tur kembang-kembang sing tinata apik sakngarepe kantor padha diobongi. Lagi anyar meneh nek ketua KPK sing saiki jebul ndobel kerja dadi Pulisi. Bab ketua KPK iki ora patia cetha. Akeh berita sing nyiarake nanging warga dadi kepisah dadi loro. Ana sing ndukung ketua anyar ana sing ora ndukung. Pancen embuh kok karepe para pejabat sing mungsuh KPK iki. Katon cetha mela-mela menawa akeh pejabat sing pengin KPK kuwi ora prelu ana. Malah uga ora sethithik warga sing duwe argument menawa kerjane KPK mung sewates nyekeli koruptor ora malah nyegah anane korupsi. Lah? Wis ta. Tak jamin nganggo sertipikat surga. Nek KPK nganti entek, korupsi ing bhumi Indonesia iki bakal kumate pol-polan! Sing emane meneh, awak dhewe minangka wong cilik kelangan hiburan kesenengan nalika para koruptor sing rupa pejabat kemaki kuwi rupane melas amerga kecekel. KPK lan Dewa-Dewa Kanggo gayeng-gayengan wae. Bayangake wae menawa KPK lan lembaga negara sing liyane kuwi prasasat dewa-dewa khas pewayangan Jawa, kaya piye posisine? Ben ora ngambrah-ambrah sing bakal digoleki padanan dewa-dewane yaiku KPK, Presidhen, DPR, Polisi, lan Rakyat. Dewa-dewa sing bakal dipadanake ing kene yaiku dewa-dewa pewayangan sing cedhak mungguhing masyarakat lan diselarasake karo dewa-dewa sajroning Kitab Tantu Panggelaran. Tujuwane yaiku ben ana angen-angen menawa awak dhewe minangka wong cilik kuwi tetep butuh pengayoman senadyan bisa urip dhewe. Tur tanpa para dewa (maksude lembaga negara) sapa sing nglakokake negara? Rakyat? Wah, rakyate mendhing golek pangupa jiwa kanggo makani anak bojo. Kena ngapa Kitab Tantu Panggelaran? Ing sajrone Kitab Tantu Panggelaran katon banget anane campur tangane dewa kanggo manungsa. Sakliyane kuwi ing Kitab Tantu Panggelaran ameh kabeh dewa sing ditulisake duweni jejibahane dhewe-dhewe, gumantung apa sing dibisani. Kitab Tantu Panggelaran iki diserat ana ing mangsa pungkasan Wilwatikta. Nanging ora mokal bakal ana reroncenan teka kitab sastra Jawa liyane Tantu Panggelaran. Presidhen & DPR Minangka Brahma lan Wisnu Sakwise entuk titah nggawe manungsa, Brahma ngepel-ngepel lempung. Brahma ora dhewean, dheweke dikancani Wisnu. Brahma kajokan bagiyan nggawe manungsa lanang, Wisnu kebagian nggawe manungsa wedok. Rampung nggawe manungsa, Brahma isih duweni jejibahan liya. Bathara Guru banjur ngutus Brahma mudhun satengahing manungsa kanggo mulang manungsa bab wesi-wesian. Nggawe kerajinan saka logam. Gandheng presidhen lan DPR iki kudu nggawe UU lan akeh pegaweyan, mula Presidhen bisa diarani jelmaane Brahma. Presidhen sing ngesahake sekabehane putusan UU bebarengan karo DPR sing sejatine jelmaane Wisnu. Brahma sing diutus mudhun bumi kanggo mulang manungsa bab logam, beda karo Wisnu sing diutus mudhun bumi ben bisa dadi panutane manungsa. Tegese Wisnu kuwi pralambang saka manungsa amerga diwenehi jejibahan mimpin. Lha DPR rak ya jan-jane jelmaane rakyat ta? Brahma lan Wisnu bebarengan mbangun peradaban. Mula ora bisa mlaku negara umpama Brahma lan Wisnu malah kerah. Wong cilik, rakyat, sing malih bingung, arep mbelani sing ndi ya angel. Lha wong padha-padha gambare rakyat. Khusus ing perkara KPK iki, presidhen lan DPR sajake cincing-cincing teles. Antarane padha sarujuke, nanging uga kerasa ana sing beda ing sajrone batin loro-lorone. Kasarane, padha pengin mirangake KPK kanthi alesan sing rena-rena. Ketara nek kompak banget. Emane, kompak bab sing ora pener. PULISI SEJATINE DEWA ISWARA Cekak cerita, manungsa wis mapan ana Jawadwipa. Doyan kenthu anake pirang-pirang. Putu, buyut, canggah, gedhang bosok, lan sak piturute. Wong Jawa sansaya akeh, tur urip reja. Ben ora ana sing nganti tumindak cela, Bathara Guru ngutus Dewa Iswara kanggo mudhun ing bumi dadi tokoh sing nyancang manungsa kanthi aturan lan hukum. Tekane Dewa Iswara ing bumi banjur dheweke nggawe tim. Tim kuwi sing pungkasane sinebut pulisi. Bisa diwitikna teka tugas pulisi sing kudu njejegake hukum lan paugeraning negara tanpa nyawang status lan nama sapa sing nerak aturaning praja. Wiwitane Dewa Iswara bisa ngayahi tugas njejegi ukum kanthi apik. Nanging suwene-suwe, anak buahe malih bobrok. Tilangan liar, mremani pabrik, lan sing paling parah, melu cawe-cawe perkara pemerintahan sing wis digujeng dening Brahma lan Wisnu. Nek wis kaya mengkono, Dewa Iswara mirangake awake dhewe. Orane njunjung paugeran, eh malah melu nibakake paugeran. Candhake akeh warga sing rumangsa duweni celah kanggo tumindal sing ora laras marang paugeran, lan ora wedi paukuman. Ing atase wong cilik, Dewa Iswara, Wisnu, lan Brahma sing nyawiji ndadekake mumet. Bingung ndi sing kudu dinut. Beda perkara ing urusane KPK saiki. Dewa Iswara kaya-kaya ora preduli nek kancane digembosi. Sajake Dewa Iswara sing sejatine pulisi iki wis diwenehi kajat tatemtu. Utamane tujuwan ben para anggotane bisa makmur lan lemu. KPK Minangka Wiswakarma Ing Kitab Tantu Panggelaran, Wiswakarma iki diutus dadi wong ahli bab bangunan. Nanging candhake bangunan ora sewates bangunan fisik, uga klebu bangunan moral. KPK iki bisa disejajarake marang Wiswakarma. Ben negara bisa lumaku lancar tanpa anane rereget moral, Wiswakarma manjing ing awake KPK. Saben ana tumindak ala sing nggrogoti bangunane negara, Wiswakarma kanthi cekatan cepet-cepet merjaya sing grogot-grogot. Lumrahe sing nggrogoti kuwi kewan tikus utawa rayap. Wiswakarma emoh bangunan omahe sing dadi tanggung jawabe dipangani rayap lan tikus. Sajroning perkara KPK. Wiswakarma sing sejatine KPK malah dilurug dening Dewa Iswara, Brahma, lan Wisnu. “Apa dulur-dulurku kuwi ora gelem omahe aman?” Mengkono batine Wiswakarma. Lha masa ana wong sing pengin ngrubuhake omahe dhewe, lan ngrusak tatanan sing wis digawe dhewe? Mesakake Wiswakarma. Arep cawe-cawe urusan ya cetha ora duwe wenang. Dheweke sing paling pungkasan dadi utusane Bathara Guru. Mula ora komanan bagian kanggo mernahake tatanan bangunan sing dijaga. Bisane mung klenger, clingak-clinguk, kaya kebo ketulup. Rakyat Kudu Dadi Bathara Guru Ya. Sing ngutus lan sing nemtokake tugas-tugas marang para dewa ora liya Bathara Guru. Jebul Bathara Guru katone wae ora melu mudhun ing bumi, nanging nyatane Bathara Guru rumasuk ana jiwane para rakyat. Rak sing milih, presidhen lan wakil presidhen kuwi rakyat. Ing kahanan sing nibane Wiswakarma, rakyat pengin mbelani. Lumrahe wong tuwa sing ngeman anak pungkasan. Bathara Guru pengin urip jenjem, kabeh kabutuhan sarwa kecukupan tanpa anane grogotan. Bathara Guru ngajak para rakyat nyawiji mbelani Wiswakarma. Nanging para rakyat malah bisa dipara peksa dening Presidhen lan DPR. Kaya mengkono kuwi arane wani marang wong tuwa. Masa presidhen lan DPR sing wis kautus arepe njongkeng wibawa wong tuwane, Bathara Guru? Nek diterus-terusake ngganggu kerjane Wiswakarma, piye nek Brahma sing arane Presidhen, lan Wisnu sing arane DPR, ora sah digagas meneh wae? Suk pemilihan umum ra sah milih sapa-sapa meneh. Tur sapa wae sing dadi ya ora nggenah. Mendhing ngenteni tekane Erucakra wae. Nek ana omongan, “Miliha sing bisa nyelametake negara.” Ayo diwangsuli wae bareng-bareng, “Halah, taek!” Senadyan jaman wis lan bakal sansaya modern. Dudu perkara mokal menawa manungsa bakal tetep duweni rasa wedi tur ajrih marang saperangan kedadeyan utawa panggonan. Anane rasa kuwi ora amerga saktemene wedi, nanging rasa khurmat sing banget. Tanpa pakurmatan, manungsa kaya-kaya kelangan punjering pepuja puji panutan. Utamane rasa khurmat marang alam.
Saben jaman duweni papan keramat versine dhewe-dhewe. Uga gumantung kaya kepiye watek masyarakate. Ing kutha, sing diarani keramat ora adoh teka babagan sing medeni. Kamar mayit, tilas gedhong Walanda, tilas rumah sakit, utawa omah lawas sing ora dinggoni meneh jalaran sing duwe omah kendhat ing omahe dhewe. Bandhingake karo wong desa. Paling ana papan-papan sing mirip kaya papan medeni ing kutha, nanging ana papan-papan khas desa sing luwih medeni tinimbang sing ana ing kutha. Tibane papan medeni sing ana ing desa dudu meneh diwastani ‘kebak memedi’, luwih trepe papan sing wingit. Isih kelingan crita horor KKN Desa Penari sing lagi wae viral ta? Sajroning crita bisa awak dhewe mangerteni ana akeh papan sing dikeramatake dening warga. Wiwit teka sendhang nganti alas sing jembar banget. Miturut crita KKN Desa Penari papan-papan kuwi minangka papan leluhur utawa papan omahe barang alus sing pancen wingit, mula dikeramatake. Cilakane mahasiswa sing KKN ana ing desa kuwi jebul rada ‘owah pikirane’. Orane manut apa tembunge sing duwe omah, nyatane malah nranyak. Tumindak-tumindak ora nggenah nekat dilakoni ana ing papan keramat. Umpama crita kuwi tenanan, apa mahasiswane sing bejat kuwi ora dhong tegese ‘wingit’? Masa enak-enak ana ing omahe ‘sing mbaureksa’? Apa ya ora kuwat nyewa kamar? Senadyan ora percaya marang babagan ghaib kaya mengkono apa ya ora kepikiran kanggo nglegani kanthi nurut apa ujare adat desa? Awak dhewe mesthi nate keprungu ta crita-crita bab panggon keramat? Embuh ana ing desa utawa ana ing kutha. Sok-sok tuwuh penasaran kanggo mbuktekake, sok-sok mendhing nampa apa ujare adat tinimbang kuwalat. Mungguhe wong Jawa, keramat ateges netepake rasa khurmat. Dudu wedi apa meneh jirih. Kuwi perkara sing beda banget. Ing cara pikir Jawa daya keramat iki dibutuhake ben samubarang asli teka jaman dhisik bisa tetep kejaga. Kejaga asline, kejaga lestarine. Ora sithik panggon-panggon sing dikeramatake wong Jawa. Saben daerah mesthi beda panemu. Selaras miturut daya pikir mistik uga sejarah ing desane. Ing daerah cedhak kali sing dikeramatake ora adoh teka babagan kali. Ing daerah gunung sing dikeramatake bisa uwit, curug, lsp. Anane kekeramatan tuwuh jalaran kedadeyan bersejarah sing ana ing kunu utawa panemu mistik lokal sing ana gathukane kaya daya kakuwatan ghaib banjur ana sing nate weruh daya kakuwatan ghaib kuwi. Alam Keramat Ana watu sing saben dina dijujug dening warga. Ana wit sing saben Jemuwah rame wong teka. Ana alas sing dibenke lan ora nate ditebangi. Ana kali sing saben dina tatemtu dikelini kembang-kembang. Ana prapatan utawa pratelon dalan sing mesthi diwenehi suguh. Kanggo apa kuwi? Kandhane wong sing ora ngerti, tumindak kaya ngono ki ‘musyrik’. Kamangka kedadeyan pakurmatan kaya mengkono luwih jeru, ora sewates bab musyrik apa orane. Kanthi anggepan ‘keramat’ manungsa dadi luwih ngati-ati. Ora grusa-grusa tumindak sakpenake dhewe. Apa meneh anane sesanti memayu hayuning bhuwana. Tujuwane ora liya kawujude selarasing jagad ageng lan jagad alit. Rasa khurmat marang panggon ‘keramat’ ngewenehi jarak marang manungsa-manungsa usil sing sok marai rusake alam. Percaya apa ora, ana papan keramat sing nek diterak marai kuwalat mula ora sithik sing buwang-buwang tumbal ben ngendani kuwalat. Mula nek ana wong rada ilang nalare muni, “Tumindakmu musyrik!”. Wangsulana wae, “Ya ngene ibadahku, ibadahku kudu bisa dadekake selamete alam. Jaremu ibadahmu bisa ana ngendi wae, kena ngapa kowe mung sembahyang ana ing mesjid, gereja, pura, utawa wihara? Kena ngapa ora ana ing alam?” Kuwalat Keramat Pabrik sing kasil madeg ing alas, gunung, lsp banjur ngewenehi tumbal manungsa akeh durung mesthi dadi sarana uwal teka kuwalate keramat. Malah bisa uga dadi sumbering kuwalat sing luwih nemen. Ngene wae. Ing sawijining daerah keramat arep ana pabrik semen sing arep dibangun. Wayah mbangun pabrik saben dina mesthi ana kuli utawa tukang sing mati. Banjur wong dhuwuran pabrik ngupaya ben pembangunan bisa lancar kanthi golek tumbal. Kanthi direwangi dukun, wong dhuwuran bisa ngewenehi satus tumbal marang sing mbaureksa. Pungkasane pembangunan pabrik tetep mlaku lan dadi. ‘Entek amek kurang golek’. Sakwise mlaku lan ngadeg para dhuwuran rumangsa nek pabrik kurang jembar. Akhire wong dhuwuran ngambakake wilayah pabrik. Alas kiwa tengen dibabat entek. Wit-witan ditanduri pondasi pirang-pirang. Masyarakat sing dhisik ing wiwitan pembangunan pabrik sithik-sithik trima apa sing arep ditindakake pihak pabrik marang alame. Apa meneh nek pancen pembangunan pabrik marai masyarakat entuk pangupaning jiwa sing luwih ajeg. Awit kerja ana pabrik, warga sansaya sugih. Ana sing nebas motor telu utawa tuku mobil nek prelu montor mabur. Sing wigati ora prelu golek kayu utawa mbedhag manuk. Nanging nganti pirang taun kahanan tentrem, jenjem, lan aman kaya mengkono? Ing bagiyan crita sing beda. Jebul nalika mbangun uga ngambakake pabrik, wong dhuwuran pabrik ora niliki kepiye nasibe alam sing dijejegi beton. Nganti ing salah siji mangsa, limbah pabrik mumbul ing angkasa. Kali-kali reged ngadubillah dikelini tilas olahan pabrik. Lemah nolak ditanduri tetuwuhan babar blas. Ambegan antep golek ombe utawa adus kudu ngedhug sumur nganti atusan meter. Awak kerasa lara-laranan. Pikiran tansah abot senadyan wis gajian. Rumangsa ana sing ora pener nanging ora bisa mangsuli. Nek wis kaya mengkono apa bisa ditegesi uwal saka kuwalat? Gaji akeh ing pabrik apa sumbut karo enteke alam? Rejekine awak dhewe setaun rong taun malah dadi dalan patine anak putu ing tembe mburi. Sejatine sing mbaureksa ora nate jaluk tumbal kanggo pembangunan pabrik. Nyatane sing mbaureksa pengin menging thok. Sejatine sing dadi tumbal malah diselametake Gusti teka kahanan kiamat amerga kuwalat sing luwih dawa lan nggegirisi. Banjur sing nampa sapa meneh nek dudu anak turun? Rajabrana sing diwarisake kudu dikumbah getih. Dirasa-rasa agama ki pancen kaya permen. Nek entuk omong merk, agama kuwi semu kaya permen nano-nano. Legine ana, kecute ana, asine ana, lan paite mesthi ana. Sakrasa sing saiki paling akeh diomongake ing media sosial lan kajian-kajian saka dai, ustad, utawa ustadzah kasil ‘cangkok’ yaiku Islam sing dianggep rasane ‘lawaran’.
Paribasan arak, tuwak, ciu, lan sekabehaning omben-omben tradisional sing marai nge-fly, kira-kira kaya mengkono agama. Lumrahe jagoan omben sing kadhung dhug-dheng. Para pendakwah ‘cangkok’ biyasane demen marang agama sing rasa ‘lawaran’. Beda karo pendakwah Islam jenis liya sing kudu nyocokake cara dakwah marang adat budaya salah sawijining panggonan. Mula saka kasil nyocokake kuwi metu Islam rasa-rasa gumantung rasa apa sing disenengi. Ibarat arak, nek ora sanggup lawaran ya dicampuri fruitea, kokakola, teb, panta, lan omben-omben campuran liyane. Senadyan dioplos nanging para pendakwah sing mawa cara ‘kompromi’ kuwi tetep duwe takeran sing pas, amrih becike kaya piye ben rasa arak (Islam) mau ora kalah mungsuh oplosane (adat lan tradisi). Bali meneh marang ombenan. Wayah nglumpuk kanggo ngombe, aja lali nyepakake tambur. Ngeleg arak tanpa tambur mesthi telake seret tur panas. Sansaya perih nalika mlebu weteng. Mula anane tambur kuwi wigati utawa penting banget. Anggep wae tambure kanggo ngeleg arak agama kuwi kawruh utawa ilmu pengetahuan. Bayangake lan sawangen wong-wong sing ngugemi agama tanpa didhasari ngelmu, ya cetha ngelu, lan mabuk amerga pikirane wis dikebaki widadari utawa widadara. Sakjane ngibaratake agama karo arak, ciu, tuwak, lan omben-omben sing marai mabuk ki ora patut. Nanging arep dipadhakake apa meneh nek nyatane saiki akeh wong sing padha klenger amerga ‘ngrumangsani’ njejegake piwulang agama? Masa dipadhakake ganja? Apa dipadhakake kecubung? Apa dipadhakake gadung? Masa iya dipadhakake omben-omben kelas sing sliweran ana panggon klubing ya ora mungkin. Awit saka kuwi mendhing dipadhakake omben-omben rupa arak, ciu, lan omben-omben mabukan tradisional wae, jalaran omben-omben kuwi sing paling akeh riwa-riwi ing satengahing masyarakat. Tur ora nalar sisan ta neng pos rondha ana mbah-mbah lagi ngrondha nanging ombenan kanca meleke Jack Daniel’s. Alesane apa kok agama kuwi bisa marai candu utawa mabuk? Lan kena ngapa agama kuwi nganti bisa nyawiji marang kabudayan lokal, neng kene khususe kabudayan Jawa. Kena ngapa wong-wong mabuk amerga agama sajake bisa awak dhewe anggep saka dogma sing kebacut diwulangake. Iming-iminge rak, nek kowe mbela agama ganjarane swarga, nek kowe ora mbela agama ganjarane neraka. Iming-iming modhel kaya ngene iki barang sing lumrah banget sajroning ajaran agama apa wae sing anggone lair ora saka Nuswantara khususe Jawa. Dening para ‘pemabuk agama’ neraka ki posisine pancen meden-medeni, lan anane swarga kuwi tujuane ya kanggo nggoda. Sakliyane kuwi apa meneh? Ya cetha ana faktor liyane, nanging sing kelakon saiki rak ora adoh saka anggepan bab neraka sing ngancam lan swarga sing nggoda. Banjur kena ngapa kok neraka-swarga dadi sarana dakwah? Bisa uga saka alam pikir sing kadhung diwenehi angen-angen, mawa ayat, tumindak becik, lan dosa. Tanpa kuwi kabeh, ora mungkin agama sing sakliyane agama ing Nuswantara/Jawa bakale payu kaya saiki. Mau wis ditulisake ing dhuwur nek agama sing nawani neraka lan swarga kuwi rata-rata ora mbrojol ing tlatah Nuswantara utawa Jawa. Ing tlatah Jawa dhewe, saka rerasan klawan para sepuh spiritual sing kulina tumandang gawe kesenian, swarga lan neraka malah dianggepe ora ana. Miturute wong-wong religius Jawa, swarga lan neraka anggone lumaku bebarengan ana satengahing donya. Ora sah ngenteni mati, swarga lan neraka saben dinane bakal krasa. Kowe nglakoni apik kuwi swarga, kowe nglakoni samubarang ala kuwi neraka, mengkono ujare salah sijine wong sing mituhu kejawene. Tekan seprene isih pating keleler tata cara dakwah sing mulangake agama rasa ‘arak lawaran’. Senadyan wis rada suda amerga ketibanan isu 22 Mei, nanging 22 Mei kuwi sithik akeh amerga demen ngombe agama rasa lawaran. Perkara ngene iki pancen mbebayani, ora sewates mbebayani mungguhing wong sing kebacut mabuk amerga agama rasa lawaran, nanging uga mbebayani kanggo sing nulis iki barang… Ing desa-desa isih akeh sing ngugemi para pendakwah sing sok ngoplos piwulang agama karo kaluhuran budaya, nanging ing rasa ati iki kaya kebak wanti-wanti jalaran wong sing seneng agama lawaran kuwi sansaya akeh. Kahanan kaya ngene bisa diawasi saka fenomena hijrah, politik, lan sumebyare dakwah kanthi cara ngepolake dalan media sosial. Nek wis kepepet fenomena kaget nindakake agama ngene iki, pitakonane mung siji. Awak dhewe bakal ngombe agama rasa lawaran apa rasa oplosan? Arep garingan apa nganggo tambur? Mangga dipilih dhewe-dhewe. Nek pengin luwih ngerti bab Islam rasa Jawa lan Islam rasa arak, panjenengan bisa teka ing Diskusi Sambi Ngopi sesok dina Jemuwah tanggal 24 Mei 2019 ing Pendhapa MMTC Yogyakarta, jam 19.30 nganti rampung. Nek arep melu lan pengin weruh panggone sisih ngendi bisa kontak menyang WA-081391036155. Benarkah kita sudah terlepas dari akar budaya Jawa kita sendiri sehingga ramalan Sabdo Palon Naya Genggong senantiasa kita gemakan sebagai wujud rasa hasrat kita untuk melakukan purifikasi budaya Jawa? Apakah budaya Jawa sedemikian terancam? Seandainya memang terancam, kenapa kita memilih untuk mendasarkan argumen kita pada nubuat Sabdo Palon Naya Genggong yang begitu membuai?
Jika ditelaah secara nyata berdasar bukti-bukti sastra dan sejarah, tentu sembari melepaskan pakaian ‘ilmu batin’, maka akan didapati sebuah fakta bahwa Sabdo Palon Naya Genggong adalah tokoh yang sarat akan irasionalitas. Tidak masuk akal, dan terkesan dipaksakan. Namun tidak menutup kemungkinan bahwa Sabdo Palon Naya Genggong bukan sekadar tokoh imajinatif melainkan seseorang yang pernah hidup di masa akhir Majapahit hanya saja namanya disamarkan. Seperti perumpamaan Jawa yang berbunyi wong Jawa kuwi panggonane semu. Perumpamaan ini diasumsikan oleh Sudibyo, Dosen FIB UGM, bahwa masyarakat Jawa merupakan masyarakat yang penuh dengan simbol. Sampai sejauh yang kita tahu tokoh Sabdo Palon Naya Genggong ini digubah oleh R.Ng. Ranggawarsita. Menurut Sinung Janutama, R.Ng. Ranggawarsita menulis ramalan Sabdo Palon Naya Genggong berdasarkan cerita tutur tentang Jangka Jayabaya yang sudah diturunkan secara intens dari generasi ke generasi di dalam lingkup keluarganya. Dengan demikian kita bisa sedikit menyimpulkan bahwa cerita ramalan Sabdo Palon Naya Genggong mulanya berbentuk tradisi lisan yang kemudian ditranskrip oleh R.Ng. Ranggawarsita dengan tujuan tertentu. Tujuan penulisan ramalan Sabdo Palon Naya Genggong dapat kita terka sebagai upaya penyaringan terhadap fenomena westernisasi di setiap sendi kehidupan masyarakat Jawa saat itu, seperti yang diuraikan Denys Lombard dalam bukunya Nusa Jawa: Silang Budaya, Batas-Batas Pembaratan. Hampir serupa dengan apa yang dipercaya Anjar Any dalam bukunya Ramalan Sabdo Palon, Ranggawarsita, dan Jangka Jayabaya, fungsi dari keberadaan ramalam Sabdo Palon Naya Genggong beserta ramalan-ramalan Jawa lain yang sejenis, ialah untuk merangsang tindakan-tindakan heroik dalam rangka melawan penjajahan. Dari perspektif Denys Lombard dan Anjar Any di atas maka tidak ada salahnya kalau kita mendudukkan ramalan Sabdo Palon Naya Genggong sebagai sarana penentangan masyarakat Jawa melalui ranah keilmuwan sastra guna menolak tradisi ‘Barat’ yang dibawa kolonial dan banyak diterapkan oleh pejabat-pejabat bangsawan Jawa waktu itu. Terlepas dari fungsi ramalan Sabdo Palon Naya Genggong, mari kita bicara tentang siapa sebenarnya Sabdo Palon Naya Genggong. Kita tidak akan tergesa mengatakan bahwa Sabdo Palon Naya Genggong semata tokoh fiktif karena ada peribahasa wong Jawa kuwi panggonane semu, dan kita juga tidak akan gegabah menyatakan kalau Sabdo Palon Naya Genggong merupakan tokoh sejarah karena kita sendiri tidak memiliki bukti valid apapun. Sebelum mengulas tentang Sabdo Palon Naya Genggong ada baiknya kita telaah tentang raja yang dimong oleh Sabdo Palon Naya Genggong yaitu Prabhu Brawijaya V. Nama Brawijaya V, bahkan nama Brawijaya, sama sekali tidak dituliskan di karya sastra dari era Majapahit, termasuk di masa-masa kehancurannya. Nama Brawijaya adalah nama yang baru muncul di masa pasca hancurnya Majapahit seperti yang ditulis di Babad Tanah Jawa, Serat Kanda, dst. Timbul Haryono dalam artikelnya yang berjudul Kerajaan Majapahit:Masa Sri Rajasanegara sampai Girindrawarddhana menyatakan bahwa berdasarkan prasasti-prasasti dari Giridrawarddhana yang berangka tahun 1408 Saka masih menyebutkan namanya sebagai “…Sri Maharajashri Wilwatikta”. Berbeda dengan keterangan yang terdapat di Serat Pararaton yang menyatakan bahwa Bhre Kertabhumi adalah raja terakhir Majapahit yang meninggal pada tahun 1400 Saka. Meski berbeda antara Serat Pararaton dengan prasasti dari Girindrawarddhana, kiranya anggapan yang mengatakan bahwa nama Brawijaya merujuk pada salah satu diantaranya memiliki dasar yang cukup kuat dan logis. Satu fakta pertentangan yang lumayan berat ialah kontroversi terkait kapan tepatnya Majapahit runtuh. Tradisi tutur yang berangkat dari Serat Pararaton percaya bahwa keruntuhan Majapahit ditandai dengan sengkalan sirna ilang krtaning bhumi atau sama dengan tahun 1400 Saka. Akan tetapi bukti prasasti dari Girindrawarddhana yang pada tahun 1408 Saka masih menuliskan namanya sebagai maharaja Majapahit justru memberi fakta yang berlainan. Sampai pada titik ini kita mengantongi dua nama yang berbeda dari Prabhu Brawijaya V, yaitu Bhre Kertabhumi dan Dyah Ranuwijaya Girindraarddhana. Beranjak pada titik berikutnya yakni terkait proses keruntuhan Majapahit yang masih penuh misteri. Bagi kalangan ‘kejawen’ yang memiliki misi purifikasi budaya Jawa, keruntuhan Majapahit adalah akibat tindakan barbar para pasukan Demak yang mewakili Islam. Ricklefs sedikit banyak memberi daya dukung terhadap misi purifikasi budaya Jawa tersebut dengan anggapan bahwa titik kemunduran budaya Jawa memang ditandai dengan masuknya Islam dan keruntuhan Majapahit. Kaum kebatinan Jawa memperkirakan bahwa pada saat penyerangan Demak ke Majapahit saat itu pasukan Demak tidak hanya menghabisi nyawa tetapi juga menghancurkan arca-arca dan membakar kitab-kitab agama yang dipeluk masyarakat Majapahit (berdasarkan wawancara dengan juru kunci Gua Gembyang, Mojokerto, 2013). Namun ada fakta lain yang menunjukkan bahwa pada masa penumpasan PKI yang dilakukan Ansor dulu, arca-arca juga ikut menjadi korban (berdasarkan keterangan dari Nugroho Pambudi, ketua Komunitas Jawa Kuna Sutasoma). Logikanya ialah ketika pasukan Demak melakukan penyerangan ke Majapahit, raja terakhir Majapahit yang sedang dalam pelarian pasti ditemani oleh para prajurit yang masih setia dan tentu saja ditemani juga oleh beberapa ‘staf ahli kerajaan’. Raja terakhir Majapahit yang dalam pelarian ternyata juga memiliki beragam versi. Ada yang mengatakan kalau Raja terakhir Majapahit berlari menuju Blambangan, ada yang percaya kalau beliau lari ke gunung Lawu, dan masyarakat Gunungkidul meyakini kalau Raja terakhir Majapahit bersinggah di pantai Ngobaran lalu melakukan pati obong. Untuk urusan kemana destinasi Raja terakhir Majapahit tidak akan dipermasalahkan. Kita akan mencoba mengulas tentang orang-orang yang mungkin ikut serta dalam pelarian saat itu, sehingga kita bisa mendekati fakta tentang siapa sebenarnya Sabdo Palon Naya Genggong. Bersambung…… Apa ta tetengere manungsa Islam kuwi? Nek ora salah kudu nindakake rukun Islam cacah lima Rukun Islam isine ya sahadat, shalat, zakat, pasa, lan haji. Nanging kena ngapa ing mangsa saiki kok nganti akeh sing ngarani nek Islam Jawa kuwi dudu Islam sing sejati? Padahal, kamangka, nek cara kasarane rukun Islam lan rukun Iman neng Jawa jebul malah sansaya sampurna amerga ana sing arane ‘tata krama’ lan ‘piranti seni budaya’. Dadi nek ujug-ujug ngunekake Islam Jawa kuwi dudu Islam sing sejati ya cetha-cetha kleru.
Nek neng tlatah Arab tata krama kuwi langka, neng tlatah Jawa malah turah-turah. Saben tumindak mesthi ana tata krama sakliyane tata cara. Neng tlatah Arab arang ana sesrawungan antaraning liyan, embuh kuwi sing agamane Islam utawa ora, neng Jawa wong-wong bisa tansah sesrawungan kanthi sarana seni budaya. Ngene iki penake dipretheli baka siji. Ben awak dhewe bisa nyekak wong sing ladake pol-polan sambi muni-muni nek Islam Jawa kuwi Islam nanggung. Itung-itung melu ngramekake sasi pasa ‘ramadhang’, senadyan pasane wae embuh-embuhan. Hehe. Ben luwih mantep, dalile ora nganggo dalil-dalil Islam kaya ta Qur’an lan Hadits, nanging dalil-dalil saka kitab, serat, utawa karya-karya Jawa. Blaka wae. Amerga syarat ben dadi wong Islam kuwi kudu nindakake rukun Islam lan percaya marang rukun Iman, cetha ora sepira angel entuk status Islam kanggo manungsa umume. Perkarane neng tlatah Jawa rukun Islam lan rukun Iman sing wis mapan malah ditambahi. Anggone nambahi adoh saka sedurung wong Jawa dhong isen-isene Qur’an lan hadits, utawa kasarane alami anggone nambahi. Natural saka tata cara urip sing wis tansah diturunake dening para leluhur. Kanthi langsung utawa ora langsung. Nek kanggo rukun Islam nomer siji kudu disisihake dhisik amerga kuwi sing paling inti tur dadi kunci manungsa dadi Islam. Nanging ing rukun Islam nomer loro nganti nomer lima sejatine wong Jawa wis kulina nglakoni. Shalat Tembung Liyane Sembahyang Akeh sing wis nulis lan ngomongake nek shalat kuwi jan-jane ya sembahyang. Sembahyang bisa diarani sembah lan hyang. Dadi intine sembah marang Hyang. Nalika Islam durung mlebu lan wong-wong Jawa isih akeh sing agamane Hindhu utawa Siwa-Budha, sembahyang kuwi wis dadi laku utama. Logikane rak nek wong duweni agama mesthi duwe ritus manembah ta? Hakikat inti piwulang Hindhu (sanata dharma) salah sijine yaiku sembahyang. Amerga dadi sanata dharma, mula sembahyang mungguhing agama Hindhu kuwi tegese wajib. Saka website www.gamabali.com sembahyang duweni inti percaya, mulane saben pikiran uga tumindak mujudake ‘bhakti’ marang unsure iman (sradha). Miturut kitab Atharwa Weda XII.1.1, sing munine: “Satyam brhat rtam ugram diksa tapo, Brahma yajnah prthivim dharayanti” Unsur Iman utawa sradha sajroning agama Hindhu yaiku, satya, rta, tapa, diksa, brahma, lan yadnya. Saka enem unsur kuwi, rong unsur pungkasan klebu piwulang kanggo sembahyang. Bedane bentuk sembahyang sing wis dikenal dening wong Jawa kuwi malih rupa nalika Islam mlebu. Senadyan bentuk sembahyang wis beda, tetep wae wong Jawa olehe ngarani shalat ya sembahyang. Masalahe embuh ngapa istilah sing beda kuwi sansaya diruwetake. Akeh ustad utawa ulama sing ngandhani ben masyarakat, khususe wong Jawa, ora nganggo tembung sembahyang meneh kanggo ngarani shalat. Fatwane ngene, “shalat ya kudu shalat, dudu sembahyang”. Kamangka, padahal, intine padha. Sembah duweni teges sujud utawa sungkem. Banjur Hyang duweni makna ‘sing dimuliyakake’. Lha Gusti Fengeran sing asmane Allah kuwi rak pancen kudu disembah uga dimuliyakake. Terus ngapa ndadak repot ngurusi wong Jawa sing wis kebacut tresna ngarani shalat kuwi sembahyang? Ora Kaget Zakat Dijupuk saka artikel ilmiahe Sukmawan Wisnu Pradanta, sakkanca. Kanthi judhul Kajian Nilai-Nilai Budaya Jawa Dalam Tradisi Bancaan Weton di Kota Surakarta. Dimuat ing jurnal Lingua, Vol.12, No.2, September 2015. Diandharake nek tradisi ngujubake lan bancakan utawa slametan wae ora luput saka dakwa syirik lan musyrik. Malah penulise uga duwe panemu menawa wong-wong sing ngaku modern kuwi ora luwih maji tinimbang wong-wong lawas sing isih ngugemi slametan utawa bancakan. Alesane yaiku, wong sing isih jaga slametan lan bancakan bakal tansah sesambungan mring sapadha-padha manungsa uga sesambungan marang donyane Gusti. Jal ditiliki wacanan ujub ing ngisor iki rak duduhake nek wong Jawa kuwi sadar nek dheweke manjing nyawiji marang Gusti, leluhur, alam lan sapadha-padha. Nini among Kyai among, ngaturaken pisungsung kagem para leluhur ingkang sani nurunaken jabang bayine….(jenenge sing diwetoni disebut)… mugi tansah kersa njangkung lan njampngi lampahanipun, dados lare utawi tiyang ingkang tansah hambeg utama, wilujeng rahayu, mulya, santosa, bandha lan begja kang teka, kabeh saka kersaning Gusti. Ibu bumi samara bumi cikal bakal dhanyange…(disebut papan omahe sing bancakan)… iki pas tiba wetone… (sebut jenenge sing wetonan)… iki tak opahi sega janganan sakisine, iki enek kembang setaman, inthuk-inthuk nek enek kurange tukua dhewe, aku njaluk sih kawelasanmu paringana bagas waras uga rahayu slamet dawa umur lan murah rejekine. Mar-marti, kakang kawah adhi ari-ari, otot puser sing metu saka marga ina lan sing ora metu saka marga ina, sing metu bareng sedina, nini among, kaki among, sing ngemongi jiwa raganingsun, mban-mbanana aku rinten klawan dalu, tak opahi…. Wacanan ujub neng dhuwur kuwi mung cuplikan, ora kabeh. Tur saben daerah ing tlatah tutur basa Jawa mesthi duweni wacanane sing beda. Nek sing dhuwur kuwi dijupuk saka ujuban ing kutha Solo. Bayangake wae, ora mung kanggo sing urip, sing alus wae diwenehi bancakan kok. Nek dipikir-pikir wangsa Jawa kuwi wangsa sing kebangeten olehe kerep-kerep ngaturake rasa syukur marang Gusti Fengeran utawa Gusti Allah. Lha wong sithik-sithik slametan, sithik-sithik bancakan. Dadi nek Islam teka banjur ngewajibake kanggo zakat wong Jawa ya ora gumun tur ora kaget. Saiki ana kedadeyan apa wae mesthi dislameti dening wong Jawa, senadyan slametan wis arang dilakoni meneh dening wong Jawa nanging saka pakulinan slametan kuwi sing anjalari wong Jawa ora rewel nalika teka wayahe zakat. Wayah weton slametan, wayah dina ulang taun slametan, duwe sapi slametan, duwe motor slametan, duwe bojo anyar slametan, duwe kulkas anyar slametan, duwe anak banjur dijenengi Ahmad Slamet Slumun Slamat uga slametan, lsp. Lha zakat ya mung setaun pisan. Ujare wong Jawa “sepira ta abote aweh zakat, mben dina ya wis slametan” Tur zakat kuwi ora ruwet babar blas. Syarate ya ora abot banget. Bandingake wae karo pakulinan slametane wong Jawa. Saben slametan kanggo nylameti kedadeyan apa wae kudu pener ubo rampene. Kudu selaras marang kedadeyan apa sing dislameti. Amerga slametane wong meteng cetha beda karo slametane wong mati. Utawa malah slametane anak sing lair dina Minggu Kliwon mesthi seje karo slametane anak sing lair dina Senin Pahing. Ngono wae ujube ya beda-beda. Intine zakat lan shodaqoh miturut Islam rak ngresiki bandha. Lha nek wong Jawa wis kerep slametan banjur melu urun zakat sisan tegese resik banget bandha-bandhane. Paling sing marai wong asli Jawa arang banget anggone sugih tinimbang turunan Arab lan Cina. Lomane yak-yakan…emhhh… Kulina Pasa Sedurung Islam mlebu tlatah Jawa kahanan wong Jawa sajake wis kebak dina-dina pasa. Logikane jaman biyen (sedurung Islam mlebu) Jawa kuwi akeh perang, perang butuh dana, amerga butuh dana rakyat uga kudu kerep pasa ben bisa setor marang panguwasa. Nek ora setor malah dienteki donyane dening para panguwasa. Mula raja ya ora luput saka cela. Kuwi nek cara kasare. Lha nek cara aluse kepiye? Isih kelingan Hamukti Palapa Mahapatih Gadjah Mada? Miturute Dwi Cahyono, arkeolog saka Malang sing aweh katrangan marang www.historia.id dheweke duwe panemu nek Hamukti Palapa kuwi mangan sega thok thil tanpa lawuh. Selaras karo panemune Slamet Muljana ing Pemugaran Persada Leluhur Mahapahit, dheweke madhakake Hamukti Palapa karo wong tapa. Wong sing ngalapa bisa diarani pasa mutih amerga mung mangan sega lan ngombe banyu putih. Amrih piye carane mangan tanpa nyecep rasa liya. Embuh kecut, pedhes, legi, utawa asin. Intine pait, utawa saking paite pungkasane dadi lawaran. Diruntut menyang jaman sing luwih tuwa. Akeh sing wis ngewenehi tuturan nek tembung ‘puasa’ utawa mungguhing wong Jawa diarani pasa kuwi dijupuk saka basa Sansekerta upawasa. Banjur Islam mlebu lan nggawa sing arane shaum utawa siam. Senadyan beda tembung nanging konsepe tetep padha. Sing unik apa? Nek akeh wong sing Islame kebangeten ngakon ngganti tembung sembahyang dadi shalat, lha iki wong-wong kuwi isih ajeg nganggo tembung ‘puasa’ kok. Buktine ya ora diganti dadi shaum utawa siam. Tetep nek ngomong ya selamat menjalankan ibadah puasa, ora banjur selamat menjalankan ibadah siyam? Sakliyane kuwi pasa nek sajroning Islam tujuane yaiku sesok nalika bada utawa riyaya manungsa Islame bisa balik menyah fitrah utawa suci. Jebulane uga padha kaya arti saka tembung upawasa sajroning kitab Agni Purana sing tegese balik dadi suci. Miturut Wiwin Widyawati, dosen sastra Jawa, FIB, UGM, ing Serat Kalatidha: Tafsir Sosiologis lan Filosofis Pujangga Jawa Terhadap Kondisi Sosial, aweh keterangan nek tembung tapa bisa dibolak-balik karo laku pasa. Susiyanto, M.Ag sajroning website personale www.susiyanto.com uga ngarani nek akeh bukti sajroning karya sastra Jawa nek tembung tapa duweni isen-isen kaya ta sembahyang lan pasa, klebu tazkiyatun nafs. Praktek pasa ora selawase saka awake dhewe. Ora sethithik manungsa sing kepeksa pasa. Nanging inti saka pasa tetep balik marang awake manungsa dhewe. Ora urusan pasane amerga kepeksa utawa pancen rasa lila. Bab iki nek digoleki menyang literature kitab Jawa bakal gathuk ing critane Lubdhaka. Sajroning Kakawin Siwaratrikalpa sing diserat dening Mpu Tanakung abad 15 Masehi. Lubdhaka iki pemburu utawa wong ala sing ketiban begja amerga tanpa dheweke ngerteni wis nglakoni puja siwaratri. Pas dina siwaratri dheweke mbedhag kewan. Saka esuk nganti awan ora entuk kewan. Ana ing ngomah bojo lan anake wis ngenteni panganan. Nanging gandheng durung entuk kewan, akhire Lubdhaka ngaso kanthi cara menek wit sambi ngematake telaga panggon ngombene kewan-kewan. Pikire mbok menawa ana kewan sing ngombe langsung dipanah. Diterangake ing www.wmegawati.blogspot.com ing dhuwur wit Lubdhaka ungsreg, wedi nek dheweke keturon. Mula kanggo nglipur atine, Lubdhaka methik godhong sing ana wit banjur disawatake menyang telaga. Dilalah ing njero banyu telaga sing disawati karo godhong kuwi ana Siwalingga sing alami, utawa Siwalingga sing dibentuk dening alam. Dadi wĕkasan mapet pangalimur harip mata sakeng takut makĕjĕpa, pinipik ikang rwan ing maja nirartaran tinibakĕn ring wway adalem ri dalĕm ikang tataka hana teki rakwa Śiwalingga nora ginawe, yata kahanan ingkang sakala wilwaparna tumibā tanohara minaha. (Wirama Aswalalita, 5:5) Saksuwene ora mangan (kepeksa pasa) kok ya ngepasi wayah Siwaratri. Nalika Siwaratri pisan, Lubdhaka ora sengaja muja Bhatara Siwa kanthi cara nyawatake godhong menyang Siwalingga. Nalika mulih Lubdhaka diwenehi mangan lan ngombe sakanane dening bojone, nanging sorene pas turu ketekan pati. Arwahe Lubdhaka galau. Ora ngerti kudu menyang ngendi. Bhatara Yama sing ngerti nek Lubdhaka ki wong ala arep nyaut arwahe Lubdhaka karepe dicemplungake neraka, nanging dipenggak dening Bhatara Siwa. Pungkasane, bar perang antarane Bhatara Yama nglawan Bhatara Siwa, sing menang Bhatara Siwa. Lan arwahe Lubdhaka diganjar mlebu Siwaloka. Banjur Bhatara Siwa aweh pangerten marang para gana kena ngapa Lubdhaka dilebokake swarga. hāh wwantĕn ta ya tang bratenulahakĕnya ndug sĕdĕngnyan dadi, atyantādhika ning bratanya ta ya kājar de nikang rāt kabeh, manggĕh ling nikang ādiśāstra Śiwarātripunya tan popama. (Wirama Sardulawikridita, 12:1) Ujare Mpu Tanakung (Siwaratrikalpa, 37:1, 5) ana telung brata wigati sing kudu ditindakake menawa pengin ngilangake ruweting pikir (bharanta), yaiku monabrata, upawasa, jagrabata. Jal, wong Jawa jaman biyen sing diwakilake Mpu Tanakung wis ngewenehi ancer-ancer ben pasa. Neng wong Jawa jaman rada anyar mula jenise pasa kuwi maneka warna. Ana pasa weton, pasa ngrowot, pasa mutih, pasa pati geni, lsp. Nalika Islam mlebu banjur ngewajibake wong Jawa kanggo pasa, mesthine wong Jawa duwe anggepan “oalah mung pasa”. Ora ateges nggampangake pasa, nanging nyata saking kulinane pasa. Apa ya Kudu Budhal Haji? Sajroning Islam diimbuhi tembung haji kanggo sing mampu. Nek rumangsa ora mampu lan nyatane pancen durung mampu ya piye meneh? Arab Saudi ki adoh. Cedhake ya mung neng Atlas, masa budhal haji via Atlas? Kelakon sing budhal haji mung drijine lhak’an. Nek nganggo cara kasar, jan-jane ka’bah kuwi rak ya ora beda karo pundhen ta? Nanging pundhen versine wong Islam. Nek pundhene wong Nasrani lan Yahudi ya beda meneh. Intine agama samawi sing isine Yahudi, Nasrani, lan Islam duweni pundhen punjering umat sakdonya. Beda karo wong Siwa-Budha Jawa jaman dhisik. Senadyan ngerti nek Hindhu saka tlatah India, neng Jawa isih ana pundhen-pundhen sing sah dianggep pundhene Hindhu. Ora kudu budhal menyang India. Perkarane ora kabeh wong Islam Jawa kuwi mampu budhal. Saiki daptar kaji wae kudu antri pirang-pirang taun. Durung menah beayane sing sansaya larang. Mula mungguhing wong Jawa sing pas-pasan duwe panemu nek haji kuwi bisa diganti, amerga prinsip lan konsepe padha kaya pundhen. Mula ora sethithik wong Jawa Islam sing sowan menyang pesareyane wali, minangka ganti durung bisane budhal kaji. Eh, lha kok disyirik-syirikake. Nek sing omong syirik dhasare wong sugih ya mangga-mangga wae, wong ya wis nate budhal kaji. Masalahe nek sing ngunekake syirik ki padha-padha wong pas-pasan. Rak ya kurang ajar. Nanging tetep wae ziarah wali sing tekan seprene isih rumeksa iki bisa dadi sarana dedonga lantaran kramate wali ben bisa budhal kaji. Alternatip ngibadah kaji miturut wong Jawa jaman dhisik utawa kajine versi wong Jawa sing agamane Siwa-Budha bisa ditiliki sajroning Kitab Tantu Panggelaran sing ditulis ing abad 15 Masehi. Dening Romo Zoetmoelder ing Kalangwan, Kitab Tantu Panggelaran iki klebu kitab Jawa Kuna. Kedadeyan pindahe gunung Mahameru saka tlatah Jambudwipa menyang Jawadwipa rak wis dadi pratandha nek agama Siwa-Budha sing ana ing India bisa dilakoni kanthi wutuh saka tlatah Jawa. Islam Jawa dudu Islam Nanggung Tekan semene wis bisa kewaca ta nek Islam Jawa dudu Islam nanggung? Kacamata Arabe dicopot dhisik digenti kacamata Nuswantara ben bisa nglarasake pikir. Nek nganggo kacamata Arab ya bakal saklek percaya nek Islam sing sejati ya Islam Arab. Nek ngono carane ya kana KTP-ne gantia Arab wae. Ngene iki aja banjur kok arani ngelek-elek Arab. Nanging nek ana wong cluthak ngunekake Nusantara, ya lumrah ta nek dibales ngunekake? Wong ya sing diunekake dudu Islame, nanging Arabe. Pokoke saiki prinsipe sansaya Jawa sansaya ngagama. |
Archives
December 2019
|