Wis entuk sesasi punjul sithik ing desa Cemengpura lagi usum wisata nyawang bidadari. Para wisatawan sing teka ora mung saka negara Indonesia dhewe, nanging ora sithik wisatawan mancanegara grudugan mara menyang Cemengpura. Rata-rata alesan para wisatawan kuwi yaiku amerga penasaran lan pengin mestekake tenan apa orane bidadari ing Cemengpura. Maklum, ngertine wisatawan bab bidadari mung saka crita-crita mitos.
Wak Lurah Sampir sakkanca sing ngurusi wisata bidadari ora tanggung olehe mbanderol regal an nggawe aturan. Rega wisata bidadari dibedakake. Nek mung nyawang regane telung juta rupiah, nek ndulit regane limang juta rupiah, nek ndulit sak omong-omongan karo bidadari regane mundak dadi sepuluh juta. Bidadari sengaja diselehake ana ing kandhang pitik, banjur payone ditutup rapet nganggo asbes. Pokoke direka kepiye carane bidadari mau ora bisa nyawang langit kanthi langsung, amerga nek bidadari mau pisan wae nyawang langit daya ghaibe bakal balik lan dheweke bisa bali mulih menyang Kahyangan. Para wisatawan uga kudu antri miturut nomer antrian sing wis dipesen. Senadyan cara pesene kuwi anut marang para pendaptar sing dhisik dhewe, nanging sok-sok pengurus wisata bidadari malah dhisikake sing wani bayar larang. Agus sing ndomblong nglamun amerga ditakoni Masnan lan Musnan durung aweh wangsulan bab bisnis wisata bidadari. Juwet nranyak, banjur muni, “aja kira wong desa ki bodho Gus. Wis bola-bali Wak Lurah Sampir dipenging para sesepuh desa supaya bidadarine diulihke, nanging dheweke ngengkel ora gelem.” Masnan sing kebak penasaran nakoni Juwet, “umpama ora ndang dibalekake bakal ana apa?” “Durung ngerti bakal ana apane, sing cetha bakal ana goro-goro!” Juwet menthelengi Agus. Agus isih mbidheg. Angen-angene mabur meneh. Saiki angen-angene mabur menyang kedadeyan ditemune bidadari. Bidadari sing saiki dikrangkeng banjur dadi wisata laris manis ing Cemengpura kuwi keconangan adus bareng kanca-kancane ing kali Sadar nalika wayah awan. Wong sing ngonangi para bidadari yaiku Mbah Bulus. Pikire Mbah Bulus nalika kae yaiku, “kok ana wong wedok adus kali awan-awan? Aja-aja ana pesta lesbi!” Pikiran Mbah Bulus sing kaya ngono ora liya amerga kakean mangan berita sing ora cetha jluntrungane. Gandheng Mbah Bulus klebu warga sing becik lan ora akeh rewel, dheweke langsung lapur menyang Agus. Keprungu warta bab bidadari adus bareng ing kali Sadar, Agus kemekelen. Senadyan Mbah Bulus meksa ben warta bidadari dibacutake marang Wak Lurah Sampir, nanging Agus emoh. Dheweke wegah nek nyatane warta sing digawa Mbah Bulus mung ngayawara. Mbah Bulus sing ngerti kelakuane Agus sing kaya mengkono ujug-ujug mangkel lan nesu. Tanpa cangkeman meneh, Mbah Bulus nyeret Agus kanthi peksa menyang kali Sadar. Untung kali Sadar ora adoh banget saka kantor desa. Nanging ya kuwi, Agus tetep cekikikan. “Aja nggawe suwara… Mlakune alon-alon wae.” Ujare Mbah Bulus nalika wis cedhak ing kali. “Karepmu, mbah... Khikhikhi…” Wangsulane Agus. Ing sakwalike wit poh Mbah Bulus ngintip para bidadari. Agus ora langsung ngetutake, dheweke isih angel ngampet ngguyu sing sansaya ngocak wetenge. Weruh patrape Agus sing tetep njengkelake, Mbah Bulus nyaut kerah klambine Agus kanthi seru banget. Meksa Agus ben melek matane. “Kae sawangen!” Omonge Mbah Bulus. “jfnuvayerfnuOI0887NFUWy!!” Semaure Agus. “Kowe omong apa?” Mbah Bulus ora krungu cetha omongane Agus. “prgmjaryu6489nahhwo&988#%$^%!!!” “Mulane nek karo wong tuwa kuwi ora kurang ajar! Wis kana lapura menyang Wak Lurah Sampir! Iki kedadeyan langka lho!” Agus angger manut prentahe Mbah Bulus. Dheweke aweh sikap hormat ala tentara banjur njranthal mlayu menyang kantor desa. Mbah Bulus lungguh anteng nyawang pupu-pupu putih, cengkir-cengkir gading sing gantung-gumantung kanthi apik, pakulitan sing putih banget, lan eseman manis para bidadari. Dheweke ora krasa nek wis lungguh ngenteni tekane Agus lan Wak Lurah Sampir nganti rong jam luwih. Para bidadari mentas saka kali, resik-resik awake, nyawang langit kaya ngarep-arep tibane embun langit. Mbah Bulus wiwit ora jenak. Dheweke tolah-toleh ngenteni tekane Agus, “suwe tenan bocah mau! Selak padha bubar bidadarine.” Ora let suwe saka pengarep-arepe Mbah Bulus. Ing dalan wis katon Agus lan Wak Lurah Sampir dikancani para pamong praja liyane uga para hansip desa. Mbah Bulus kaget ora karuan nalika weruh pacakane Agus sing wis beda. “Kowe ngapa nganggo sandhangan kaya wong tapa jaman biyen ngono kuwi?!” Pitakone Mbah Bulus. Agus mung mrecing amerga dheweke dhewe kepeksa dipacaki dadi wong tapa. Pitakonane Mbah Bulus malah disemauri Wak Lurah Sampir. “Kowe kelingan crita nalika Arjuna tapa aneng guwa banjur digodani pra widadari?” Mbah Bulus ngeling-eling, “oh, aku kelingan, nanging apa gathukane karo si Agus sing dipacaki kaya wong tapa?” “Critane Arjuna sing digodhani widadari nalika tapa kuwi ngemu teges nek widadari demen marang wong tapa. Mula si Agus tak pacaki kaya wong tapa. Durung meneh nek mlebu peritungan nek Agus sing paling enom ing antarane awak dhewe saiki!” Wangsulane Wak Lurah Sampir sambi cekikikan. Ing pucuking langit katon cumloroting teja. Miyak mega, nggusah angin. Mbah Bulus, Wak Lurah Sampir, Agus, lan para praja desa liyane kamitenggengen. Angkasa wiwit growak, wujud growake rada bunder. Saka growakan langit mudhun maneka warna cahya. Biru, abang, kuning, ijo, lan liya-liyane. Siji baka siji bidadari napak sadhuwuring pelangi. Para bidadari mlaku dhuwure pelangi prasasat mlaku ing lemah. Wak Lurah Sampir untung bisa ndang balekake pikirane sing kebak rasa gumun. Dheweke ngakon Agus supaya sila ing pinggir kali. “Ndang, Gus!” Kongkone Wak Lurah Sampir. Agus gegancangan mlayu nurut prentahe Wak Lurah Sampir. Dheweke mlumpati wit-wit gedhang, banjur merem lan lungguh sila ing sadhuwure watu ireng. Bar ing posisi sing wis direncanakake, Wak Lurah Sampir sengaja mbengok. Tujuane ben para bidadari noleh lan weruh si Agus. “Adhuh!! Cilaka!!” Mengkono uni swarane Wak Lurah Sampir saka sakwalike wit. Keprungu swara sing seru banget kuwi jebul ora kabeh bidadari noleh. Bidadari sing noleh mung siji, yaiku bidadari sing ngenteni wayah kanggo dheweke munggah langit jalur pelangi. Weruh ana pertapa agung, bidadari sing ing nomor urut pungkasan kamitenggengen. Tanpa dheweke ngerti, para kanca bidadari wis padha ngliwati pelangi lan mlebu ing growakan langit. Kanca-kancane ngundang si bidadari sing isih keri, “dhi…adhi!! Cepet munggaha!!” Nanging sega wis kebacut malih bubur. Adhine babar blas ora noleh. Nganti pelangi sing dadi dalan mulih mau musna, lan growakan langit ditutup, bidadari nomor urut pungkasan, dheweke tetep nyawang si Agus sing nyaru dadi wong tapa. Para hansip utusan Wak Lurah Sampir sing wis siyaga sakcedhake panggon mentase bidadari wis nggawa jala iwak lan kain ireng. Limang hansip mlaku alon-alon nyedhaki bidadari sing keri. “Elinga pesene Wak Lurah. Aja nganti bidadari kuwi nyawang langit!” Kandha salah siji hansip kanthi bisik-bisik. “Ya…” Semaur hansip sing liyane. Nalika wis ing mburi bidadari ana swara bisik-bisik sing aweh aba-aba. “Siji, loro, telu!!” “Aku ngerti kedadeyane, Gus!!” Bengoke Juwet sing mecah lamunane Agus. “Nalika kowe nyaru, nalika para hansip bajingan mau ngroyok bidadari siji, aku ana ing sisih kali sijine!” Masnan lan Musnan nyawang siji lan sijine. Agus sing mung mingkem ora semaur apa-apa, saiki kebak rasa nesu. Rasane pengin muntap, nanging ora mungkin amerga dheweke kudu ngrampungi tugas saka Wak Lurah Sampir kepiye carane desa Cemengpura entuk predikat desa mukjizat. “Kowe kleru ndelok paling, Wet. Aku ora melu lan ora cawe-cawe nalika bidadari mau kecekel.” Pungkase Agus sing emoh ngaku. “Kok kira mataku blero? Picek? Bidadari dipadhakake kewan wae. Dheweke kuwi senadyan dudu manungsa umume, nanging bidadari kuwi duwe hak kaya dene manungsa.” Juwet isih ora mudhun emosine. “Lha kok kowe malah mata-matakake aku?! Nantang gelut pa piye?!” Agus sansaya nesu. Wis kangelan nglerem hawane dhewe. “Gelut karo manungsa modhel dapuranmu kuwi ora guna. Karuwan gelut mungsuh debog. Eling-elingen, Gus. Manungsa kuwi makhluk sing kagetan. Amerga kagetan mulane sok-sok ora bisa mbedakake ndi sing mukjizat, ndi sing Tuhan! Lha wong kedadeyan aneh sithik wae wis disangka Tuhan.” Wangsulane Juwet rada nylimur, nanging sejatine dheweke duwe sasaran dhewe kena ngapa muni kaya mengkono. “Maksudmu ora bisa mbedakake ndi sing mukjizat ndi sing Tuhan ki kepiye?” Agus durung dhong tujuane Juwet omong kaya ngono, nanging let sedhela dheweke ngerti. “Oh, kowe meh dadi tunggak kanggo visi visioner-e desa? Heh?!” “Apa kandhaku mau Nan, Mus! Cetha ta ujare si Agus? Wak Lurah Sampir kanthi modhal bidadari lan cempe, dheweke duwe angen-angen ngadol desa mawa cara nggawe Desa Mukjizat! Mula bab cempe duwekmu kuwi nek bisa ra sah ngajak lurah cawe-cawe! Tinimbang mung nyugihake wong-wong perangkat desa!” Omonge Juwet marang Masnan lan Musnan. Masnan lan Musnan manthuk-manthuk. Arepe manut apa tembunge Juwet, nanging Agus ora kalah limpad. Dheweke migunakake akale sing wis kebacut reget. “Eh, ora bisa kaya ngono! Nek kowe karo nglakoni apa jarene Juwet, kowe wong loro bakal duwe urusan karo pulisi. Perkara iki dudu perkara baen-baen!” Ujare Agus marai Masnan lan Musnan thila-thilu. Masa ya mung amerga cempe kudu turu ing kunjara. Masnan sing wis mentok anggone mikir aweh omongan. “Tinimbang ora gathuk terus, mendhing sesok Yai Malik diundang, Wak Lurah Sampir uga diundang. Ben bisa rembugan bareng lan penak-penakan!” Musnan, Agus, lan Juwet pungkasane sarujuk karo sarane Masnan. “Tak enteni tekamu kabeh nggawa Wak Lurah Sampir lan Yai Malik jam sanga esuk. Aja telat. Nek telat cempe iki mendhing tak beleh tak gawe sate!” Imbuhe Masnan sedurung padha bubar mulih dhewe-dhewe
0 Comments
Masnan ndodhok, ngetutake duding drijine Musnan. Ora lali si Agus lan Juwet melu nyusul ndodhog. Agus lan Juwet padha sawang-sawangan. Jalaran ora dhong ana kahanan lan kedadeyan apa. “Cempe sing umur sedina wis nglairake cempe meneh?” Takone Masnan marang awake dhewe kanthi mbenakake kalung sarung sing modol morot.
“Cempe manak cempe?!” Saka omongane Masnan, Agus lan Juwet lagi sadhar nek kedadeyan kaya ngono kuwi nganeh-anehi. Cempe umur sedina sing nglairake cempe banjur ngembik, ngadeg, lan sendhenan ana ing pojok. Sajak kekeselen. Cempe anyar sing lagi wae nyawang donya bentukane saya aneh. Wulune glow in the dark, murup warna kuning ing satengahing pepeteng. Kupinge dawa, mripate landhep. Lambene mung menga mingkem. Masnan nyedhaki cempe teles kuwi. Ditiliki sekabehaning awak. Nalika dheweke nggrabag wetenge cempe kok ana sing ora beres. Cempe banjur diangkat, bareng wis diangkat katon cetha mela-mela ana kaya ukiran ing dhuwur wulu. “Gus…Gus…ti…” Pocape Masnan sing plegak-pleguk. “Apa dhi?” Takone Musnan sing penasaran. “Kene, renea kabeh, sawangen wetenge cempe iki kanthi tenanan, lan wacanen.” Musnan, Agus, lan Juwet nurut apa jarene Masnan. Wong telu kuwi menthelengi wetenge cempe. Kawitane rada ora cetha, nanging nalika wis bisa awas anggone ngematake wong telu kuwi langsung nggeblag kaget. “Gusti Pengeran…!” Cempe diselehake Masnan ing papan lairane meneh. Wong telu sing nggeblag mau banjur kebut-kebut klambine kanthi sambat amerga reget kabeh. Masnan banjur ngomongi Agus lan Juwet supaya ora bukak suwara menyang liyan. Kedadeyan iki kudu didelikake dhisik sedurung katon njlentreh perkara-perkarane. Musnan aweh gagasan, supaya sesok esuk pak Lurah lan pak Yai diaturi rawuh menyang kandhang. Nanging ide saka Musnan kuwi ditangkis dening Juwet. “Wak Lurah arepe kok undang mrene? Wah bisa bebayani. Wis ta percaya a aku. Mendhing Yai Malik wae. Dadi maksudku kuwi ngene, nek perkara cempe sing lair saka wedhus wadon sing ora meteng lan ora kenthu ora dadi ngapa kowe ngundang wak Lurah. Nanging saiki perkarane wis seje meneh. Cempe umur sedina nglairake cempe. Lan cempe sing dilairake wulune murup tur wetenge ana tulisan asmaning Tuhan. Nek wis saya ngedab-edabi ngene iki nek bisa ora sah nglibatake Lurah. Bisa-bisa kedadeyan iki malah dimanfaatake, lan dipolitisir kanggo butuhe dhewe. Kowe ki kaya ora apal kelakuane Lurah wae.” Ujare Juwet tanpa gelem nyang-nyangan marang Masnan lan Musnan. “Eh…eh…eh.. Pinter kowe saiki ya. Pinter keblinger. Bodho, goblok! Lurah kok malah arepe ora kok undang ki piye? Kowe arepe makar pa piye?!” Agus bali atos. Ora trima nek atasane diala-ala. “Kowe ora sah sok nutup alaning Wak Lurah Sampir! Kowe ora kelingan marang bidadari sing dikrangkeng wiwit sesasi kepungkur dening Wak Lurah Sampir sakkanca-kancane kae?” Juwet gedheg-gedheg banjur nerusake omong, “padhakke kewan wae!” “Bidadari sing dikrangkeng?” Musnan kaget keprungu omongane Juwet. “Kabar kuwi tenanan nyata anane?!” Masnan ora beda pamawase. Dheweke uga melu kaget. Semu ora percaya menawa pancen ana bidadari sing dikrangkeng. Bersambung..... Bagian 2
Let sedina saka lairane cempe. Musnan wis aweh warta marang para punggawa desa. Pak Lurah, pak Carik, pak Bayan, pak Yai, lan ketua Karang Taruna desa Cemengpura. Sengaja Masnan lan Musnan ora nyebarake wara-wara tumrap kabeh warga, amerga kudu dirembug dhisik dening para punggawaning desa. Mengko nek angger disebarake bisa marakake salah informasi lan dianggep hoax. Ing wengi liya udan lagi wae leren. Diganti angin sing sumilir nggosok wulu-wulu awak. Mrindhing jalaran kadhemen. Sakngarepe kandhang wedhus, Masnan lan Musnan wis nunggoni tumekaning para praja desa. Hawa adhem ndulit balung, Masnan lan Musnan untung wis kalungan sarung. Thenger-thenger nyawang angkasa. Bulan digondheli mendhung. Sing teka paling pisanan yaiku Ketua Karang Taruna, Juwet. Kuplukan ala wong nggunung, nganggo jam tangan, klambine necis rapi. “Suwe temen. Janjine jam wolu, jam sanga lagi teka.” Musnan gregeten nyawang tekane Juwet. “Ya sepurane, jenenge wong negara berflower, dadi mau rapate molor.” Semaure Juwet. “Lha ngendi liyane?” Masnan ganti takon. “Ora ngerti, wong aku bablas mrene…” Juwet clingak-clinguk, “lha kae Agus…” Drijine Juwet nduding wong sing lagi wae teka. “Wis diwiwiti durung?” Takone Agus. “Durung, iki isih ngenteni Wak Lurah.” “Wis ndang diwiwiti wae. Iki mau aku dipesen Wak Lurah supaya ngganteni dheweke.” Kandhane Agus. “Lha Wak Lurah neng ngendi?” Juwet melu penasaran. “Mau rak mimpin rapat ta…?” Tambahe Juwet sing rada emosi amerga lurahe malah ora teka. “Kandhane mau arepe golek hiburan, stress berat bar ngurusi Pemilu, wedi mati kabotan pikir. Mula golek hiburan. Paling ya menyang karaokean Melati” Wangsulane Agus sing katon kadhemen. “Ya wis ayo dilekasi. Sajake Yai Malik uga wurung teka. Lha wong mbarengi ana acara pengajian rutin saben Selasa Pahing. Sing penting wis ana sing nyekseni.” Ujare Masnan. Musnan mbukakake lawang kandhang. Kabeh banjur mlebu. Lemah teles kandhang marakake Agus cincing-cincing celana. Kaya-kaya kuwatir kena telek. Mambu prengus wedhus rumasuk ing saben irung. Apa meneh rampung udan, mambune saya ndadi. Musnan wis nyepakake kursi sing cacahe papat, uga meja cilik kanggo nyatet-nyatet mbok menawa pancen ana sing prelu dicatet. Nalika wis lungguh kabeh, Masnan mbukak rembugan kanthi uluk salam lan nyumanggakake para rawuh kanggo ngincipi wedang teh sing isih anget. Lan ora lali urun ngentekake gorengan sing wis cumepak. Tanpa ngenteni sapa-sapa meneh, Masnan nunjuk Musnan kanggo tular crita bab cempe sing dhek wingi lagi wae lairan. Anggone crita ora ana sing klewatan. Kabeh diomongake, klebu babagan sing prenthil-prenthil. Sakwise aweh crita para rawuh cetha bingung tur semu ora percaya. “Ana wedhus babaran tanpa kawin?” Pitakone Agus. “Iya, tanpa kawin lan tanpa meteng.” “Tanpa meteng barang?!” Juwet kaget keprungu wangsulane Masnan. “Ora mungkin. Aja gawe-gawe lho. Saiki kuwi jaman mbebayani, hoax sithik kunjara bakal dadi omahmu.” Agus lagi nyambung apa perkara sing diadhepi sakwise Juwet kaget. Si Agus menthelengi Masnan uga Musnan. Musnan banjur mbisiki Masnan kanggo ngewenehi ngerti wujude cempe marang Agus lan Juwet, tinimbang didakwa sing ora-ora. Masnan ora langsung sarujuk. Dheweke rumangsa kudu mastekake dhisik para rawuh. “Tak wenehi ngerti wujud cempene, nanging aja nganti kandha sapa-sapa.” Masnan nggedrug lemah, tandha nek caturane ora guyon. “Kowe karo saguh?” “Nek aku ya saguh wae, nanging embuh nek si Juwet.” Semaure Agus sing malah ora percaya marang Juwet. “Leh, ngawur wae. Aku ki ya bisa dipercaya. Kowe ki rasah kaya ngono ta, mentang-mentang pangkatmu carik.” Juwet mangkel dheweke diremehake Juwet. “Ngene lho Wet, posisine ngene saiki. Si Masnan minangka sing duwe cempe, si Musnan kakange Masnan, lha aku minangka perwakilan desa. Lha kowe ki ana neng kene ki minangka apa lan duwe peranan apa neng desa?” Omongane Agus saya ndodroh. “Lambemu tak laminating modyar kowe! Elinga, aku ki sing ngewenehi kowe informasi bab anane bukakan carik neng desa. Nek ora tak kandhani, cetha nasibmu ora entuk kalungguhan mulya. Nasibmu saben dina bakal mung maen gaplek, jiki, togel, lan adu pitik! Eh saiki malah kaya ngene balas budimu!” Juwet mecicil banjur ngadeg saka panggon lungguhan. Gegancangan nyingsing lengen dawa jakete. “Nek sunatmu fungsi, nek pancen kowe lanang. Ndang ngadega, ayo gelut wae!” Si Juwet emosine ora bisa dicekeli. Cepet-cepet Masnan ngleremake swasana, “uwis..uwis!! Gus, Juwet iki minangka perwakilan pemuda desa. Aku sing ngundang!!” “Ndadak ngajak pemuda desa barang. Wong ora nate ana kegiyatan positip wae diajak. Ndak mung marai ruwet kahanan. Ana papan ngendi wae pemuda ki mesthi marai ruwet, bruwet!” Ujare Agus sing mempeng anggone jumawa. “Lho! Apa kowe ora kelingan mangsa cilik mbiyen. Saben kowe rangen bar adus kali, aku sing nambani. Gus… Agus!! Ndadak omong ngunekake pemuda barang, lha prejenganmu ki apa wis tuwa?” Swarane Juwet saya seru. “Mentheng kelek! Mentang-mentang wis oleh pangkat!” “Uwis cukup!!” Musnan muntab mbanting gelas teh menyang lemah. “Iki sida tak wenehi ngerti ora wujud cempene?” “Ya sida ta Mus, wis dibelan-belani mara mrene masa ora sida.” Tembunge Agus sing protes. “Mulane aja padu!” Keprungu omongane Musnan, Agus lan Juwet langsung klakep. Wong loro kuwi banjur meneng-menengan ngenteni Musnan njupukake cempe sing lagi wae lair. Masnan nyumet udud, disawang dening Agus lan Juwet. Kala-kala wong loro kuwi ngeleg idu sambi ngusek-usek lambe. Amerga ora bisa melu ngudud, Agus milih ngombeni teh. Lha Juwet ora nganggo sungkan utawa ewuh blaka njaluk udude Masnan. Dening Masnan ya disumanggakake. Ora mung nyumanggakake rokok produksi Kediri marang Juwet, nanging uga marang Agus. Perkarane Agus wis kebacut gengsi. Masa pangkat carik jaluk-jaluk udud marang wong sing dudu sapa-sapa, wong sing gaweyane saben dina mung angon. Esuk ngarit, sore ngarit. “Hiyungallahh!!!” Jerite Musnan sing mbubarake meneng-menengane Masnan, Agus, lan Juwet. “Kang?!!” Saute Masnan. Wong telu kuwi kaget ora karuan. Njranthal mlayu marani Musnan. “Ana apa Mus?” Takone Agus. “Iya ana apa?” Juwet melu-melu takon. Musnan ora andang semaur. Dheweke malah mung godheg bola-bali. Epek-epek tangan lorone ngelusi dada. Ambegane nyoba ditata, senadyan isih tetep kangelan. Drijine Musnan banjur nunjuk cempe sing lagi lairan wingi jebul malah wis nglairake cempe meneh! Ana cempe manak cempe. Tanpa kawin, tanpa meteng! Bersambung..... Babak 1 Wengi ditibakake Gusti. Lintang gemintang lan rembulan tinutup mega. Angin banter saka wetan prenahe. Ngumbulake godhong-godhong gedhang, uga angen-angen sing durung mesthi bakal konangan pungkasane. Kodhok-kodhok klawan jangkrik padha muni, bakal tansah muni, ora gelem mandheg sedurung udan kaleksanan. Jebul kodhok lan jangkrik paring tandha bebener. Ora let suwe udan melu ditibakake Gusti. Dibanting menyang bumi. Ngresep ing lemah-lemah. Mecahake krikil, ngintirake sekabehaning ati sing ayem tentrem lan nuwuhake rasa wedi. “Kok medeni banget udane?” Ujar batine saben wong sing duweni sirah ing desa Cemengpura. Udan lan udan. Tanpa kendhat sing suwene udakara rong jam. Kodhok lan jangkrik wis anteng, ngerti anggone duwe karep ben bumi teles wis keturutan. Saiki ganti wedhus-wedhus padha ngembik. Turu ora anteng, meneng ora jenak. Kaya-kaya mikir babagan sing mesthine ora dipikir wedhus. Mbekkk… Mbekk… Masnan metu saka ngomah, niliki wedhus-wedhus sing mbribeni anggone penak-penak nonton sinetron. Lewat lawang mburi omah dheweke nganggo payung. “Ngapa ta ingon-ingonku ki, ramene ora umum!” Sambate Masnan sing ati-ati banget olehe mlaku, kuwatir kepreset lemah sing lunyu. Lampu kandhang dicetekake. Swarane angin marai kayu kandhang muni ncit...ncit. Masnan nyawang kandhang. Disawang-sawang ora ana sing ora beres. “Kandhang isih resik, pakan isih ana, ngempet nguyuh ya keri nguyuh, ning kena ngapa kok rame ya?” Masnan mbukak lawang kandhang. Wedhus-wedhus apal marang sing ngingu, mula wedhuse padha ngrubuti Masnan, “mbiiikkk…mbikkk…mbiiikkk…” Dhasare manungsa, ora bakal dhong basa kewan, “hus..hus… Malah ngrubut ki ngapa. Kana ngalih, minggira sik!” Ana sawijining wedhus lanang, nyruduk-nyruduk sikile Masnan. Banjur wedhus kuwi mlaku menyang pojokan kandhang. Dening Masnan ditut saka mburi. Nalika tekan pojokan kandhang Masnan kaget ora karuan! Durung meneh dibarengi swara gludug lan cahyaning tatit. “Wedhus ndi sing bar babaran?!!” Masnan muntap, dheweke rumangsa dilangkahi minangka sing ngingu wedhus, masa ana wedhus sing meneng-meneng meteng banjur babaran. Durung meneh ora kandha-kandha arep kawin karo sapane. Masnan tolah-toleh, ing sisih pojok liyane katon ana wedhus wedok sing mung nglempruk tanpa daya. Mripate angel melek lan sajake ngampet lara. Awake gubrat getih seger. Masnan marani wedhus kuwi. “Kowe babaran? Olehmu meteng kapan? Karo sapa? Rumangsaku wingi wetengmu ora mbelendhuk kok. Jian… Wis cukup cah wadon wae sing sok meteng tanpa konangan, nek kowe aja nganti! Elingana aku minangka sing ngengon awakmu, aja nerak wewaler! Nanging sega wis dadi karak. Kowe tak nesoni ya percuma.” Pitakone Masnan sing cetha-cetha ora bakal entuk wangsulan apa-apa. Wedhus-wedhus sithik baka sithik wiwit anteng. Ora ngembik-ngembik meneh. Masnan mung kukur-kukur rambut lan bolak-balik mbenakake sarung sing mung disampirake, “kang Musnan durung mulih barang, nek ngene iki kepiye? Ndadak ana kedadeyan aneh.” Masnan njupuk hape saka sak kathok. Ngechat WA kakange. “Kang ndang bali. Penting!” Wedhus sing bar babaran dijunjung, rada dicedhakake marang cempe sing lagi wae weruh donya. “Bar babaran ki aja malah kok adohi, cedhakana anakmu, anakmu kuwi tanggung jawabmu. Senadyan kowe rumangsa salah amerga wis nerak wewaler, bisa lairan tanpa kawin tanpa meteng, nanging iki tetep anakmu.” Omonge Masnan sambi nggendhong wedhus sing isih lemes. Cempe sing isih teles lan durung bisa melek kaya bisa ngrasakake menawa ibune ana ing sacedhake. Kluget-kluget nggoleki susu biyunge. Grojog udan wis kelong. Gerimis nrecek. Masnan lungguh ing kursi, nunggoni anggota keluarga anyar, lan njagani mbok menawa wedhus sing bar babaran dilalah awake ngedrop. Senadyan wis lungguh kepenak amerga sinambi nyerot udud, atine Masnan ora bisa tenang. “Ngene iki pratandha apa ya? Tur Musnan ki kok ora ndang bali ki piye. Masa wedhus iki ditengi genderuwo? Nanging senadyan sing ngetengi kuwi genderuwo mesthine tetep ketara metenge. Lha iki babar blas ora meteng kok.” Lagi wae ngersula ujug-ujug sing diarep-arep wis teka. Musnan gumun nyawang kandhang wedhus, “kok ora karu-karuan ki bar ana apa?” Pitakone Musnan marang Masnan sing babar blas ora ngerti nek dheweke diarep-arep. “Pamite tuku arak sedhela, jebul nganti udane garing.” “Lha wong udan, masa ya aku arep nrabas. Lha ana apa ta kok kowe ngechat aku nganti muni penting barang?” Musnan mbela awake dhewe. Tangane ngetokake isi kresek ireng. “Nyoh ben ora nesu-nesu.” Musnan nawakake botol tutup abang. Masnan tanpa ngenteni langsung nyaut botol kuwi banjur ditenggak mak gleg. Awake langsung bergas. “Iki ana perkara aneh Kang…” Kandhane Masnan. “Aneh? Apane sing aneh?” “Kana njupuka kursi dhisik, tak critani kronologi pepake.” “Wis ora sah, tak ngadeg wae ora apa-apa.” Udan mandheg. Grimis wis mandheg. Ninggal hawa adhem sing njiwiti kulit. Masnan bukak crita. Saka swasana udan sing medeni nganti anane cempe sing lagi wae dilairake dening wedhus sing ora kawin lan ora meteng. “Wedhus lairan tanpa kawin, tanpa meteng?” Musnan ora percaya. Rasane mokal ana kedadeyan modhel mengkono. “Ho’oh, kuwi sawangen dhewe!” Masnan nduding cempe anyar sing sendhepel ibune. Musnan nyedhaki cempe. Dheweke ndhodhok. Sirahe dikukuri, “paling iki cempe saka njaba sing sengaja diselehake kene.” Musnan ora angger percaya tembunge adhine. Miturute dheweke apa-apa kuwi kudu dipitakonanke ben ora marai fitnah, hoax, lan geger satengahing masyarakat. Omongane Musnan ditolak Masnan, “piye saka njaba, wong kekang pusere wae isih utuh. Lha mbok kira kandhang iki panti asuhane cempe?” Bathuke Musnan mrecing. Tangan loro dikebutake banjur cempe sing lair anyaran dijunjung kareben luwih cetha. Umpama pancen kanyatan cempe kuwi padha karo sing diomongake Masnan, Musnan mung pengin nge-check. Apa awake normal utawa malah ana samubarang sing aneh uga, “kok ya ana kasus ngene iki?” Takone Musnan sinambi ngewolak-walik awake cempe. “Sikil normal, wulu normal, kuping normal, jantung normal, eh sik…” Musnan sing ngomong-ngomong dhewe ujug-ujug mandheg. “Ing wetenge wedhus kok katon ana cahya cumlorot?” Musnan mentheleng, nalika wis ketara apa sumbering cahya Musnan ambruk kanthi tetep nyekeli cempe! Rupane semu abang. Sok-sok mesem dhewe, sok-sok ngguyu dhewe. Masnan bingung. “Kang? Ana apa kang?” “Awak dhewe bakal sugih… Bakal sugih… Nan!” “Bakal sugih kepiye? Kowe bar nyawang cempe anyar wae wis owah utekmu.” “Sawangen… Sawangen dhewe… Pokoke awak dhewe bakal sugih, Nan!!” Musnan ngelungake cempe menyang Masnan. Dening Masnan cempe dijunjung dhuwur. Padha kaya Musnan. Ing weteng cempe katon cahya cumlarat sing padhang banget. Nalika disawang kanthi temenanan. Masnan melu ambruk, tanggepane tetep padha kaya Musnan. Rengeng-rengeng Masnan mung ngocap. “Gusti Allah…” Bersambung..... |
Arsip |