Maca utawa krungu tembung Pusaka Djamus Kalima Usada utawa Jamus Kalimasada mesthi kelingan menawa pusaka kuwi duwekke Prabu Puntadewa. Kalimasada kuwi gegagamaning jawata arupa buku sakral.
Kanggo prelune dakwah Islam, wong Islam percaya nek Kalimasada dianggep wujuding kalimah syahadat, sing mawujudake yaiku Kanjeng Sunan Kalijaga. Panemu utawa gagasan iki dibantah dening akademisi Jawa Kuna, Dr. Kuntara Wiryamartana, miturute Kuntara, tembung Kalimasada wis ana sakdurunge Islam teka, dadi ora mungkin makna sejatine kalimah syahadat. Malah sing pener kuwi, miturut Kuntara, Kalimasada kuwi saka tembung basa Jawa Kuno Kalimahosaddha. Tembung Kalimahosaddha kaserat ing Kakawin Bharatayudha, ditulis dening Mpu Panuluh lan Mpu Sedah ing abad 12 utawa mangsane Sinuwun Prabu Jayabaya, Kadiri. Nek dipretheli, tembung kalimahosaddha kuwi saka kali-maha-usaddha sing duwe makna ‘tambane Dewi Kali’. Kok bisa dadine kalimahosaddha? Amerga ing Jawa Kuno ana sing arane hukum bunyi, tembung Maha ketemu Usaddha, ‘a’ wekasane Maha lan ‘U’ ing wiwitane usaddha nek nyawiji ketemune dadi ‘O’. Perkara ngelmu kawruh miturut sastra lan sejarah, luwih cocog pendapate Rama Kuntara tinimbang manut marang panemu sing omong nek kalimasada kuwi tegese kalimah syahadat. Nanging nek miturut kapitayan, ya balik ing awak pribadhine dhewe-dhewe arep percaya sing ngendi. Tur, malihe makna kalimasada dadi kalimah syahadat uga ora kleru, jalaran kuwi wis klebu strategi dakwah Kanjeng Sunan Kalijaga. Saiki jajal golek maknane Kalimasada utawa Kalima Usada saka panemu liyane Sunan Kalijaga lan Rama Kuntara. Tak baleni meneh, kalimasada kuwi pancen makna asline kali-maha-sada, lan Kalimasada wis bisa dipestekake minangka salah siji unsure sastra, dadi ora tenanan ana kajaba ing nek disawang saka babagan spiritual. Gandheng Kalimasada nora nyata lan posisine ana sajroning sastra, dadi sah-sah wae umpama Kanjeng Sunan Kalijaga sajroning upaya dakwah Islam malihake makna Kalimasada selaras kalawan kalimah syahadat. Kepara, sakjabane Islam uga ana agama liya sing migunakake Kalimasada minangka sarana dakwah, yaiku Budha. Ing buku Wahjaning Wahyu Nugraha Djati Pustaka Djamus Kalima Usada, seratan Ki Mardibudhi, terbitan Pustaka Djawi Guru Budhi-Madiun, taun 1960, Kalimasada dipercaya dadi wedharan ngelmune agama Budha ing tlatah Jawa. Buku iki kandele mung 60 halaman, kertase wis warna soklat, tuwa nganti nglumut kaya tresnamu menyang de’e. Buku iki diwaca ing Perpustakaan FIB, UGM, dadi Jawasastra ora melu duwe. Ki Mardibudhi dhewe durung tinemu sapa sakjane, nanging ing buku ana potrete. Tur wis akeh buku-buku sing diserat Ki Mardibudhi sakliyane buku iki. Cekake Buku Pustaka Djamus Kalima Usada Ing halaman cacah 60, buku iki dipara dadi rolas Turutan Wewarah. Maksud saka wewarah kuwi yaiku kawruh sing diwedharake dening Ki Mardibudhi. Saben-saben wewarah dipara miturut kabutuhan wosing makna Kalima Usada, nanging ana uga wewarah sing dibaleni isine supaya luwih mantep disinau. Ki Mardibudhi ora muni dheweke umat agama apa, nanging saka carane ngawedharake babagan Budha, kerasa banget nek piwulang Buddha sing dimaksud kuwi Siwa-Buda ing Jawa, dudu murni Buddha. Mula ana nama dewa-dewa Hindhu sing dilebokake. Bab apa agamane Ki Mardibudhi ora penting, sing penting wosing ngelmu Djamus Kalima Usada. Sajake, Ki Mardibudhi kuwi pamomonge salah siji ajaran Kejawen sing isih kentel banget mambu Siwa-Budha. Bisa ditiliki ing salam bubukane buku dening Ki Mardibudhi sing unine Hong Ilaheng Hong Hyang Maha Jangka Awigna Mastuna Masidhi, banjur engko ing saben pungkasan wewarah ditutup kalawan salam Hong Mangartjana Maswaha Sang Hyang Haju, Haju, Haju, su Rahaju. Wedharan Pustaka Djamus Kalima Usada Ki Mardibudhi ing Turutan Wewarah 1 miwiti buku kanthi nerangake apa tegese Pustaka Djamus Kalima Usada. Tembung Usada nyatane, miturut Ki Mardibudhi, saka tembung Sahadat utawa Sadat, tegese laku esthining urip kang anunggal dat (dzat). Tembung Pustaka maksude piranti sakral sing isine; tulis (serat), batuwah, wedha, buku leluri, lan kitab wasiyat.. Banjur Djamus tegese ireng mulus utawa ireng dhop. Telung ukara mau banjur kawujudake dadi siji lan aran kawruh sajati utawa sejatining kawruh sing dadi pepenjering umat Budha. Mapan ing madyapada, runut kalawan lakuning manungsa. Ing wekasan dadya sesanggemaning ngaurip. Anane Pustaka Djamus Kalima Usada tinemu ing Sastra Harja, Harja tegese Budhi. Karepe sing luwih gumathok yaiku ngelmu tulis tan sinerat. Wujud nyatane mung ana sajroning jati dhiri permati. Mengkono kurang luwihe miturut Ki Mardibudhi. Senadyan omong menawa wedharane kanggo tuntunan Budha, nanging Ki Mardibudhi malah kandha nek baboning ngelmu Pustaka Djamus Kalima Usada rata-rata manjing ing susastra Hindhu. Jalaran Ki Mardibudhi dhewe duwe panemu nek Wedha (kitabe Hindhu) kuwi klebu babon Pustaka Djamus Kalima Usada. Sajroning Turutan Wewarah 1 sakliyane mbabarake sejatining Pusaka DJamus Kalima Usada, Ki Mardibudhi aweh katrangan sing rada sangar utawa menarik kanggo digatekake. Dadi dicritakake dening Ki Mardibudhi nek Pustaka Djamus Kalima Usada kuwi wis ana wiwit jaman kadewatan ing Jawa lan nemu wujud pamungkas ing mangsa Prabu Brawijaya V. Sing nganeh-anehi, Ki Mardibudhi ora muni ‘Jawa’ kanthi eksplisit nanging Hindinuswa (Indonesia). Wisikan Suci Kanggo Sangkala Sakwise aweh katrangan bab Pustaka Djamus Kalima Usada ing Turutan Wewarah ngarep, Ki Mardibudhi ngancik sejarahe kok bisa ana wewulang Budha lan Pustaka Djamus Kalima Usada. Wiwitan ngelmu kuwi ditampa dening wong suci kanthi jeneng Sangkala utawa Ajisaka sing nampa wisik ghaib saka para jawata. Sedjatine ora ana apa-apa Duk maksih awang uwung durung ana sawidji-widji Kang ana dhingin iku hingsun Waluja djati nirmala Tegese ora ana lara ora ana pati Mung waluja urip selawase Langgeng saka kawasaningsuh dhewe Wisikan sing ditampa Empu sangkala ing dhuwur banjur sansya cetha lan sansaya dawa tetembungane. Sajake Ki Mardibudhi arep kandha menawa wujuding wisik kuwi bisa malih miturut owahing jaman. Mula akeh banget anakane. Sing paling pungkasan Dewa aweh kawruh menawa Gusti kuwi katitik saka limang perkara; Anane, Wahanane, Kahanane, Sedjatine, lan Dumununge. Anane yaiku ana, wujud, purba gesange cahyaning cahya Dat. Wahanane yaiku purba wasesa, urip, jalaran ana mula urip. Kahanane yaiku kuwasa sing diduweni dening Dat. Sejatine, minangka gathukan antara Anane, wahana, lan kahanan sing bisa diarani Tri Murti. Dumununge yaiku manggon utawa mapan tanpa papan. Bebantahan Antara Sang Hyang Bathara Guru vs Kanekaputra Ki Mardibudhi sajake ngerti menawa wong Jawa kuwi seneng dicritani perkara-perkara ajaib utawa ora umum. Mula kanggo nggampangake pangerten ngelmu Pustaka Djamus Kalima Usada, Ki Mardibudhi nggawe crita bebantahan antara Sang Hyang Bathara Guru vs Kanekaputra. Saka crita iki dhewe wis katon banget menawa Ki Mardibudhi wis nyampurake antara Budha lan Siwaisme ing Jawa. Mula ora gumun Budha sing dimaksud Ki Mardibudhi ora liya Siwa Budha sing diwakilake dening Bathara Guru. Bantahan Sang Hyang Bathara Guru kalawan Kanekaputra bisa kedaden amerga Bathara Guru sing nyoba sepira jerune Kanekaputra laku tapa. Carane yaiku sarana ditakon-takoni bab kawruh sejatining wiwitan ngelmu Buddha. Bathara Guru kandha marang Bathara Narada sing lagi tapa kanthi muni nek Bathara Narada kuwi percuma nglakoni tapa kanthi kekarepan pengin dadi panguwasaning donya, amerga donya wis ana kuwasaning dheweke (Bathara Guru). Ujare Bathara Guru, sing wujud paling dhingin yaiku Langit, bumi lan cahya. Amerga diomong mengkono, Bathara Narada tangi banjur wangsulan nek sakdurunge ana bumi langit lan cahya, wis ana sing aran Maha Suci, Sang Gaib, utawa Ghaibing Pangeran. Tan warna tanpa rupa Tan Arah engen Ngendika tanpa lesan Angganda tanpa graham Amirsa tanpa netra Amiyarsa tanpa karna Angraos tanpa raos Senadyan beda panemu, nanging panemune Sang Hyang Bathara Guru tetep mathuk kalawan panemune Kanekaputra utawa Bathara Narada. Ing pungkasan bantahan metu katrangan sing luwih pepak bab apa kuwi ngelmu Budha lan apa sejatine Pusaka Djamus Kalima Usada. Panemu Kanggo Buku Buku modhel gaweyane Ki Mardibudhi sing nyerat babagan kawruh agama utawa filsafat sakjane akeh banget. Utamane sing saka taun 1950’an nganti 1980’an, nanging buku-buku kuwi arang banget dinggo obyek penelitian utawa digagas minangka salah siji proses mawujude konsep budaya Jawa modern saiki. Akeh-akehe ing penelitan anyar rata-rata langsung bablas menyang babon sing arupa serat-serat utawa kakawin gubahane pujangga. Cilakane, redaksi bandingane banjur jupuk saka peneliti mancanegara. Padahal, wong Jawa dhewe uga wis nggawe redaksi dhewe. Lhak nggegirisi ta kelakuan ngene iki. Apa meneh akeh sing omong wong Jawa kokean njupuk panemune wong luar negeri, lha piye meneh, sing kaya Ki Mardibudhi wae ora digagas blas. Saka bukune Ki Mardibudhi, Wahjaning Wahyu Nugraha Djati Pustaka Djamus Kalima Usada, bisa kewaca kaya piye kahanan kebatinan Jawa ing 50’an. Malah luwih seger tur asli, sakdurunge njupuk panemune wong luar negeri. Sajroning buku pancen akeh ngawedharake perkara Budha, utamane Siwa-Budha, nanging ora ateges ora bisa diwaca lan disinau dening wong agama liya kanggo luwih mangerteni kaya piye sejarah kebatinan Jawa. Buku iki klebu wacanan lumayan abot senadyan tipis. Isine pancen filsafat agama, nanging anggone Ki Mardibudhi nyerat nganggo cara-cara sastra. Mula nek arep maca kanthi temenan kudu ana sing ngancani lan dadi kanca diskusi. Nek sing ngancani pacar, wah malah mashok. Literasi Jawa saka Jawasastra nyepakake rekomendasi buku-buku bahasa Jawa utawa buku bahasa liya sing isine mbahas kabudayan Jawa.
0 Comments
“Tilik Weruh Nomor Telu”
Teka Artikele Andi Putranto, Pandangan Masyarakat Gunung Kidul Terhadap Pelarian Majapahit Sebagai Leluhurnya (Kajian Atas Data Arkeologi dan Antropologi), ing Jurnal Humaniora, Vol.15 No.2, Juni 2003 | Bisa dicek ana ing {kene} kanggo artikel asline || AJA NGLAKONI PAGLIASI || Tulisan sing disuguhake iki njupuk inti artikel. Nek butuh golek referensi kanggo rujukan, mara wae ing link sing wis dicepakake. Tulisan iki ora bisa nggo referensi. Nek mung kanggo nambahi wawasan, bisa maca ana ing kene. Penulis Artikel Artikel kanthi judhul Pandangan Masyarakat Gunung Kidul Terhadap Pelarian Majapahit Sebagai Leluhurnya (Kajian Atas Data Arkeologi dan Antropologi) iki ditulis dening Andi Putranto. Panjenenganipun utawa dheweke kuwi salah siji dosen ing jurusan Arkeologi, Fakultas Ilmu Budaya, Universitas Gadjah Mada. Spesialisasine yaiku bab sejarah lan industri arkeologi, keramik, urban arkeologi lan pemetaan Arkeologi spasial. Penelitiane ing sakubenge perkara candi lan tinggalan arkelogis saka mangsa klasik. Cekake Pambuka Artikel Andi Putranto mbukak artikele nganggo deskripsi wilayah Gunung Kidul. Kaya sing wis akeh dimangerteni, Gunung Kidul kuwi manggon ana ing sisih kidul kutha Yogyakarta. Miturut geografis, Gunung Kidul kuwi daerah kapur sing rata-rata lemahe ora patia produktif, angel dinggo tandhur. Wewengkon Gunung Kidul arupa gunung sewu ing sisih kidule, cekungan Wonosari ing tengah, lan pegunungan Batur Agung ing sisih lor. Manut marang penelitian arkeologi sing uwis-uwis, Andi Putranto, ngandhani menawa Gunung Kidul kuwi wis diambah dening manungsa wiwit saka jaman prasejarah. Nyatane bisa ditiliki tinggalan-tinggalan purba ing Gunung Kidul sing sipate kanggo sembahyang khas jaman megalitik kaya ta; Situs Sokoliman lan Situs Gunung Bang. Tinggalan-tinggalan sing wujud balung lan artefak manungsa purba bisa ditemu ana ing Situs Goa Braholo, Situs Song Bentar, Situs Song Blendrong, lan Situs Song Agung. Nganggo bukti kaya sing wis disebut ing dhuwur kuwi, katon menawa Gunung Kidul kuwi tlatah lawas sing wis suwe diambah manungsa. Sakliyane tinggalan saka mangsa prasejarah, Gunung Kidul uga duwe akeh tinggalan saka mangsa Hindhu-Budha. Anane tinggalan-tinggalan Hindhu-Budha sumebyar ing kecamatan Panggang, kecamatan Pathuk, Ngawen, Wonosari, Paliyan, Semanu, Tepus, Karangmojo, Semin, lan Ponjong. Nanging, ujare Andi Putranto, tinggalan-tinggalan Hindhu-Budha ing Gunung Kidul rata-rata kahanane wis ora karu-karuan. Kajaba Candi Risan, ing Semin. Candi-candi, lan reca ing Gunung Kidul tekan seprene (Andi Putranto nulis artikele taun 2003) durung bisa dibethek kapan anggone dibangun. Malah penelitian bab candi ing Gunung Kidul pancen arang diangkahi peneliti. Andi Putranto banjur negesi, candi-candi ing Gunung Kidul umume ora duweni bentuk kaya candi-candi saka mangsa keraton Jawa sing punjering ing wilayah Jawa Timur, khususe Majapahit. Ing Kecamatan Karangmojo, Playen, lan Ponjong wis bisa kewaca data antropologis sing mbukak perkara cerita lisan masyarakat sing mesthi ana gathukane karo para tokoh saka keraton Majapahit sing mlayu amerga ambane pengaruh Islam. Diceritakake menawa nalika Majapahit ing wayah arepe lebur, para panggedhene Majapahit padha mlayu ngendhani jalaran ora gelem kena pengaruh Islam. Uga diceritakake menawa Prabhu Brawijaya, minangka ratu pamungkas Majapahit mlayu menyang Gunung Kidul bebarengan karo para abdi kinasih. Salah siji panggedhe Majapahit utawa abdi kinasihe Prabhu Brawijaya sing arane Jaka Umbaran konon mlayu nganti mlebu wilayah sing saiki dijenengi Dusun Betoro Kidul, Kecamatan Ponjong. Ing papan kana, Jaka Umbaran malih nama dadi Betoro Katong ben bisa ngilangi tilas playu. Beda meneh karo pepundhene, Prabhu Brawijaya, sing dipercaya manggon ana ing candhake pantai Ngobaran. Ing Pantai Ngobaran kuwi, Prabhu Brawijaya nglakoni pati obong. Masyarakat ing daerah Playen, khususe desa Gading uga duweni rasa yekti menawa dheweke kuwi tus Majapahit, yaiku para prajurit Majapahit sing mlayu mlebu Gunung Kidul. Ing desa Gading, masyarakate percaya anggone pinter olah wesi dientuk saka leluhure, ora liya pra prajurit Majapahit. Anane crita para sutresna Majapahit, ngetutake bendarane Prabhu Brawijaya, nganti tekan seprene isih diugemi masyarakat Gunung Kidul. Saka saben generasi, crita kuwi tansah dijaga ben ora kepaten obor. Banjur Andi Putranto ngewenehi kanyatan liya yen mlayune para prajurit Majapahit sak bendarane barang mau durung bisa dilacak kanthi wujud fisik arkeologis. Anane mung siji yaiku monument sing dijenengi pure ing Watuadek lan paseban ing Ngobaran. Bukti loro kuwi emane durung sepira nguwatake crita tutur mlayune para sutresna Majapahit ing Gunung Kidul. Durung ana data sejarah lan arkeologis sing bisa dinggo jejegan kanggo mbenerake crita mlayune panggedhe Majapahit. Ditambah meneh, anane Prabhu Brawijaya kanthi nyata wae durung barang mesthi ana, lan isih dadi udur satengahing kalangan akademis. Siji-sijine sumber kanggo mratandhani raja pamungkas Majapahit awujud prasasti sing malah ana jeneng saka Dinasti Girindrawardhana minangka panguwasa pamungkas Majapahit. Jeneng Prabu Brawijaya ora nate ana ing prasasti-prasasti. Anane mung ing babad-babad tinulis. Kaya ta Babad Tanah Jadi, Serat Kandha, lan Darmogandhul. Sing luwih mbingungi yaiku, saben serat mau duweni panemu dhewe-dhewe menyang ngendi playune Prabhu Brawijaya. Tinggalan Mangsa Klasik in Gunung Kidul Wewengkon Gunung Kidul sing garing tur angel banyu jebul nyimpen tinggalan-tinggalan wigati saka jaman klasik Hindhu Budha. Suwe wis dimangerteni menawa Pegunungan Seribu ing Gunung Kidul ana gua-gua sing dipercaya saka jaman purba. Nanging senadyan tlatah Gunung Kidul kuwi garing lan ora rata saengga marai angel ngedegake candi, ing daerah-derah sing lemahe rata kaya ta ing Cekungan Wonosari, Playen, Karangmojo, lan Ponjong nyatane bisa ditemokake candi. Amerga ing wilayah kuwi lemahe klebu subur lan bisa kanggo tanen. Anane bangunan candi biasane digathukake marang kahanan lemah sing mesthine pancen kudu subur. Bab kuwi bisa ditiliki saka upacara-upacara seserahan lemah perdikan. Lumrahe upacare seserahan lemah perdikan mesthi mbarengi wiwitan mbangun candi. Gayutane candi lan upacara seserahan lemah perdikan bisa dideleng ing sawah sakubenge candi (sawah dharma). Umpama prinsip ing dhuwur mau ditelateni ing Gunung Kidul, Andi Putranto kandha yen ora mungkin bisa kelakon, lan ora kabeh pener. Miturut kahanan lingkungan ing Gunung Kidul, candi-candi dibangun ora nganggo alesan sawah, nanging sumber banyu. Ngelingi wewengkon Gunung Kidul sing kerep larang banyu. (Andi Putranto nyebutake jeneng-jeneng candi Hindu Budha ing artikele) Sakehing tinggalan candi ing Gunung Kidul, rata-rata wis ora duweni wujud. Mula angel ditenger candine kuwi saka mangsa ngendi. Tur candi ing Gunung Kidul akeh-akehe mung ninggal pondasi, malah ora sithik sing tanpa tilas! Akeh komponen candi sing malih fungsi amerga dirusak, banjur watu-watu candine dinggo bahan mbangun dalan! Contone kaya Candi Papringan sing watu-watune wis ilang kabeh, dibongkar manungsa amerga alesan angker. Ben bisa niteni candi. Andi Putranto mbabarake bab bedane candi saka mangsa klasik tuwa (Jawa Tengah) lan mangsa klasik enom (Jawa Timur). Candi saka mangsa klasik tuwa duwe tandha arsitektur sing gagah, ana pelataran sadhuwuring sikil candi, sikil candine dibentuk manut sisi pelipit, sisi genta, lan separuh lingkaran. Reroncen candi arupa kala makara tanpa rahang ngisor diselehake ing dhuwure lawang candi lan relung candi. Menawa candi saka mangsa klasik enom (Jawa Timur) candrane yaiku arsitektur pundhen undhak terase cacah telu, bilike candi rada geser memburi, duweni telung relung candi ing telung sisi candi, banjur ana kala makara nanging duweni rahang ngisor dipasang sadhuwure lawang lan relung candi. Tandha-tandha candi, saka sing mangsa klasik tuwa utawa klasik enom durung bisa diwaca ing candi-candi Gunung Kidul. Candi Risan sing wujude isih wutuh nduduhake menawa dudu tinggalan candi saka mangsa klasik enom, Majapahit. Malah reca sing ditemu ing candi papringan duweni kuwalitas sing ora sepira apik kanggo standar tinggalan mangsa klasik enom. Boyongan Majapahit Andi Putranto mbukak bahasan iki kanthi crita lisane Batara Katong sing jeneng asline Jaka Umbaran minangka wong Majapahit sing mlayu tekan Gunung Kidul. Miturut sesepuh desa ing dusun Betoro Kidul, Jaka Umbaran kuwi isih tedhak turning Prabhu Brawijaya Sajroning cerita-cerita lisan, nalika pasukan Islam saka Demak ngoyak para pawongan Majapahit sing isih ngugemi Majapahite, akeh sing keplayu tekan ngendi-ngendi, klebu tekan wewengkon Gunung Kidul. Banjur rombongan pawongan Majapahit sing tekan Gunung Kidul sumebyar ing panggon-panggon tatemtu. Betoro Katong utawa Jaka Umbaran diceritakake nek moksa. Panggon moksane saiki diwenehi tandha nganggo cungkup. Turunane Betoro Katong sing jenenge Mbah Bodo omah-omah ing Betoro. Sawijining dina ana kyai marani Mbah Bodo sakkanca. Kyai kuwi saka Bayat, Klaten, jenenge Kyai Sakrip. Ora cetha kepiye kronologine, ngerti-ngerti sakwise kyai kuwi bali mulih, para pawongan Betoro akeh sing mlebu Islam, kajaba Mbah Bodo. Mbah Bodo isih tetep nggujengi ajaran leluhure (Hindu). Banjur Mbah Bodo pindhah menyang daerah Dongang ing Wonogiri, banjur pindhah meneh menyang Manyaran. Abdine Mbah Bodo sing wis Islam rabi karo abdine Mbah Sakrip sing dadi cikal bakale tlatah Betoro Kidul. Andi Putranto banjur nulisake jeneng-jeneng tokoh lawas sing dipercaya saka Majapahit sakliyane Betoro Katong. Playonan Majapahit ing Gunung Kidul cacahe ana pitu. Yaiku Mbah Mendung Kusumo, Mbah Joko Soro, Mbah Jugul Muda, Mbah Kiai Gagak, Mbah Wonokusumo, Mbah Reka Kusumo, lan Mbah Alap-Alap. Prabhu Brawijaya dhewe diceritakake sakwise nglakoni pati obong ing Pantai Ngobaran, banjur dheweke pindhah menyang Guwa Langse kanggo moksa. Tradisi lisan bab crita para pelarian Majapahit ing Gunung Kidul dicathet kanthi prenah ing Desa Gading. Saka pamawasane Andi Putranto, tradisi tutur mau wis ditulis dening warga lan diwujudake buku. Banjur lagi diwaca saben sasi Sura. Tujuwane ben para generasi penerus tetep ngerti leluhure. Pamungkas Crita-crita bab para pelarian Majapahit ing Gunung Kidul dadi salah siji fenomena budaya sing klebu wigati. Gunung Kidul wis suwe diamba manungsa, yaiku miwit jaman Majapahit. Saka kanyatan kuwi Andi Putranto duwe pitakonan, sing kasarane ngene iki, “Sejarah Gunung Kidul kuwi dawa banget, banjur kena ngapa wong Gunung Kidul luwih milih ngaku dadi turunane Majapahit?” Ana candi lan reca sing umure luwih tuwa tinimbang Majapahit, “Kena ngapa dudu manut tinggalan kuwi wae?” Mengkono ujare Andi Putranto ing artikele. Percaya menawa dheweke turunan Majapahit cetha rada angel nggoleki jalure. Apa meneh tokoh Prabhu Brawijaya wae durung pesthi ana tenan. Senadyan bukti arkeologis ora ana sing bisa diruntut tumekaning jaman Majapahit. Wong Gunung Kidul tetep nggujengi rasa yekti yen dheweke turunan Majapahit. Buktine bisa dirasakake saka crita lisan sing nganti mbalung ing jatidhirine wong Gunung Kidul. Mula crita lisan bab Majapahit ora bisa diuculake saka wong Gunung Kidul, anjalari dadine fenomena budaya sing patut disinau. Andi Putranto banjur nganggo logikane Clifford Gertz kanggo nglacak crita lisan Majapahit ing Gunung Kidul. Alesane ngene, “Saben masyarakat senadyan ora urip sejaman karo leluhure, mesthi kena pengaruh saka leluhure” “Tilik Weruh Nomor Loro”
Teka Artikele Aris Wahyudi, Lakon Laire Antasena; Konsep “Jembar Tanpa Pagut” dalam Tradisi Wayang Ngayogyakarta, ing Jurnal Resital, Vol.12 No.1, Juni, 2011 | Bisa dicek ana ing {kene} kanggo artikel asline || AJA NGLAKONI PAGLIASI || Tulisan sing disuguhake iki njupuk inti artikel. Nek butuh golek referensi kanggo rujukan, mara wae ing link sing wis dicepakake. Tulisan iki ora bisa nggo referensi. Nek mung kanggo nambahi wawasan, bisa maca ana ing kene. Penulis Artikel Artikel kanthi judhul iki Lakon Laire Antasena; Konsep “Jembar Tanpa Pagut” dalam Tradisi Wayang Ngayogyakarta ditulis dening Aris Wahyudi. Panjenenganipun utawa dheweke kuwi dosen ing jurusan Pedhalangan ISI Yogyakarta. Saka Google Scholar, salah siji karyane sing sangar yaiku buku Lakon Dewa Ruci: Cara Menjadi Jawa. Cekake Artikel Miturut pendahuluan sing ana ing artikele, Aris Wahyudi ngandhani menawa Antasena kuwi wayang ‘anyar’ sing lair ing tlatah Ngayogyakarta. Gandheng metune Antasena ana ing Ngayogyakarta, uga saka tradisi pedhalangan Ngayogyakarta mula maine ya mung ana ing Ngayogyakarta. Tegese ora bakal ditemu ana ing teks Mahabharata sing asli. Antasena kuwi putrane Bima (Werkudara) lan ibu Dewi Urangayu. Sajroning tradisi pedhalangan, Antasena kerep entuk jejuluk’gemblung’, yaiku ora gelem nganggo basa krama marang sapa wae. Urakan, tur pecicilan, mengkono polahe Antasena. Nanging senadyan patrape klebu ora nggenah, Antasena dipercaya bisa weruh sedurung winarah, tanpa entuk warta bisa mangerti lagi ana kedadeyan apa. Ngelingi kasekten sing kaya ngono mau, para kadang pandawa mesthi manut apa tembunge Antasena. Klebu Prabu Kresna. Minangka lakon anyaran, mesthine ana alesan-alesan tatemtu kena ngapa ‘wujud’ Antasena kudu dimunculake. Ora tampa mung dimunculake, nanging sisan digawekake lakon dhewe, lakok khusus sing paraga utamane ora liya Antasena. Mesthine metune utawa digawene Antasena laras marang kahanan masyarakat Jawa. Aris Wahyudi banjur ngrunut metune Antasena kanthi sarana konsep unen-unen Asma Kinarya Japa. Cekake, jeneng kuwi sejatine donga. ‘Asma’ sejatine wadhah, ‘japa’ saktemene isi. Dadi isine ‘asma’ sing diarani ‘japa’ bisa uga dipilih amerga ngematake kahanan sakdurunge wong tuwa ngewenehi jeneng. Wayang lan masyarakat Jawa ora bisa dipisah. Wayang pancen tuwuh subur saka budaya Jawa, nanging wis diduweni wong Indonesia kabeh. Malah, niru jarene Aris Wahyudi, wayang kuwi ngemu filsafat universal, filsafat sing cetha cocog mungguhing kahanan donya global. Wong Jawa bisa ditemu ana ing lakon-lakon wayang amerga wayang duweni resepen jiwane wong Jawa. Mula saben lakon wayang sing ana senadyan mung mitos, nanging bisa manjing sajroning ati. Ora mung kanggo tontonan, nanging bisa dinggo tuntunan. Aris Wahyudi ngudari maknane wayang Antasena nganggo teori mitos. Dheweke nganggo pamulangane Shri Hedy Ahimsa. Mitos ora bisa disinau piranti tata basa amerga manggon ana sakdhuwure tata basa. Tegese, ana makna-makna sing dipahami masyarakat nalika mitos diwujudake. Anggone mbukak kawruh bab Antasena ora sewates ngandhani crita laire thok. Aris Wahyudi uga nganalisis sifate Antasena sing banjur dimaknani minangka pasemonan jembar tanpa pagut, sing bisa diwanuhi sajroning jatine Antasena. Antasena lan Jembar Tanpa Pagut Ing artikele Aris Wahyudi nawakake tumindak lan ati sing kudune jembar tanpa pagut miturut anggone ngonceki wayang Antasena. Sakdurunge nerangake apa sing dimaksudake jembar tanpa pagut, Aris Wahyudi ngajak awak dhewe kanggo mahami bubukane, lan kepiye cerita laire Antasena. Kaya sing wis ditulis ing dhuwur. Antasena kuwi made in Yogyakarta. Ing jaman semana Antasena mung dikenal dening tradisi pedhalangan Ngayogyakarta. Tradisi pedhalangan liyane kaya ta Surakarta lan Jawa Timuran ora duweni tokoh Antasena umpama Ngayogyakarta ora miwiti dhisik. Umume Antasena iki muncul nalika Ngamarta lagi ketiban susah. Miturut cerita wayange, Antasena kuwi anak mbarepe Raden Werkudara. Nek diurut anak-anake Raden Werkudara ketemune bakal; Raden Antaraja, Raden Gathutkaca, lan sing pungkasan Raden Antasena. Beda meneh nek disawang saka kasektene, Antasene dianggep luwih sekti tinimbang sedulur-sedulure. Antasena ora nate melu pisowanan agung utawa cara modern rapat koordinasi amerga pancen ora pinter nyelehake awak, lha wong ngomonge mesthi ngoko. Senadyan Antasena ora sepira ngugemi tata basa krama, kasektene arupa lungiding pikir dadi gaman sektine. Mula ing lakon-lakon tatemtu posisine Antasena malih dadi ‘penasehat’ utawa pamomong. Kaya sing bisa awak dhewe sawang ing lakon Semar Mbangun Kayangan. Aris Wahyudi ngutip sanggite Ki Hadi Sugito kanggo nerangake urut-urutan laire Antasena, kaya ngene ing ngisor iki; Prabu Dewa Kintaka, raja raseksa ing negara Guwa Cindraka ngutus Raden Kintakamurka (adhine) lan Patih Wisamurka kanggo budhal menyang kayangan. Tujuwane nglamar Dewi Ratih, bojone Bathara Kamajaya. Minangka bojo sing sah, lamarane Dewa Kintaka ditolak. Saka tolakan lamaran kuwi mau, pecah perang nggegirisi. Patih Wisamurka jebul saktine ora umum. Ora ana Dewa sing bisa nandingi saktine Patih Wisamurka. Para Dewa keplayu golek pitulungan menyang para pandawa. Cepet-cepet para Pandawa aweh pambiyantu kanggo ngalahake Patih Wisamurka, nanging tetep kasile padha wae, sing menang Patih Wisamurka. Malah para Pandawa ketaman pati, mati. Nalika ana ontran-ontran ing kayangan, Dewi Urangayu (bojone Raden Werkudara) lagi arep babaran. Kok anehe, sakdurunge mbabarake, bayi sing dikandhut ilang tanpa paran! Ilang, sakteme ilang! Dewi Urangayu sedhih. Ramane Dewi Urangayu, yaiku Batara Baruna, langsung mara menyang Batara Anantaboga kanggo jaluk tulung ngrampungi perkara aneh sing nibani putrine. Masa bisa bayi sing dikandhut ujug-ujug ilang. Jebul, ing panggon liya. Bayine Dewi Urangayu disaut dening Batara Guru kanthi meneng-menengan. Bayi sing lagi wae dijupuk mau, dening Batara Guru didang utawa digodhog sajroning kawah Candradimuka lan gedhe karepe dhewe. Nalika langsung gedhe mau, Batara Guru ngewenehi jeneng Antasena. Ora nganggo suwe, Batara Guru langsung ngakon Antasena budhal kayangan, andon yuda klawan Patih Wisamurka. Jalaran bar digodhong sajroning Candradimuka, lumrah Antasena banjur saktine ngedab-edabi. Patih Wisamurka sing bisa ngalahake para Dewa, lan merjaya para Pandawa, bisa dikalahake. Ora lali Prabu Dewa Kintaka lan adhine, Dewa Kintakamurka, uga melu dimusnahake. Patih Wisamurka sing wis mati, sukmane ngrasuk sajroning Antasena, anjalari Antasena duweni wisa. Dewa Kintaka nitis dadi sungute Antasena, banjur Kintakamurka dadi dlamakan tangane Antasena. Nanging sakdurunge Antasena bisa ketemu para Dewa lan Pandawa, Hyang Anantaboga nututi Antasena banjur ngajak bali mulih menyang kayangan Sumur Jalatundha. Anane laire wayang Antasena cetha ana gandheng rentenge karo kedadeyan sajroning crita ing sakubenge Antasena kanthi bebarengan. Minangka mitos, Antasena ora ngadeg dhewe. Nyatane ana sub-mitos sing melu nambahi pawujudane Antasena. Yaiku, kena ngapa Antasena didadekake anake Werkudara lan Dewi Urangayu? Kena ngapa laire Antasena digathukake karo Bathara Kamajaya? Sakwise ngulas sethithik bab crita laire Antasena lan nggawe pitakonan, Aris Wahyudi miwit nyandhak bagiyan sakbanjure. Wedaran bab pitakonan-pitakonan sing wis digawe. Antasena duweni rong makna umpama dipisah kanthi suku katane. Anta lan Sena. Anta tegese ‘hambar’, utawa ampang, sing ana gegayutan karo banyu. Bajur Sena kuwi tegese prajurit. Menawa didadekake siji, tegese Antasena kuwi, miturut Aris Wahyudi, prajurit banyu. Kena ngapa dimaknani kaya mengkono bisa uga ngelingi ibune, yaiku Dewi Urangayu sing anake Sang Hyang Baruna, panguwasaning banyu segara lan iwak-iwak. Mula jeneng Antasena bisa diarani kanggo netepi takdir keturunan saka garis ibu. Antasena uga duwe nama liya yaiku Anantaboga. Bisane kaya ngono amerga Antasena uga dirumat dening Hyang Anantaboga. Tembung ananta tegese ‘saklawase’—abadi. Mula bisa metu makna liya kanggo jeneng Antasena yaiku prajurit saklawase. Balik meneh ngelingi ibune Antasena sing sejatine kuwi urang, bisa dadi alesan kena ngapa Antasena sajroning lakon uripe duweni sungut. Runtutan kasekten sing dientuk Antasena sakwise ngalahake Dewa Kintaka, Kintakamurka, lan Patih Wisamurka ora beda adoh karo nitise Prabu Narasinga menyang Raden Narayana sajroning lakon Bedhahing Negara Dwarawati. Nitise Prabu Bomantara menyang Raden Sitija ing lakon Bomantara. Uga nitise Brajadhenta, Brajamusti, Brajalamatan, menyang Raden Gatutkaca sajroning lakon Gathotkaca Winisudha. Banjur sing pungkasan, nitise Prabu Karnamandra menyang Raden Suryaatmaja ing lakon Alap-Alap Surtikanti. Kabeh duweni pola sing padha. Laire Antasena sing mbarengi ontran-ontraning Bathara Kamajaya jebul ana gayutane karo urusan jeneng. Jeneng liya Kamajaya kuwi ora liya yaiku Batara Mangkaradewa, sing tegese uga urang. Padha kaya ibune Antasena. Saka kuwi bisa ditarik garis menawa tekane Antasena sajroning lelakon tresnane Bathara Kamajaya lan Dewi Ratih nyata kanggo mbelani katresnan jati. Bar nerangake sub mitose Antasena. Aris Wahyudi ngancik ing pasinaonan gathukane Antasena lan wong Jawa. Kahanan takdir sing dadekake Antasena minangka putrane Dewi Urangayu, lan Dewi Urangayu minangka putrine Hyang Baruna panguwasa samudra, dadi pengeling-elinge wong Jawa marang filosofi samudra utawa segara. Dening wong Jawa segara dilambangake papan tan winates. Apik apa ala tansah ditampa, lan ora bakal dilepeh balik. Mula kuwi wong Jawa duweni unen-unen ati kuwi kudu jembar kaya segara. Ati sing kaya segara wujud liya ati sing tanpa pilah-pilih. Apa wae sing kelakon ditampa kanthi ikhlas nanging tetep waspada. Sansaya diimbuhi karo sifate segara sing maune jembar kanti unen-unen jembar tanpa pagut. Jembar sing saktemene jembar lan ora duwe wates pesthi. Maknane Antasena sing abadi lan teguh ing kaprawiran dadi sumbering wong Jawa kanggo tetep ngadeg senadyan kepontang-panting kahanan. Antasena awujud naga, lan naga sajroning budaya Jawa bisa diarani bujangga. Tura ran bujangga uga bisa diselehake kanggo ngarani wong pinter. “Tilik Weruh Nomor Siji”
Teka Artikele Soeharto Mangkusudarmo, Erotisme dalam Teks Sastra Jawa Kuno, ing Jurnal Humaniora, Vol.17 No.1, 2005 | Bisa dicek ana ing {kene} kanggo artikel asline || AJA NGLAKONI PAGLIASI || Tulisan sing disuguhake iki njupuk inti artikel. Nek butuh golek referensi kanggo rujukan, mara wae ing link sing wis dicepakake. Tulisan iki ora bisa nggo referensi. Nek mung kanggo nambahi wawasan, bisa maca ana ing kene. Penulis Artikel Artikel kanthi judhul Erotisme dalam Teks Sastra Jawa Kuno iki ditulis dening Soeharto Mangkusudarmo. Panjenenganipun utawa dheweke kuwi salah siji dosen ing jurusan Sastra Jawa, Fakultas Ilmu Budaya, Universitas Gadjah Mada. Mata kuliah sing diampu biasane ana ing sakubenge kawruh tata basa Jawa Kuno, luwih trepe bab morfologi (cara nulis) Jawa Kuno. Cekake Artikel Ing pengantar utawa pendahuluan artikel, Soeharto miwiti tulisan artikel nganggo pengalame dheweke dhewe nalika nampa SMS saka kancane. SMS kuwi munine kaya ngene: Jare wong lanang barange wong wedok kuwi surga Jare wong wedok barange wong lanang kuwi neraka Njur aku mikir, “Tenan ora kuwi? Setan kok bisa mlebu-metu surga?” SMS sing diceritakake Soeharto jan gayeng tenan. Awak dhewe bisa mbayangake ta maksude kepiye? Tur nek dipikir-pikir SMS kuwi klebune pornografi utawa mung teks SMS biasa sing swasanane erotis (saru sing disamarke). Miturut Soeharto, miangka peneliti ora patut nek mung nyawang nganggo kacamata ireng lan putih. Kudu dionceki kanthi obyektif apa ta sing ana sakwalike kedadeyan. Mula kanggo teks SMS sing ditampa mau, ben ora keblasuk, ing bagiyan pambukane Soeharto ngewenehi garis sing cetha, yaiku bedane pornografi karo erotis miturut sumber-sumber kamus lan pangertene wong ahli basa Sajroning KBBI (Kamus Besar Bahasa Indonesia) tembung erotisme duwe arti; munggahe hawa nepsu, kekarepan kanggo kenthu sing terus-terusan. Nganggo dhasar arti kuwi, bisa ditarik kesimpulan nek erotisme utawa erotis kuwi kekarepan kanggo ngeculake hawa nepsu birahi. Beda meneh nek pornografi sing artine: gambaran tingkah tumindak kanthi erotis ben ngundang hawa nepsu birahi, arupa gambar lan arupa tulisan. Saka pangerten sing beda mau, Soeharto ngajak awak dhewe ben ora keblasuk nalika nampa teks utawa lukisan. Pornografi kuwi ketara nek digawe kanthi niyat ben sing maca utawa sing nonton metu rasa hawa nepsune, erotis kuwi gambarane lan durung mesthi digawe kanggo ngundang hawa nepsu. Apa sing diarani erotis kuwi mlebu wilayah pribadhine dhewe-dhewe sing nampa. Soeharto banjur ngewenehi conto bab pikiran sing beda nalika nyawang samubarang sing erotis kanthi ngutip teks sastra Jawa Kuno sing judhule sārasamuccaya, munine ngene: Tonĕn waneh, tunggula kuwi ikang wastu, dudu juga āgrahaning sawwang- sawwang irika, wyaktinya, na ng susuning ibu, dudū āpti nikang anak, an monnging ibu, lawan āpti nikang bapa, hinganya manah magawe bheda. Terjemahane: Hendaknya dilihat yang lain. Lagi pula meskipun hanya satu benda, tetapi berbedalah kemauan hati tiap-tiap orang itu. Kenyataannya seperti misalnya payudara ibu. Keinginan anak itu terhadap payudara ibunya berbeda dengan keinginan bapaknya ketika mereka sama-sama merindukan payudara ibu. Jadi batasan pikiran membuat beda Miturut teks ing dhuwur kuwi, Soeharto ngandhani awak dhewe nganggo conto sing paling cedhak. Tur nek dirasakake ya pener, pancen ngono kuwi kahanane. Cah cilik lan bapake cah cilik sing bebarengan nyawang payudara ibu mesthi pikirane beda. Cah cilik nyawang amerga pengen ngombe banyu susu, nanging nek bapak pengene ya mung susu. Intine sing diarani erotis kuwi manut marang sing duwe pikiran. Cilakane ora kabeh peneliti kuwi duweni wawasan sing amba. Soeharto ngewenehi conto anane kasus bab erotisme sing nate dialami peneliti sing jenenge Kern, peneliti saka Mancanegara. Dadi Kern iki peneliti sing manut marang tata sopan santune mid Victorian days, utawa polah tumindak sing ora entuk nggambarake sing saru, klebu ing Eropa kana. Mula nalika ngadhepi teks kakawin sing miturute Kern saru, teks kuwi langsung dibuwang! Pikire Kern, teks erotis kuwi tandha tibane moral manungsa! Minangka karya sastra Jawa kuno, kakawin kuwi karya sing ngemu kaendahan sing dilukis dening pujanggane (sang kawi). Khususe kanggo nggambarake kedadeyan, misale nggambarake perang, ayune wanita, lan nggambarake katresnan. Ing ngisor iki conto sing diwenehake Soeharto kanggo kasus kedadeyan perang sing malah digambarake nganggo cara sing endah. Kakawin Bharatayudha pupuh XIII, bait 28 lan bait 29: Ngkā ta krodha sakorawâlana manah panahira lawan asta sárathi tan waktan tang awak tangan suku gigir dada wadana linaksa kinrĕpan, mangkin Pārtha-sutojwalâmurĕkanakra makapalaga punggĕl ing laras, dhiramuk mangusir yâśanggĕtĕm aten pejaha makiwuleng Suyodhana Angganyān racane pamuknira hatur taruna sĕdĕng amūrwa kanyakā tan pendah ri kĕdalning astra malungid sinamanira halis rinĕngwakĕn byakta strînaka panghidĕpĕnira dumeh brana ni jajanira n keneng panah mangka panghrik i śabdaning gaja rathā śwa walingira rĕngihning adyahi Terjemahane: Pada saat itulah seluruh Kurawa marah, mereka terus menerus memanahkan panahnya pada kuda dan saisnya. Tidak diceritakan tubuh, tangan, kaki, punggung, dada dan wajah diserbu dan dihujani panah. Abhimanyu semakin menyala hatinya. Ia menyerang dengan melepaskan cakra dan sebagai senjatanya adalah panah yang telah patah. Dengan berani dan hebat, Abhimanyu menyerang. Ia mencoba untuk mencapai kehormatan untuk dibawa dalam kematiannya melawan Suyodhana. Keadaan gambaran serangan diibaratkan seorang pemuda sedang merenggut kegadisan seorang perawan. Sentakan yang tajam diibaratkankannya alis mata yang dikerutkan. “Jelas kuku wanita”, pendapatnya, ketika dadanya terluka terkena panah. Demikian pula bunyi suara gajah, kereta, dan kuda, dianggapnya sebagai ringkihan seorang wanita Nganggo teks kuwi ketara cetha piye njeglege gambaran perang sing digawa nganggo cara erotis nanging tetep krasa nggegirisi. Gegambaran perange Abhimanyu mungsuh Suyodhana senadyan medeni, bisa digawa kanthi endah. Mengkono tulise Soeharto ing artikele. Sakwise nggambarake perang nganggo cara endah. Soeharto ngewenehi conto teks Jawa Kuno liya sing wujude nggambarake ayune wanita nganggo cara endah utawa erotis. Ing kene bisa diarani cara kuwi klebu rayuan utawa mbribik wong wadon. Bisa diwaca ana ing babak katresnane Dewa Kama karo Dewi Ratih. Dening Dewa Kama, Dewi Ratih dipadhakake kaya sulur lan tunas wit. Miturut Dewa Kama gambaran sing kaya mengkono tegese Dewi Ratih bisa marakake Dewa Kama kelilit rasa birahi. Ing bagiyan sakbanjure, Soeharto mbedakake teks erotis miturut kaidah naratologis-e (tata cara cerita). Ing teks cinta, ana narasi srenggararasa (rasa asmara) lan sambhogasrenggara (ulah cinta kebak kesenengan. Srenggararasa Ing bagiyan iki lukisan rasa tresna diwujudake nganggo bribikan. Adegan kaya ngene bisa ditemu ana ing Kakawin Arjunawiwaha, pupuh limalas, bait papat nganti enem. Diceritakake nalika Arjuna karo Suprabha budhal menyang Manimantaka kanggo golek kawruh wadine Niwatakawaca. Sajroning lelaku bebarengan kuwi metu rasa-rasa tresna. Intine Arjuna lan Suprabha padha-padha ngerasakake tresna. Soeharto nulis telung bait kuwi kabeh, nanging ana ing kene mung ditulis bait lima lan enem. Amerga bait sing nomer papat mung nggambarake udure Arjuna lan Suprabha kanggo sapa sing mesthine mlaku ana ing ngarep: Yan ruhuna ngluhun rari katon kita bari lagi kapwa tolihen, yan parenga lumakwa kadi wehen apareka mene n panuntuna ramya nikang haneng wuri manambyakena kahulunan palar wruha Nyan suruhan mahaywa gelungganta mangayati lukarnya meh tibah Epu juga n tumona mukhaning puru puru cala yan tininghalan, tan hana dosaning marengu rakwa yan ahalana rasmining guyu, yan ri dalem ri hing wengi manganti piting unang ing anggege smara, tan dadi tan tikel juga halista kadi marahaken pehing hati. Terjemahan Jika aku berjalan dahulu, dinda jelaslah engkau setiap kali mesthi ditengok jika bersama-sama berjalan, seakan-akan diizinkan untuk mendekat, nantinya menggandeng juga. Pantasnya ada di belakang, sambil berlaku sebagai hamba, dengan harapan dapat mengawasi. Menanglah tugasnya merapikan sanggul, yang mulai terlepas, hampir mengurai Gelisah juga, jika melihat wajah orang yang kusut, marah, bila dipandang. Tak ada jejaknya juga marah, jika diselundupi cerianya ketawa. Jika di dalam dan di luar malam, maka menanti gelaplah rindunya orang yang memendam asmara. Tak urung berkerut juga keningmu, seakan-akan memberitahukan isi hati. Ing teks kuwi bisa ditemokake bribikan-bribikan maute Arjuna marang Suprabha. Nganggo ukara-ukara sing manis, Arjuna ngrayu Supraba ben sekirane bisa lumaku sisih-sisihan. Ing kene Soeharto ngandhani nek wis muncul bibit-bibit erostisme sing klebu srenggararasa. Banjur diterusake crita mendelike Arjuna nyawang bangkekane Suprabha. Rayuan ora sewates omongan, nanging bisa uga nganggo granyangan. Granyangan tujuwane kanggo ngundang rasa birahi saka sing digranyangi Perkara iki bisa ditemokake ana ing Kakawin Arjunawiwaha, pupuh telu, bait 15 lan 16. Nalika widadari nggoda tapane Arjuna: Tangeh buddhi nikang waneh mara ri wikanganira tumitih-titih maha, nyasanyangesesan wasangrasaken susu mahanget arum kinumkuman, de ning harsa kinolakenya ri gulu tanganira teka kosap ing tengah, kenyarang kadi warnaning hima tarang tangen angawara wimbaning wulan. Anyat haliyangan pupu teher sangga wehang asidhang-deleng mata, kahat-hat karawit nikang gina karasikan ika tinemunya ring mata, tan wruh hyang hinilan wulat ri hulat i ing taruna nikuna ring smaralaya, twasnya lwir patapan timah drawa katon ri mata tekap ika smaralaya Terjemahane: Tak habis-habis akal yang lain lagi: datang di belakangnya Arjuna, menindih-nindih penuh hasrat. menjamah-jamah, seraya mendesah-desah, penuh hasrat menggosok- gosokkan payudara, yang hangat, harum, berboreh kunyit berkat birahi dipelukannya pada leher tangannya Arjuna, hingga menjamah pinggang kainnya menerawang bagaikan rupa awan tipis berbentang menyelimuti bulatan bulan Lainnya lagi bersandar di paha, lalu bertopang dahu, bertelengkan, Memelototkan mata. Diperhatikanlah pesona kekuatan asmaranya (Arjuna) Yang ditemuinya di mata; tak tahu, bahwa disingkiri pandang oleh Pandangan sang muda yang mahir ilmu ulah asmara. Hatinya bagaikan pedupaan timah yang meleleh Kelihatan di mata oleh api asmara. Ing teks dhuwur kuwi, Soeharto ngewenehi gambaran sing jebul nek dirasakake dhewe kuwi penak-penak piye ngono. Dadi Arjuna nalika tapa banjur digoda para widadari. Anggone widadari nggoda Arjuna rupa-rupa. Ana sing ngglayuti Arjuna, ana sing nggesekake awake, lan ana sing mung mentheleng. Tur ana sing digambarake nalika salah siji widadari nggesekake payudarane sing anget tur wangi diluluri kunyit. Ing teks conto sing digawakake. Soeharto ngandhani awak dhewe menawa karya kakawin kuwi ditulis dening pujangga nganggo gegambaran erotis kanggo nambahi kaendahane kakawin. Sambhogasrenggara Ing bagian iki gambaran erotis wis ora bab ancik-ancik kudu ngonokan, nanging wis kelakon tumindak senggaman utawa ‘bercinta’. Soeharto ngewenehi conto nalika Dewa Kama lan Dewi Ratih olah kasmaran. Ing Kakawin Smaradahana pupuh papat, cekake kaya ngene: Anghing patang siki katon amahil sawarya, Sampun prasewa kaharas ring anindya nari, Sang lwir langit kakilatan tiki durbalangres, Satsat guguh makemilan mangudud kapundung Terjemahane: Hanya empat kali ia (Dewa Kama), seketika itu airnya pun Telah meresap, lebih-lebih ketika tersentuh Oleh putri yang tiada cela itu. Ia (Dewi Ratih) yang bagaikan langit tersinari Ini menjadi tiada berdaya, kemudian menggersah, Bagaikan orang ompong yang bercakap-cakap Dan menghisapi buah kepundung. Ing teks sing digawe conto dening Soeharto dhuwur, ketara cetha nek Dewi Ratih ngrasakake puncake hawa nepsu. Padahal Dewa Kama lagi wae mung ngempit ping papat. Ekspresine Dewi Ratih digambarake kaya wong wadon sing lagi nyucupi woh kepundung. Saben obahe Dewa Kama sansaya marai Dewi Ratih munggah tekan suarga amerga seneng. Caturwarga Anane teks gegambaran erotis mau dudu tanpa sebab. Miturute Soeharto gegambaran erotis kuwi kanggo tandha ben awak dhewe bisa nggayuh petang perkara urip. Lumrahe karya kavya, kakawin uga mulangake petang gegayuhan urip. Petang gegayuhan urip yaiku Dharma, Artha, Kama, lan Moksa. Dharma yaiku tumindak-tumindak becik sing laras marang wewulangan agama. Bebenar sing dadi dhasare jiwa lan raga. Kabeh tumindah becike manungsa mesthi wujude dharma. Sakwise dharma yaiku kama. Aja salah, kama utawa olah katresnan utawa senggaman kuwi uga klebu tujuwane urip manungsa. Nanging dudu malah tanpa sebab lan dhasar. Anane nglakoni kama kudu nganggo piwulangane dharma. Nek dharma lan kama wis kecekel, sakbunjere yaiku artha. Artha kuwi kanggo nyukupi butuh, ben bisa kerasa makmure urip amerga kabutuhan donya bisa kecukupan. Paling pungkasan yaiku moksa, yaiku ucule sekabehaning kabutuhan donya lan bisa nyawiji karo Gusti. Kesimpulan Soeharto pengin negesake menawa erotis kuwi ora klebu pornografis. Anane kakawin digubah ya ora mungkin mung kanggo nulis ‘cerita dewasa’ ta? |
AuthorWrite something about yourself. No need to be fancy, just an overview. ArchivesCategories |