Dening: Gombalamoh
Umbul-umbul partai werna abang, biru, ijo, lan putih ngebaki dalan. Angin ngipatake kain tipis sing dipamerake dening wong-wong politik. Swara motor dibleyer-bleyer mekakake kuping loro. Mentala tak pisuhi, nanging rada ciut kewanenanku amerga ngelingi cacahe wong sing kampanye luwih akeh tinimbang bakul angkringan ing tlatah Kartasura. Apa meneh dina iki ngepasi kampanye pungkasan Pilpres 2019. Ora urusan kampenye, ora urusan politik. Saiki sing paling wigati kanggoku yaiku nindakake niyatku sowan menyang tilas Kraton Padjang. Saka pertelon bangjo Kartasura, kanthi dikancani pacarku, motor supra 125x tak geber. Mbarengi konvoi kampanye abangan khas karasidenan Surakarta. Rante mubeng dhewe, ban mubeng dhewe, dilalah sirahku malah rasane melu mubeng-mubeng, “yungallah dalan kok ramene ora umum!” Sambatku saka dhuwur motor klawan semu nesu marang pacarku sing malah kesenengen nonton konvoi kampanye. “Ya ora masalah ta, ya ngene iki wong Solo senadyan wong Solo corek!” Wangsulane pacarku ora gelem kalah. Udakara limalas menit nek numpak motor. Ing pertelon lilin motor belok nengen. Lurus terus nganti engko setengah kilometer ing sisih tengen dalan katon tulisan gedhe, sandhinge Alfamart, tulisane muni Kraton Padjang. Aku mung keri ngetutake petunjuk dalan sing wis cumepak. Kira-kira saka plang mau ana telungatus meter kudu menggok nengen. Gapura ireng gagah pideksa. Wit wringin ngayomi lemah tilas kraton Padjang. Mendhung wiwit mlumpuk. Motor tak gawa mlebu area banjur tak parkir, pacarku nyepakake hape kanggo moto-moto. Mudhun saka motor dudu juru kunci sing nampani nanging malah pitik cemani. Embuh kuwi pitik cemani tenan apa ora, sing cetha wulune ireng, jalune ireng, sikile ireng, pokoke ireng kabeh. Umpama aku kendel bakal tak jupuk pitik kuwi, engko ana ing omah tak belehe. Tetengere, nek getihe ireng tegese kuwi pancen pitik cemani, nanging nek ora pitik mau cemani KW, ora ngerti KW-ne KW pira. “Pratandha apa iki mas kok awak dhewe ditampani pitik cemani?” Takone pacarku sing durung ilang penganggepe nek aku bisa ndukun. “Paling pratandha nek awak dhewe luwe, dikon mangan sing durung nate, contone mangan jus pitik cemani.” Semaurku sing ora tenanan. “Wis ta, ayo mlebu dhisik, malah ngomongake cemani ki ngapa.” Ora kesuwen pacarku tak ajak mlebu. Katon ing ngarep mripat, ing pendhapa tengah, ana wong lanang loro uda dhuwuran lan wong wedok siji sing kelesetan. Bar uluk salam tak penakake olehku lungguh. Patrape wong Jawa, sedurung ngomongake tujuane sing sejati kudu basa-basi dhisik, senadyan ora mathuk kanggo pribadiku sing getihe tansah panas lan ora patia pinter basa-basi. Nek aku kerep-kerepe ya to the point. Wong lanang sing siji, sing awake biasa ora tak takoni jenenge, sing tak takoni jenenge wong lanang sing lemu, jenenge pak Budi. Saka anggone cecaturan dheweke ngaku nek lagi wae bar kampanye, mula dheweke sambatan nek kupinge pekak. Wong wedok sing klesetan jebul bojone pak Budi, lagi jenak ngrungokake Yutub sing mbahas bab perane Kanjeng Ratu Kidul marang Presiden Indonesia. “Jan wong-wong sing sok dolan petilasan ki klenik tenan.” Batinku kanthi lirih. Durung miwit pitakonan, Pak Budi ujug-ujug pamitan bali, kandhane arep adus. Gandheng ora bisa meksa wong sing kekeselen kampanye, lungane pak Budi ya tak benke. Untung pak Budi wis nunjuk salah siji wong ben tukar crita karo aku. Sambi nunggoni bapak-bapak sing ditunjuk pak Budi kanggo crita rampung adus, aku lan pacarku milih mubeng-mubeng dhisik. Nyawang kahanan sakubenge kraton Padjang. Sedurung metu mubeng-mubeng, sing tak sawang pisanan yaiku gambar-gambar sing pating tumemplek ing pendhapa. Ana gambare Kanjeng Ratu Kidul, ana gambare Ratu Kalinyamat, Ki Ageng Pamanahan, Kanjeng Sunan Kalijaga, lan gambar silsilah. Siji baka siji tak sawangi gambar-gambar kuwi. Nalika wis tak sawang kabeh, aku lagi metu saka pendhapa, mubeng-mubeng kompleks kraton Padjang. Tilas Kraton Padjang iki pancen hawane rada beda. Ora padha karo kraton Surakarta lan Yogyakarta. Kaya-kaya ana sing ora berus miturutku. “Masa iki tilas kraton Padjang tenan?” Pitakonku marang awakku dhewe. Pancen ana sendang, ana mushalla, ana watu, lan ana kayu sing padha dikeramatake, nanging embuh kena ngapa aku ora ngerasakake keramat sing manjing ing barang-barang kuwi. Apa ya wis mati rasaku kanggo ngrasakake hawa liya? Apa aku malah ora ditampa dening sing mbaureksa? Rumangsa wis cukup muter-muter, aku lan pacarku marani bapak-bapak sing rencanane arep aweh carita. Rambute brintik, warnane soklat, lan digelung. Pakulitane coklat sawo. Awake gering. Lungguh sila ing papan sapinggire pendhapa. “Mangga mas, mbak…” Ujare bapak kuwi nyumanggakake aku lan pacarku. “Dadi niki arep golek cerita nggih mas, mbak?” “Nggih pak…” Semaurku. “Sekedhap nggih, kula bikak rumiyin…” Bapakke nyumet dupa. Tangan lorone ditemplekake dadi siji, kanthi jempol sing digathukake. Mripate merem. Katon khusyuk dedonga. Lirih-lirih aku keprungu tembung-tembunge. Angin mandheg, nanging godhong garing rontok. Tipis gerimis tiba. Ilang sekabehaning swara kajaba swara donga. Cukup anggone njaluk idi, sikil tengene diangkat, banjur digedruk ing tekel nganti ping telu bruk…bruk…bruk… “Mas, papan iki dudu tilas Kraton Padjang.” Ujug-ujug bar donga jaluk idi palilah mring sing mbaureksa, bapake kandha marang aku kaya mengkono. “Lah, dos pundi? Kok sanes kraton?” “Iki mono kaputren, dudu kraton. Mumpung pak Budi lan bojone ora ana kene, tak wenehi crita sing saktemene. Kraton Padjang sing sejati wis malih dadi rel sepur. Umpama wong loro mau isih ana kene, cetha ora trima nek aku kandha ngene, nanging ya iki nyatane.” Pikiranku mlumpat saka awakku dhewe. Masa iya tilas kraton Padjang malih dadi rel sepur? Rel sing sebelah ngendi? Kenapa bisa nganti dadi rel sepur? Apa ya ora ana sing protes? Pitakonan-pitakonanku tanpa tak swarakake langsung diwangsuli bapake. Lah, ngerti saka ngendi kok bisa nganti nyemauri? “Tilas kraton Padjang kuwi ana ing Mayangan, nek sampeyan numpak sepur saka Purwosari menyang Yogya, mesthi lewat. Kena ngapa ora ana sing protes? Lha wong ora ana sing ngerti! Piye logikane wong ora ngerti kok protes?!” Bapake ora sewates ngomong, nanging tangane uga ngepel banjur diantemake menyang tekel. “Papan kene iki arang sing ngerti, mula arang uga sing mrene, mung sing entuk wisik saka nJeng Sultan Hadiwijaya sing bakal mrene!” Sik ta, dadi sasuwene iki saben aku numpak sepur menyang Yogya mesthi nglindhes kraton Padjang? Apa iya aku nglindhes kraton Padjang? Nek iya, lha kok dosa tenan! Tak ajak pikiranku kanggo ngeling-eling sekabehane wewacananku sing uwis-uwis bab sejarah Padjang. Cilakane aku ora duwe dokumentasi sing pepak bab Padjang. Sakngertiku kraton Padjang ki manggone ya ana ing Padjang, ing wilayah Kabupaten Kartasura. “Pancen ing Mayangan mas panggone. Aku wis nate maca serat sing nyeritakake yen kraton Padjang papan sejatine ana ing Mayangan.” Ujare pacarku mbisiki aku. “Aku wis ngidak-idak Padjang?” Pitakonku marang pacarku. Pacarku mung mlengos, ora semaur, sing semaur malah bapake. Mripate malih mencorong, kaya tumbak sing ditembakake menyang sasaran. Mripate nyawang mripatku tanpa pangapura. Dheweke banjur kandha. “Umure Padjang ora suwe. Ing umur semono cetha durung kober ninggali awak dhewe apa-apa. Kaya ta naskah, utawa bangunan sing ngadeg jejeg. Lha wong wayahe mbangun. Mula awak dhewe iki wuta bab Padjang. Kamangka Padjang iki kondhang kaloka, kuncara ing saben-saben crita leganda. Apa meneh sing ana gathukane karo mangsa eneme panjenenganipun Sultan Hadiwijaya, utawa sing jejuluk Jaka Tingkir. Sapa sing ora ngerti legenda Jaka Tingkir? Nanging sapa sing ngerti sejarah sejatine Padjang sing diwiwiti Jaka Tingkir dhewe?!” Pisan meneh bapake ninju tekel nganti muni, lan nganti tekele retak! “Mung sing dikersakake nJeng Sultan sing bakal mrene!” Saya gonjang-ganjing pikiranku. Ora bisa anteng mangerteni. “Dadi aku mrene, aku tekan kene iki tujuane dikon jaluk pangapura? Amerga seprana-seprene ngidaki kraton Padjang?” Pitakone batinku klawan sirri. Cilakane aku lagi sadhar nek aku mrono wingi kuwi jane dikon jaluk pangapura nalika rampung nulis crita iki! Apa aku kudu mara meneh menyang pak Darmanto. Wong sing ngewenehi aku dosa, lan konon umure wis ngancik telung atus tahun! Kartasura, Pipres 2019
0 Comments
|
Arsip |