Wis kulinane wong Jawa kuwi seneng guyon. Utamane nek disuguhi tontonan dagelan utawa banyolan, mesthi betahe ora karuwan. Sewengi muput bakal dibelani. Nemene meneh, bakal lali sekabehane tanggungan amerga nonton banyolan. Wiwit saka utang, lara ati, rencana pegatan, lan gaweyan, yakin bakal ora kelingan. Kepenak olehe ngguyu.
Akeh pertunjukan tradisi Jawa sing biyasane diselipi banyolan. Kaya ta wayangan ing babak limbukan lan goro-goro, nek ana ing kethoprak lan ludruk uga ana babak dhewe sing khusus nyuguhi penonton kanthi banyolane para paraga. Tur, saiki campursari, hajatan rabi, nganti sunatan wae sok-sok diwenehi tontonan banyolan. Wong sing bisa dhong guyonane banyolan ana telung macem, yaiku; gasik, ngepasi, kasep. Wong sing ngguyu sedurung gong banyolane metu klebu jenis ‘gasik’. Lumrahe ditengeri kalawan wong sing nyawang rupane paraga banyolan wae wis kemakak. Sakbanjure yaiku wong sing ngguyune ‘ngepas’ karo gong banyolan sing metu, sing mlebu jenis siki bisa diarani wong sing cerdas. Paling pungkasan yaiku jenis ‘kasep’, tengere gampang, gong banyolane wis metu, wonge lagi ngguyu utawa dhong limalas menit lan paling pol sedina sakrampunge guyonane metu. Strukture banyolan kuwi mesthi ana telu. Senadyan sing mbanyol ana rong puluh, strukture ceritane ora adoh saka telung cekelan, yaiku; sing nggiring, sing ngoper, lan sing nglebokake. Dhapukan struktur bisa diwolak-walik, bebas, los. Dhapukan nggiring entuk bagiyan munculake masalah. Saka masalah sing muncul mau, banjur diwangsuli dening sing ngoper apa sing marakake masalah. Ing pungkasan, dhapukan ‘sing nglebokake’ bakal mecah masalah lan punjering masalah sing wis disusun kanthi panemu utawa pemikiran sing ora umum diduweni wong. Dadi aja kleru, tukang mbanyol kuwi dudu saklawase duwe tugas nyenengake sing nonton, nanging ngajak penontone supaya pinter lan cerdas kalawan guyonan sing diduweni. Dititeni wae, banyolan-banyolan bisa sakubenge urusan urip sedina-dina lan ora kurang wedine kanggo ngece kahanan sosial masyarakat uga hukum negara sing dianggep wis ora pener. Pakulinan mbanyol lan seneng marang banyolan ing Jawa dudu kahanan sing lagi wae ana, nanging wis suwe banget anane. Ing buku Seni Pertunjukan dan Seni Rupa dalam Perspektif Arkeologi, 1944, sing ditulis dening Prof. Timbul Haryono, dijlentrehake menawa abad ke-8 ing Jawa wis ana tontonan banyolan, sing main diarani juru abanyol. Dadi wis wiwit jaman ora penak biyen wong Jawa kuwi angel diajak serius. Mbah Ranto Gudel lan Susu Wanita Ing jagad banyolan, namane Mbah Ranto Gudel swargi wis kawentar. Guyonane utawa banyolane wis dinggo dening para tukang banyol nganti pindhah generasi. Minangka sesepuh seniman tradisi, Mbah Ranto Gudel bisa nyawijikake pakem tradisi kalawan isu-isu modern ing dagelane. Satengahing cah enom, namane Mbah Ranto Gudel mesthi ora patia dikenal. Nanging prelu dimangerteni, anane pelawak Srimulat yaiku Mamiek Prakoso swargi lan penyanyi kondang Didi Kempot kuwi asli tedhak turune Mbah Ranto Gudel. Dadi menawa kowe sobat ambyar, kudune dhong bab iki, ben ambyare maksimal. Kaya wis dikandhani ing dhuwur, banyolan kuwi ora mesthi ngangkat perkara urip sedina-dina, akeh uga banyolan sing nyenggol perkara ekonomi, politik, sosial, hukum, lan sakpiturute. Saka banyolan sing kaya mengkono, awak dhewe bisa ngaca kaya piye rupane masyarakat lan negara kanthi utuh. Amerga tukang banyol nggawe banyolan dudu sewates saka pengalamane dhewe nanging pengalaman sing jamak dilakoni manungsa kabeh. Contone kaya ta banyolan gaweyane Mbah Ranto Gudel. Dheweke nate nggawe banyolan sing muni nek susune wong wedok kuwi duweni rong perkara penting lan dilindungi negara. Perkara penting nomor siji, susu kuwi mesthi ekonomis, tegese regane murah, lan bisa dikonsumsi wong jenis loro, bojo lan anak-anake. Nek ora duwe fungsi ekonomis, cetha wong wedok bakal kepontangan tuku susu bayi lan ing toko ra ana sing jenenge susu bapak. Perkara penting nomer loro, yaiku susu mesthi praktis, bisa digawa neng ngendi-ngendi ora prelu kuwatir keri. Rong perkara penting mau dilindungi negara amerga ana Badan Hukum sing melindungi utawa BH. Banyolan Mbah Ranto Gudel ora mungkin bisa ditampa dening wong sing pikirane spaneng, malah bisa-bisa diunekake saru barang. Padhahal, kanyatane pancen kaya mengkono. Fungsi ekonomise susu dadi aling-aling supaya wanita tetep ngutamakake kulawarga. Fungsi praktis sing dimaksud Mbah Ranto wiwit arep mlebu gong banyolan, nanging saka fungsi praktis bisa dimangerteni menawa kodrate wanita yang mengkono. Banjur sing kaping pungkasan, dadi gong banyolane Mbah Ranto, yaiku susu dilindungi negara kanthi mlesetake BH dadi Badan Hukum. Tegese ekonomis lan praktise susu kuwi kudu dijaga wanita dhewe lan negara kudu melu cawe-cawe supaya aweh garis sing cetha mungguhing hukum kanggo wong-wong sing doyan nglecehake wanita. Banyolane Mbah Ranto pancen klebu lawas, nanging nyatane bisa ngukub kahanan ing Indonesia saiki, khususe kanggo wong-wong lanang sing kerep kurang ajar marang wanita.
0 Comments
Sapa ta manungsa sing gelem anteng njuk ora ngapa-ngapa pirangane taun? Masa ana manungsa sing cita-citane fokus nganggur? Pitakonane, piye ta titenane wong sing duwe ilmu? Banjur kaya piye wong Indonesia anggone nyikapi ilmu?
Ngepasi Dina Saraswati sing mesthi ajeg kelakon enem sasi pisan iki, jajal awak dhewe ngonceki kahanan ilmu ing budaya Jawa lan satengahing wong modern Jawa jaman saiki. Sakliyane kuwi, apa ilmu wis entuk drajat sing luwih mulia? Ora mung sewates sarana kanggo anggayuh mapane urip sing mung sakuntara wektu thok. Mitos Sakubenge Ilmu Ora sithik mitos-mitos sing ngubengi ilmu mungguhing wong Indonesia, utamane wong Jawa. Anane mitos kuwi ana penere nanging uga ana klerune, amerga sok-sok pancen mung marai wong salah anggone mangerteni hakikat ilmu sing saktemene. Emane, mitos sing salah bab ilmu isih tetep lestari tekan seprene, lan malah entuk dukungan saka wong-wong sing ngaku pujangga ilmu barang. Nomor siji. Ilmu panggone ing sekolah utawa kampus. Minangka papan golek kawruh, ya wis pener nek sekolah utawa kampus kuwi mulangake kawruh ilmu. Nanging ya ora banjur ‘transaksi’ ilmu mung bisa kelakon sarana lembaga sekolah lan kampus. Nek pancen ilmu mung bisa diwulangake lan dientuk wulangane saka sekolah lan kampus, kena ngapa akeh siswa/siswi lan mahasiswa/mahasiswi sing klebu cupet pikire, jal? Cupet pikire dudu ateges bodho. Maksud saka cupet pikir mau luwih marang cara mikir sing ketutup, ora gelem terbuka. Sithik-sithik tawuran, sithik-sithik nesu, sithik-sithik padu, lan sithik-sithik ngadu-adu antarane wong tuwa karo guru. Mengkono kuwi apa bisa didadekake bukti menawa sekolah lan kampus kuwi paling cocog kanggo ‘transfer’ ilmu? Klerune meneh, lan iki sing rada nggatheli, sekolah lan kampus ki sok-sok diskriminatif marang siswa sing diwulang. Contone nek neng kampus ngene iki; ora urusan kowe pintera kaya apa, limpadmu kaya apa, aktifmu kaya apa, nanging sing diprioritaske entuk kegampangan saka dosen kuwi mahasiswa sing kulina ketara ing kelas. Nek ing tingkat sekolah, contone luwih sadis. Sekolah, wiwit SD nganti SMA, kuwi minterake sing dhasare pinter, ngeprekke siswa sing dhasare ra sepira pinter. Nomor loro. Buku lawange ilmu. Wiwit kapan ilmu mung bisa dileboni sarana ilmu? Ya wiwit mlebune kolonial ta? Tegese, wong sing ora menangi kolonial ngono pekok-pekok? Ya ora ta. Lha saiki awak dhewe misale nyinaoni Kakawin Negarakrtagama, apa sing nulis Kakawin Negarakrtagama dhisik sedurung nulis maca teori sastra dhisik? Maca Wellen Warrek, Riffatere, Bluestone, Levi Strauss, Bakhtin, Gerrard Genette, lan sakpiturute? Banjur kena ngapa mempeng tenan nek ilmu mung bisa dileboni sarana maca buku? Ing jaman modern iki lawang ilmu ora mung diduweni buku. Ilmu bisa sumebyar sarana video, audio, lan komik. Ora sewates buku wacanan thok. Mula kampanye maca buku mesthine uga ngelebokake sarana liyane buku. Ben luwih gayeng, sarana kampanye maca buku bisa uga nganti cara nonton wayang. Nelateni nonton wayang engko rak bakal ana ilmu-ilmu sing akeh banget. Malah luwih cocog mungguhing kahanan budayane dhewe tinimbang mung nggethu maca buku. Nomor telu. Ilmu dipadhakake titel. Ah, iki sing mangkelake. Arep ditolak ki ya ora mungkin. Piye-piye tetep butuh titel, lha wong masyarakate kebacut dadi kawula titel. Nanging nek nganti ilmu dipadhakake karo titel, ya kudu dipenerake. Titel ki penting. Ilmu uga penting. Ra sah munafik milih salah sijine. Nanging, cara mikir sing masuk kudune, “karana aku ngoyak ilmu wekasane entuk titel.” Ora ana salahe ngoyak titel, cilakane titel kuwi kudu bisa ‘dipertanggungjawabkan’ Saiki ora kurang-kurang kasus tukon titel. Aja mung tampa titel saka kraton, titel S3 wae lho bisa wae dituku. Adol sawah sepuluh hektar wis cukup. Tur, ing sekolah-sekolah, sok-sok titel S1 sing diduweni guru ora dadi titik apa sing diwulangake. Contone, akeh guru olahraga sing S1-ne dudu guru pendidikan olahraga, akeh guru basa Jawa sing S1-ne dudu S1 Pendidikan Basa Jawa utawa sastra Jawa. Mengkono kuwi apa rak nggegirisi? Aku dhewe dhisik wayah SMA duwe guru olahraga, S1-ne Pendidikan Seni Rupa. Dadi nek wayah pelajaran olahraga pelajarane mung siji; dikon mlayu thok thik saksemester. Titel ki mesthine bisa dadi titenan spesialisasi. Emane, akeh mahasiswa/mahasiswi sing ora laras pakaryane miturut titel. Bab iki ora prelu dimasalahke, pancen owahe donya lan rapete daya saing kerja marai mahasisa/mahasiswi ora selawase bakal entuk kerja sing cocog kalawan S1-ne. Dadi titel dudu jaminan limpade wong ing bidang sing ditelateni nalika S1 utawa S2 utawa S3. Tragis meneh, bahan sinaune awak dhewe malah saka wong sing blas ora nate sekolah, misale; awak dhewe nyinau mangsa Majapahit, sakwise nyinau peradaban Majapahit banjur ngomong nek peradaban Majapahit ki rusak, lan ora modern. Kok bisane muni rusak lan modern? Apa jaminane Indonesia ki luwih apik lan luwih modern. Nek disawang saka umur wae, Majapahit ngadeg nganti atusan taun, lha Indonesia? Nyatane ora ana ratu Majapahit sing duwe gelar Dr. Sri Ranggah Rajasa Jayawardhana., S.Sn, M.Hum, P.hd, B.A, S.Pd. Apa Hayam Wuruk biyen mahasiswa UGM, UI, Unair, UB? Nggelelenge, wong lagi gelem nyinau Majapahit nek entuk titel renteng-renteng. Ora Siyap Duwe Ilmu Wong duwe ilmu titenane gampang. Panyawange amba, pamanggihe samudra, pocape ngati-ati den ngastiti, tulisane banyu mili, lan ora murah kanepson angkara. Tegese, cara nyawang kedadeyan sing lagi kelakon ki ora mung ireng-putih. Nek omong ora ngawur lan sakpenake dhewe, sedurung omong dipikir dhisik kabeh resiko lan konsekuwensine. Sregep nulis supaya ilmune tetep keasah lan bisa disinau dening liyan. Kaping pungkasan, ora gampang nesu utawa muring-muring. Saiki lagi rame-ramene Banser vs Islam Mantep. Perkarane saka pocape Gus Muwafiq sing ngomong menawa Kanjeng Nabi rikala cilik dhisik ora kerumat dening kakeke, lan rembes. Umpama disawang, Banser lan Islam Mantep mau ora ana sing dadi posisi pener lan posisi salah. Karo-karone duwe motif dhewe sing padha kuwate. Mbok menawa padu, ya ben, wong mbelani apa sing dipercaya kok. Nanging emane, antarane Banser vs Islam Mantep mau padha ora sportife. Kena ngapa ndadak moro tangan nek bisa digolek dalan tengahe sarana debat kailmuan antara panggedhene NU lan panggedhene Islam Mantep? Karo-karone jare tresna Kanjeng Nabi, nek pancen yekti tresna kena ngapa padha gawe pilara? Apa karana rasa tresna mring Kanjeng Nabi ana hak kanggo milara manungsa liya? Ora ana sing weruh wangsulane ta? Sakumpama tetep meksa gawe laraning liyan amerga rasa tresna marang nJeng Nabi, lha apa tresna sing kaya mengkono bakal entuk balesan becik saka Kanjeng Nabi? Satengahing kasus kuwi, katon banget ilmu wis ora dicekel kanthi ngati-ati. Kabeh wong rumangsa duwe ilmu bab agama banjur muntap karepe dhewe. Kanyatan kaya mengkono artine awak dhewe durung siyap dadi bangsa sing kanggonan ilmu. Uwal saka kedadeyan konflik antarane Gus Muwafiq vs wong akeh. Wong Indonesia, utamane wong Jawa, isih kerep bedakake mungguhing ngelmu agama lan ngelmu donya utawa akeh sing ngarani ‘sekuler’. Kamangka Dewi Saraswati, dewine ngelmu muni; sinaua ilmu donya (sekuler) amerga kuwi kanggo butuhing ngelak lan luwemu banjur sinaua ngelmu agama kanggo dalan anggonmu moksa. Lha awak dhewe iki nora siap lumaku ing rong daerah ilmu mau. Sok-sok ana pamangku ngelmu sekuler sing emoh sinau agama, lan ora sithik wong sinau agama nolak sinau ilmu sekuler. Arep dikon imbang kabeh, cetha ora mungkin. Sajak wis garise ngono kuwi, nanging sakorane tetep bisa nrimakake kabeh ilmu, ora malah pilah-pilih. Kabeh ilmu ki becik, mung anggepan lan cara nganggone awak dhewe sing kerep kleru. Senadyan ing Gowa, Syech Yusuf Puang La’lang meneng-meneng dodolan Suwarga kuwi klebu aneh, nanging midana Puang La’lang minangka bakul suwarga uga ora kalah anehe. Apa ta salahe dodolan suwarga? Apa prelu SIUP ben bisa dodolan suwarga kanthi legal? Nek pancen bakulan suwarga butuh SIUP, banjur NPWP-ne bakal kepiye? Aduh. Mbok ya sing masuk akal.
Syech Yusuf Puang La’lang sing mimpin Tarekat Ta’jil Khalwatiyah ora bisa disalahake kanthi pol-polan. Buktine ana wong-wong sing gelem tuku tiket suwarga marang dheweke. Tur regane ya ora patia nggepuk, rega tiket suwarga sing dimakelari Puang La’lang klebu murah banget, paling larang 50.000, paling murah 10.000. Nek Puang La’lang iki pancen sekti, ora wurung kabeh wong ing donya bakal grudukan tuku, wong regane mung semono. Ora prelu njengkang-njengking sembahyang. Kabare amerga lelakone Puang La’lang sing kaya mengkono dheweke dijerat nganggo Pasal 156 a KUHP/Pasal 378 KUHP/Pasal 372 KUHP perkara penipuan lan penggelapan. Ing bagian iki ketara banget sangare pelapor (MUI Gowa) lan Pulisi. Nek Puang La’lang pancen dipidana nganggo pasal-pasal penipuan lan penggelapan, pitakonane Puang La’lang kuwi ngapusi bab apa? Bab suwarga? Apa pelapor (MUI) lan Pulisi weruh suwarga sing saktemene kok bisane ngarani nek Puang La’lang ngapusi? Konyol ta? Tegese, nek nganggo konteks pasal penipuan, antarane Puang La’lang, MUI, lan Pulisi kuwi padha wae, padha mumetine. Wong ora ana sing ngerti wujud asline suwarga kok padu amerga urusan suwarga. Sakkarepe Puang La’lang ta, meh adol tiket suwarga, apa woh khuldi. Sing penting ngapusine ora kaya para politisi sing ngentekke dhuwite rakyat nganti pirang-pirang milyar. Tur ora kaya oknum polisi sing adol keselametan dalan sakwise tilangan. Emane Puang La’lang ora mretung nek wong Indonesia sakliyane gampang diapusi perkara agama uga gampang nesu perkara agama. Umpama aku ketemu Puang La’lang, bisnis dodolan suwarga tak saranake dilakokake kantji njagakake momentum lan nerepake sistem dodol bertingkat. Tiba riyaya besar tiket suwarga diundakake dadi satus ewu, banjur para tetuku bakal digawekake undian hadiah wedhus. Metu dhuwit seyuta kanggo tuku wedhus saka dhuwit cacah limang yuta rak ora rugi ta? Beda meneh nek dodolan suwarga bertingkat. Kaya sing wis umum dimangerteni, suwarga kuwi ana pirang-pirang macem. Pokoke ana pitung jenis nek ora sangang jenis suwarga. Lha saben suwarga regane dicocogake marang fasilitas lan letak geografise. Nek suwargane cedhak karo neraka ya diregani murah, nanging nek adoh banget saka neraka ya diregani larang. Kok sing Diuber Suwarga Anggone manungsa ngrekasa ing donya iki apa ya mung ngarep-arep mlebu suwarga? Cilakane, saka kasuse Puang La’lang, wong Indonesia jebul pengen banget mlebu suwarga. Khusus ing Jawa, ya ora kurang-kurang wong sing duwe kepengenan mlebu suwarga. Saben pengajian mesthi lhak iming-iminge suwarga, meden-medenine neraka. Jane pener ora ta arep-arep suwarga? Ya bener-bener wae, sapa yoan sing ora pengen mlebu suwarga. Nanging apa ya tujuwane ngugemi agama kuwi ben bisa mlebu suwarga? Nek pancen awak dhewe nglakoni ngibadah agama ben supaya mlebu suwarga, mbok dadi malaekat wae sisan. Gandheng aku babar blas ora mangerteni konsep suwarga lan Gusti saka teks Islam, dadi aku njupuk saka teks Jawa wae. Ora sah protes. Tulisan iki dudu kanggo dakwah agama Islam lan ndudohi dalan mlebu suwarga. Tulisan iki murni supaya awak dhewe bisa weruh posisine suwarga, Gusti, lan manungsa, khususe manungsa Jawa. Ing jaman modern sing pol mentoke mesthi materialistis saiki, kabecikan tansah diukur dhuwur apa orane saka wujud lan bentuk fisike. Intine bisa didemek, digrabak, lan dicekel. Nek ora katon lan ora bisa ditemu referensi akale ya bakal ora payu. Jajal diselehake marang kasuse Puang La’lang. Sajroning agama sing bisa digawe bakulan ya mung suwarga lan neraka. Arep bakulan bab fiqh, akhlak, utawa ibadah ya ora mungkin diculke cul tanpa ana gandhengane karo ganjaran suwarga utawa neraka siksa. Contone, nek kowe nguyuh sakngon-nggon banjur ora kok cawiki, kowe bakal dicelup neraka. Dicawiki kuwi cekake rak wilayah fiqh, dening pengajian ditempelake marang unsure siksa neraka. Saiki apa isa wong dakwah fiqh bab nguyuh tanpa embel-embel siksa nanging murni nganggo embel-embel kesehatan? Sajroning budaya Jawa ana konsep sing paling kondang bab agama utawa luwih trepe religiusitas lan spiritual, yaiku manunggaling kawula Gusti. Kabeh wong Jawa mesthine nate krungu konsep iki. Akeh teks-teks sastra Jawa sing kerep ngomongake perkara kamanunggalaning kawula lan Gusti. Nanging lambange beda-beda. Jal dititeni. Ana pira teks tulis Jawa utawa teks lisan Jawa sajroning budaya Jawa sing ngomongake suwarga? Ana ora? Anane ya ana, nanging ora luwih akeh tinimbang teks Jawa sing ngajaki ben manungsa bisa manunggal klawan Gusti, nyawiji siji mring Gusti. Durung nate ana wong usil ngajaki manunggaling kawula suwarga! Kelingan critane Dewa Ruci? Babone saka Serat Dewa Ruci gubahanipun R. Ng. Yasadipura I, sing banjur didadekake carangan lakon wayang. Dening para peneliti teks Dewa Ruci digambarake minangka salah siji wujud manunggaling kawula lan Gusti. Kawulane saka tokoh Werkudara banjur Dewa Ruci dianggep Gustine. Kena ngapa Werkudara dikon mlebu menyang sajroning awake Dewa Ruci liwat kuping? Parahe meneh, kena ngapa Werkudara sing wis betah sajroning awake Dewa Ruci malah dikon metu? Jan-jane isa uga teks Dewa Ruci diselarasake marang sejarah Isra’ Mi’raj nJeng Nabi SAW. Kanjeng Nabi diceritakake munggah tumuju sakngarsaning Gusti, nanging Werkudara malah diceritakake mlebu sajroning ‘Gusti’. Orane pengarang Dewa Ruci arep ngungkuli crita Kanjeng Nabi, nanging mung maca kahanan wong Jawa dhewe. Ing papan laire Islam kana, Gusti diwarah nek adoh banget senadyan ana teks kitab sing muni nek Gusti kuwi luwih cedhak tinimbang urating gulu. Nanging teks kuwi ora luwih akeh tinimbang crita bab adohe Gusti sing manggon ana ing Kursi Singgasana. Perkarane lha kok crita Dewa Ruci malah beda? Metune istilah manunggaling kawula Gusti bisa sakwise Dewa Ruci ditulis, lan bisa uga sakdurunge teks Dewa Ruci ditulis. Cethane, wong Jawa sadhar nek awake dhewe ora pantes munggah tekan Kursi, sowan Gusti banjur balik bumi. Siji-sijine sing sukses nglakoni ya mung Kanjeng Nabi. Mula kuwi wong Jawa nggawe padanan dhewe. Kasarane Werkudara bakal muni ngene, “nek aku ora bisa ketemu Gusti, tak mlebu sajroning Gusti sing cedhak awakku wae”. Terus kena ngapa Werkudara mlebune sajroning awake Dewa Ruci sarana kuping? Kena ngapa ora liwat lambe, irung, utawa bolongan liyane? Wah sangare ana ing bagian iki. Kuping kuwi salah siji bagian awake manungsa sing dadi kebanggane wong Jawa. Runtut karo tradisi lisan sing luwih kuwat tinimbang tradisi tulis. Wong Jawa luwih seneng ngrungu tinimbang maca. Bab iki ora salah kok. Nek ana sing nyuwarakake bab literasi kuwi mung maca, kana kon mbusaki audio-book sing sumebyar sakdonya. Gandheng wong Jawa kuwate ing tradisi lisan. Otomatis sing dadi sarana urup-urupan kabar ya saka kuping. Ora mung kabar, nanging uga kawruh, khususe kawruh agama. Kawruhe wong Jawa mudhun saka lambe, ditampa kuping. Kaya ngono terus puterane. Mulane Werkudara dikon mlebu liwat kuping kuwi jan-jane dikon tansah ngelingi kawruh becik apa wae sing wis dirungokake. Sajroning awake Dewa Ruci jebul Werkudara ora entuk suwe-suwe. Kamangka papane luwih amba tinimbang awak cilike Dewa Ruci sing mung sakbotol betadine. Werkudara bisa nemoni segaraning jagad ageng. Banjur ditemoni macem-macem warna. Werkudara rumangsa kepenak ing kono, eh lagi penak-penake dikon metu. Jalarane apa? Bisa uga amerga Werkudara seneng sajroning awake Dewa Ruci amerga sadar nek dheweke ana njerone Dewa Ruci, dudu malah ngrasa nyawiji karo Dewa Ruci. Suwarga apa penting? Keri gumantung manungsane. Luwih ngarep-arep mlebu suwarga apa nyawiji mring Gusti. Ayo dipikir bareng. Anane suwarga saka anane Gusti, endahing suwarga saka endahing Gusti. Nek dibandingake antarane suwarga karo Gusti, ya adoh banget. Aku ora nate ngerti, nanging aku percaya. Dudu merga utekku wis dikonsep kaya mengkono, iki urusane bab kapitayan. Dipretheli saka konsep Jawane. Suwarga ora klebu pengarepan, nanging Dzat sing Agawe Suwarga. Bisane nyawiji luwih marem tinimbang mung mlebu suwarga. Banjur piye nasibe Puang La’lang? Aja sembrono dhisik. Bisa uga senadyan dianggep ngapusi bab bakulan suwarga, jebul dheweke pancen wis diplot dadi warga suwarga. Kena ngapa ta padha heboh amerga berita nek Pemprov Jakarta nganggarake kabutuhan kantor sing rupane lem kanthi rega 82 Milliar? Mbok ya dilumrahi wae, paling sing nggawe anggaran duwe rencana ‘ngelem’ massal. Lem biasa rega limang ewu wae bisa marai kowe nginguk suwarga, apa meneh lem sing rega 82 Milliar, mesthi ora mung tampa nginguk, malah bisa nganti mlebu suwarga barang lho.
Dikutip saka Detik.com, rame-rame bab lem rega 82 Milliar iki diwiwiti saka Dinas Pendidikan DKI Jakarta. Sekretaris Dinas Pendidikan Susi Nurhati ngomong nek metune angka 82 Milliar kuwi amerga luput utawa kleru nginpur. Lucune, si Kepala Dinas Pendidikane, Syaefulloh, malah muni nek kuwi dudu salah input, nanging penganggaran sakwetara sing bisa diowahi sarana rapat. Asss… Jan, aneh-aneh wae ta. Saka Tempo.co, wong sing paling pisanan ngangkat berita iki kuwi politikus saka PSI, William Aditya Sarana. Dheweke nyebarake rancangan anggaran lem ‘ajaib’ mau via akun twittere @willsarana. Lem sing dianggarake entek 82 Milliar dening Pemprov DKI Jakarta mau merk-e lem Aibon. Wis tak tiliki ing internet pira pasaran regane, regane lem Aibon antara 8.000 nganti 10.000. Tinimbang angel dijupuk tengahe wae, yaiku 9.000. Lem Aibon iki lem saka Jepang sing wiwit diproduksi ing Indonesia taun 1974. Lem e bisa ngraketke apa wae, kayu, wesi, baja, lan liya-liyane kajaba hubunganmu karo mantanmu. Lem sakmono akehe ora tampa kanggo ngelem thok, bisa kanggo adus barang. Gandheng sing nganggarake kuwi saka Dinas Pendidikan Jakarta, apa iya lem sing akehe semono bisa dinggo minterna siswane? Tur pirang pelajaran ta sing wajib nganggo lem? Atasane kanggo siswa wae kok dijejegi lem rega 82 Milliar, mbok ya siswane diajari kreatip. Ben ora kulina nampa dadi utawa instan. Misale, nggawe lem dhewe. Lem sing murah nanging entuk akeh, tur nalika nggawe lem e sisan sinau masak. Contone yaiku lem kanji! Lem Kanji Miturut Kacamata Pendidikan Satengahing masyarakat, saingane lem kanji mung ana siji yaiku lem upa. Tinimbang lem kanji, lem upa pancen luwih praktis, luwih epektip, lan luwih marem. Nanging aja njuk kowe adang sega, banjur upane kok nggo lem kabeh. Mengkono kuwi jenenge goblok. Senadyan luwih praktis, luwih epektip, tur marem. Lem upa duwe kelemahan yaiku regane sing larang tur nggawene repot. Saiki nek kowe kepepet ora duwe lem, ora mungkin ta kowe adang beras sakbiji thil? Wurung mateng dadi upa ben isa nggo lem, malah beras siji thil mau menguap. Logikane, kowe lagi bisa nggawe lem upa nek kowe duwe beras. Rega beras sekilo karo rega kanji sekilo pancen ora beda adoh, nanging rak ya eman-eman kowe adang sega mung ben bisa dadi lem. Lha kanji sekilo wae akehe wis ora umum. Senadyan kok gawe cilok, cireng, cimol, lan panganan sakpiturute, mesthi ana turahan sing isa nggo lem. Awit saka fungsine kanji sing maneka warna mau, awak dhewe prelu ngerti piye carane nggawe lem epektip sing bisa awet tur murah, ora nganti nganggarke 82 Milliar mung kanggo tuku lem. Eh, masa ya ameh nganggarne dana nggo tuku kanji? Ora masalah! Wong tuku kanji lan wong tuwa sing kepepet amerga nggawekne anake lem kanji nggo tugas sekolah kuwi uga ora salah. Kanji sakkilo sing dirupakke dadi lem, bisa entuk sak toples adah rambak, kebak. Lem kanji saktoples bisa cukup nggo nem taun SD. Nggawene nalika kelas siji, kelas enem pas wisuda rak lagi entek. Kurang awet piye jal? Sakjane nek lem kuwi pancen nggo kabutuhane sekolah-sekolah ben sansaya maksimal anggone mulang siswa, ora prelu nganggo pathokan ngono kuwi. Pendidikan kuwi butuhe epektip, dudu larang utawa murah. Proses nggawe lem kanji iki penting dilebokake ing salah siji mata pelajaran. Cocoke ya mlebu ing pelajaran seni. Dadi saben siswa nalika pelajaran seni dikon nggawa kanji setengah kilo banjur dituturi carane nggawe lem kanji. Saka sinau nggawe lem kanji mau, para siswa wis miwiti langkah dadi koki lho. Sapa ngerti satengahing pelajaran ana siswa sing ora malah nggawe lem nanging nggawe cilok. Cilok kasil kesalahan nggawe lem mau ora prelu disalahake, amerga bisa dipangan bebarengan. Pak guru lan bu guru ya entuk melu mangan, aja isin-isin. Nek wis kaya mengkono, kekancane siswa lan komunikasi karo guru rak bisa sansaya raket. Luwih raket tinimbang lem 82 Milliar. Tata Cara Nggawe Lem Kanji Nggawe lem kanji ora prelu pasa Senin lan pasa Kemis. Tur ora kudu maca rapalan mantra tetemtu. Cepakake wae kompor sak genine, dandang saksilite, banyu sakperlune lan kanji sakcukupe. Kanjine aja akeh-akeh, ndak malah diawut-awut tekan ngendi-ngendi. Dandang isenana banyu sak jempolan banjur tumpangke ana dhuwur kompor. Aja nganti kuwalik. Aja kompore kok tumpangke dandang! Nek wis, kompore sumeten. Genine ra sah gedhi-gedhi, mundak marakke omah kobongan. Diatur pokoke, nggonen rasamu. Banyu sing lagi dipanasi entenana kira-kira limang menit nganti pitung menit. Nek wis ketara rada kemebul, suntakana kanji sakjumput sing sekirane separone banyu umup. Engko kanjine bakal klutuk-klutuk. Lha pas ngono kuwi udaken alon-alon nganggo driji, eh sendok, amerga kanjine bakal sansaya kenthel lan kandel. Diudak terus ben nglatih kesabaran. Alon-alon wae, nek kok banterke cetha dandange ngguling. Lengket orane bisa kanthi gampang ditengeri. Yaiku nek sendok sing kok nggo ngudak malih angel diputer. Kuwi tegese wis lengket. Nek wis kaya mengkono patenana genine. Akhire lem kanji wis siyap saji. Arep kok nggo ngelem janggut karo gulumu ora apa-apa, arep kok pangan ya ora masalah. Utawa nek wis dadi gawanen menyang sekolah-sekolah, tawakke menyang kepala sekolah lan guru-guru. “Iki lho jenenge pendidikan sing ngelem rakyat, sing nyawijikake brayat.” Wong Jawa ora duwe mungsuh, kajaba cocote tangga, cocote kanca, lan cocot-cocot liyane sing kemrompyang luwih ngurusi uripe liyan tinimbang uripe dhewe! Sarujuk ora, lur? Dudu wonge sing dadi mungsuh nanging mung lambene. Eling, awak dhewe ora entuk kegethingen marang liyan. Anggep biasa wae senadyan rasane cekit-cekit ati dijiwit.
Tradisi rasan-rasan wis kelakon saka nalika jaman Hyang Brahma saka Tanah Hindhus ubyug-ubyug ngelungake Gunung Mandaragiri menyang tanah Jawa. Lawas tenan ta? Nek ora percaya wacanen wae ing Kitab Tantu Panggelaran. Luwih aptudet meneh, jebul tradisi rasan-rasan iki bisa awak dhewe lacak ana ing saben karyane Pujangga Sastra Jawa sing mesthi ngrasani liyan. Sok-sok diomong apike, sok-sok diomong eleke. Kaya R.Ng.Yasadipura I nulis bab pribadhine Pakubuwana II. Ing tahun 80’an nganti 90’an biasane wong Jawa dha mlumpuk awan-awan ing ratan omah, metani tuma sambi nggacor bab tangga. Kaya kaum kanibal, tangga sing dirasani dikuliti nganti entek, dikrikiti sakbalung-balunge, sumsum balunge disesepi kanthi banter banget. Saiki mode rasan-rasan wis ganti meneh. Ing jaman kerajaan dhisik sing awak dhewe ngerti mung rasan-rasane tokoh kerajaan. Banjur sakwise Jawa wis ora kratonsentris, kelakuan rasan-rasan wong njaba keraton wis wiwit katon. Nanging papan strategis rasan-rasan ora cukup ratan omah. Sak perkara sing pesthi, panggon rasan-rasan sing paling representatif kuwi ana ing warung kopi utawa cafe! Kurang penak piye? Wis ana kopi, cemilan, sakrokoke, lan santapane nganibali kancane dhewe. Embuh merga kancane kerep utang lali bayar, embuh merga nek ngomong idune mesthi rekreasi. Karakter Wong Jawa Wong Jawa sakjane ora sepira kuwat tradisi tulise. Mula sing gampang kesebar ya tradisi lisan. Emane, tradisi lisane wong Jawa ora sekuwat tradisi lisan wong Arab. Nek kandhane Gus Wildan Habibi, wong Arab kuwi luwih percaya marang lisan tinimbang tulis, amerga kahanane mengkono kula pikirane wong Arab padha limpad uga kuwat banget anggone ngeling-eling perkara. Buktine bisa disawang saka hadits nJeng Nabi sing runtutan silsilah asal-usule bisa dawa banget! Lha wong Jawa? Kuwat prungon ra kuwat pangeling-eling kajaba sing nyenengake banget utawa nglarani banget. Kuwate wong Jawa pancen ing babagan prungon. Saka tradisi prungon mau akhire tuwuh kebiasaan rasan-rasan. Cekake, jalaran budaya prungon mau atine wong Jawa nek dirasani gampang banget sensitip. Kabeh wong ya bakal kaya mengkono, nanging nek disurpei, wong Jawa luwih cenderung akeh sing sensitip. Resikone Rasan-Rasan Ana takdir siji sing bakal dilakoni kaum kanibalisme rasan-rasan. Suk nalika etung-etungan amal sing mlebu suwarga mung awake thok, lambene ditinggal keri ing neraka! Dikumbah, dincep-ncep geni, ilate dicatheki lambene mantan! Rasakna! Sakliyane kuwi, rasan-rasan kudu dijaga ing antarane wong sing rasan-rasan. Aja nganti bocor, engko marai padu mungsuh sing dirasani. Apa meneh nek nganti mbukak wadi. Cetha ngrusak paseduluran. Kaping pungkasan, wong rasan-rasan kuwi bakale ora maju. Rasan-rasan ping pisan, ping pindho ora masalah. Nanging nek rasan-rasane sakjam pisan, kuwi tetenger atine kena penyakit iri, gething, lan meri. Ora bisa nampa garising Gusti. Kancane tuku mobil meri, tanggane duwe bojo lima meri, apa meneh pas tanggane numpak mobil bareng bojo-bojone! Wah, ati rasane kaya gunung mbledhos. Mula aja dijupuk ati. Amerga Gusti ngerti, nek kowe diwenehi takdir kaya tanggamu, kowe bakal luwih nemen anggone pamer. Diingu apa dimusnahke? Nyawang kahanan wae. Ora ana wong sing sempurna banget, tur ora ana wong sing lambene anteng kaya sempak dipe kabur kanginan. Kala-kala mesthi ana hasrat kanggo ngrasani. Nek hasrat kuwi teka, ya diomong wae, anggere ora nganti mbukak wadi pribadhi sing pancen privat banget. Rasan-rasan tetep kudu obyektif. Contone kancamu seneng mangan akeh tapi ora nawani, berarti sasarane ya mung kelakuane sing ora tau nawani kuwi. Ora sah ngambrah-ambrah tekan hapene kancamu sing isi memorine entek amerga nyimpeni bokep limangatus giga! Intine fokus! Saklumrahe wae lah. Sakmadyane. Pengin rasan-rasan ya tampa rasan-rasan wae. Lha wong wis karaktere bangsa. Tinimbang atine mongkok amerga ora bisa rasan-rasan. Suk pas neng neraka, bakal akeh cangkeme wong Jawa. Awake? Ya wis leyeh-leyeh ngisore wit khuldi lah. |
Archives |