Nerusake tulisan nomer loro. Tegese iki tulisan pungkasan sajroning 'trilogi' Toleransi Tridamarsari.
Sakwise nyecep tejaning Buddha saka Pak Lasiman. Jawasastra nerusake laku tumuju Sanggar Samadhi umat Buddha sing panggone ana ing dusun Gumuk. Cilakane, rokoke wis entek kabeh, kepeksa kudu ngampet rokokan engko. Sakdurunge lunga, Pak Lasiman sempet ngewehi ngerti video acara sasi November 2019 wingi ing Sanggar Samadhi. Para biksu padha nglumpuk nggawa oncor dhewe-dhewe. Pak Lasiman muni, "Iki meh nggawe candi mas, dadi ora umat Buddha jaman dhisik sing nggawe candi, umat Buddha saiki ya nggawe." Ing dalan tumuju Sanggar Samadhi, Broman uga nambahi omongan bab candi. "Panggone ora adoh saka Sanggar Samadhi" Kok ya dilalah tenan. Bisa niliki proses nggawe candi ing jaman modern. Senadyan wis jam sepuluh bengi, ora masalah. Isih ana senter. Saka omahe Pak Lasiman menyang Sanggar Samadhi jarake ora adoh. Ing salah siji pos ronda, katon ana rame-rame. Jebul warga dusun Nggumuk. Para warga sing lagi rondha uga wis padha akrab karo Mahmud. Mula ya kekep-kekepan meneh. Broman banjur njalui idi menawa arep menyang Sanggar Samadhi. Kok ya bejane, ing antarane wong rondha mau ana sing pegaweyane dadi juru kunci, namane Pak Yanto. Tanpa diaturi apa-apa meneh dening Broman, Pak Yanto ngomong nek arep ngancani. Pos rondha karo Sanggar Samadhi ora adoh. Engko ing pucuk dalan ana dalan menggok nengen nanging munggah. Kok ya medeni dalan munggah nengen mau miringe nganti 45°. Untung ora adoh. Saka dalan sedurung munggah katon cahya murup kuning. Cahya kuwi arupa lampu sing pating cementhel ing pendhapa. Nalika mlaku munggah, banjur belok ngiwa. Ketara meneh, ing njero pendhapa ana reca Buddha warna kuning sing anteng banget lan nek disawang nentremake. Sajroning pendhapa jebul ana para Samara, cacahe loro, krubut-krubut nganggo kain kuning oren, sirahe plontos. Samara kuwi cah enom sing lagi ajar agama Buddha tingkat sing cendhak dhewe. Tak kira Samara, minangka calon Bante utawa Bikkhu kuwi uripe spaneng tur saben dinane urip mung ngabdi mring Buddha, jebul ora! Rong Samara mau penak wae dolanan laptop. Sakpinggire pendhapa ana gubug cilik saka kayu, ukuran 2 x 2 m sing biyasane dinggo turu para Samara. Pak Yanto langsung njujug pendhapa, nanging Broman ngajak niliki lemah sing wis arep digawe candi. Dalane petengan, durung dipasangi lampu, mula senter hape dha diurubake. Sajake lemah bakal candi mau manggon ing bukit sakdhuwure Pendhapa. Lagi wae tekan bukit, wis ana gapura warna putih sing ngenteni. Kandhane Broman, gapura kuwi mung nggo tetenger, digawe saka gypsum. Lintang putih sumunar. Rata ing langit ireng. Sakwise mlebu saka gapura mau, wis ana ubengan kayu. "Iki mandalane, bentuke segi wolu mas" Ujare Broman sedurung ditakoni, malah wis ngandhani. Ing sisih mburi ana tumpukan watu kuning. Nalika tak parani, Broman uga ngandhani menawa kuwi watu sing dipilok kanggo nutupi watu pisanan pondasi candi. Rencanane candi kuwi bakal rampung kanthi wektu paling suwe limang taun. Para tukange saka umat Buddha dhewe lan tanpa nggawe alat berat, mentahan manual tangan manungsa! Padahal, kamangka, gedhene watu bakal candi kira-kira kandele sakkilan menungsa Jawa diwasa, dawane ana sakkilan punjul driji tengah, lan ambane sakkilan punjul driji jempol. Tur dudu watu abang kaya sing dinggo mbangun omah, nanging watu kali. Swasanane tentrem, lan angine ora banter banget. Ujug-ujug Mahmud duwe ide, "Piye nek nggawe ekspedisi sastra Jawa neng kene?!" Wah idene jan kok ya mlethik. Dipikir alon-alon, mugya kelakon. Wayah ngeningake cipta, maksude ngrasakake swasana sing tentrem banget. Dilalah ana lintang alian. Cepet banget. Sing weruh mung Broman lan Sri. Dirasa cukup bar niliki kahanan panggon sing arep digawe candi, Pak Yanto ngajak menyang pendhapa. Thimik-thimik padha mlaku tumuju pendhapa. Sedurung mlebu pendhapa, cocoge poto-poto dhisik. Mengkoni gagasane Broman sing wonge rada eksis tur narsis. Wekasane, dha poto-poto ing andha dalan tumuju pendhapa. Lagi wae mlebu pendhapa. Wis ana asu putih kuning sing kegol-kegol buntute. Katon seneng menawa wengi kuwi dheweke duwe akeh kanca. Mula ngglibeti aku sakkanca. Dening Mahmud, asune langsung dipangku. Pak Yanto nawani wedang. Dheweke nggawekake wedang rupa loro. Ya kopi, ya teh. Kopine telu, teh e ana telu. Para Samara pamit turu. Sedurung bali menyang pondok, dha puja bhakti menyang Buddha dhisik. Gandheng ana tumpukan buku sakngisore reca Buddha. Jawasastra jaluk idi maca njerone. Dilalahe kok entuk. Mula diwaca bukune. Ana rong macem buku. Siji buku tata cara puja, sijine meneh buku donga sing katulis nganggo aksara cina. Tridamarsari; Sarining Tumindak Toleransi Pindah sik basa Indonesia Mahmud dengan idenya tentang pelaksanaan Ekspedisi Sastra Jawa di daerah Sampetan segera bergerak. Ia mengajak kami melakukan wawancara awal dengan Pak Yanto dan Broman yang sedang leyeh-leyeh di kasur. Rekaman hasil perbincangan kami bersama Broman dan Pak Yanto telah tersedia dalam podcast kami di anchor. Silahkan klik di sini. Lumayan panjang, selamat menikmati. Untuk versi tulisannya akan diambil satu uraian kesimpulan terkait strategi membina perbedaan di tiga padukuhan yang tergabung dalam Tridamarsari. Sejak awal belum kami beritahukan apa itu Tridamarsari bukan? Jadi, Tridamarsari merupakan nama kesatuan bagi tiga dusun di desa Sampetan. Tiga dusun tersebut antara lain Mongsari, Gumung, dan Purwosari. Ketiga dusun itu masing-masing mayoritas masyarakatnya beragama Buddha. Nama Tridamarsari diterangkan secara detail oleh Pak Yanto. Artinya tiga cahaya inti. Kosakata yang dipilih berasal dari bahasa Jawa. Harapannya, nama Tridamarsari mampu merepresentasikan semangat gotong royong yang berlandaskan rasa toleransi dan saling memiliki. Ketika kami tanya tentang awal mula terbentuknya atmosfer toleransi antar masyarakat beragama di Tridamarsari baik Broman maupun Pak Yanto tidak ada yang tahu secara pasti. Menurut pengakuan, sejak mereka kecil masyarakat Tridamarsari sudah terbiasa hidup saling mengerti di tengah kemajemukan. Sementara untuk pemberian nama Tridamarsari sebagai sarana mengidentifikasi tiga padukuhan terjadi pada sekitar tahun 1990'an. Kata Broman, Tridamarsari bisa terwujud karena kentalnya pola hidup gotong royong antar masyarakat. Tidak pandang agama yang dianut. Malah, sebelum berangkat berkeliling desa, Broman sempat menerima undangan menjadi panitia untuk pelaksanaan Natal 2019. Keterangan Broman dikuatkan oleh Pak Yanto. Bagi Pak Yanto, hidup di desa tidak bisa jika tidak menerapkan prinsip gotong royong. Seandainya ada salah satu anggota masyarakat yang tidak pernah terlihat di acara-acara atau kegiatan kemasyarakatan maka orang tersebut praktis terkena sanksi sosial. Menariknya, tidak ada konsekuensi hukum positif yang disepakati bersama. Hal tersebut terjadi di alam bawah sadar begitu saja. Selanjutnya Pak Yanto menjelaskan praktek toleransi yang dianut masyarakat Tridamarsari dengan cukup gamblang. "Dadi wong Tridamarsari kuwi nduwe telu hari raya, yaiky Idul Fitri, Waisak, lan Natal. Saben acara mau disengkuyung bebarengan." Broman kemudian memberikan contoh; Bahwa ketika Waisak, baik umat Muslim maupun Katolik turut serta membantu pelaksanaan. Begitu juga saat umat Katolik mengadakan Natal, umat Muslim dan Buddha tak ketinggalan turut serta menyemarakkan. Satu hal yang istimewa terjadi tatkala umat Muslim punya gawe Idul Fitri. Meski hanya minoritas, umat Buddha dan Katolik di Tridamarsari berkeliling ke rumah-rumah umat Muslim melakukan silaturahmi halal bi halal dalam tradisi Islam Indonesia. Dalam praktek toleransi, rupanya masyarakat Tridamarsari tidak memberlakukan sebuah batas demargasi yang jelas. Adapun setiap batasan dalam toleransi dipahami secara internal. Setiap masyarakat mempunyai pengetahuan yang cukup untuk memperlakukan masyarakat yang berbeda keyakinan, sehingga toleransi yang terbentuk murni bersumber dari inisistif dan kesadaran belaka. Mereka tidak pernah mengampanyekan atau melakukan branding atas kondisi toleran yang terjadi sama sekali. Justru keberadaan toleransi dipandang sebagai suatu sistem hidup bermasyarakat yang mutlak. Bercermin Pada Tridamarsari Isu intoleran terus menggelinding di sosial media. Banyak orang yang secara mendetail memberi uraian tentang betapa pentingnya toleransi. Tak kalah banyak, orang-orang yang skeptis, bahkan tidak peduli. Indonesia pancen angel dicekel karepe, maksude wong Indonesiane. Amerga ideologine Pancasila tur sesantine kuwi Bhineka Tunggal Ika, mesthine awak dhewe sinau kaya piye kuwi toleransi ing ajaran Buddha. Lha wong tembung kuwi dientuk saka Kakawin Sutasoma sing Buddha banget. Tridamarsari adalah satu contoh yang sangat tepat untuk bagaimana idealnya mengamalkan Pancasila. Menekan perasaan sentimen agama, satu hal yang perlu dilakukan terlebih dahulu. Jangan mentang-mentang merasa paling toleran, karena hal semacam itu hanya mengundang sikap balas intoleran. Buddha mengajarkan bahwa agama sebagai jalan pemurnian jiwa yang privat. Terkait dengan hal itu, sudah semestinya kebebasan beragama diterapkan sepenuhnya. Boleh saja negara mengatur agama, tapi negara tidak akan pernah tahu apa yang terbaik bagi masyarakat pemeluk agama. Toh negara tidak punya metrum ideal toleransi secara jelas bukan? Bisane toleran kuwi wis manjing ing sepira jembare ati lan sepira landhepe rasa-pangrasa. Ora bisa toleran banjud diwenehi watesan-watesan. Amerga toleran ana gandheng rentenge karo tumindak adaptif. TAMAT
0 Comments
Melanjutkan tulisan cathetan dolan Toleransi Tridamarsari. Kali ini menggunakan Bahasa Indonesia yang akan banyak diselipi kosakata Bahasa Jawa. Harapannya, gagasan dari ketiga tulisan nanti dapat lebih tersampaikan. Mengingat refleksi kebhinekaan juga sangat diperlukan oleh masyarakat non-Jawa.
Setelah bercakap-cakap cukup panjang bersama Pak Toyo selaku ketua RW, kami kembali ke rumah Broman. Waktu saat itu sudah menunjukkan hampir Maghrib. Sebelum angkat kaki dari kediaman Pak Toyo, kami memohon izin terlebih dahulu kalau nanti malam akan melihat-lihat kondisi pesarean serta pundhen Mbah Saridongso. Sesampainya di rumah Broman. Ternyata Mas Kris sedang menapak acara formal dalam Bahasa Jawa mlipit terkait rencananya mengasakan resepsi. Mas Kris bermaksud mengundang Broman sekeluarga untuk menghadiri acara resepsi yang dilaksanakan bulan Desember 2019. Setelah melangsungkan acara formal tersebut, habislah masa surup dan masuklah waktu Maghrib. Maghrib di dusun Mongsari memang terasa lebih khidmat sekaligus syahdu apabila dibandingkan dengan waktu Maghrib di kota maupun desa-desa lainnya. Adzan Maghrib berkumandang hanya dari satu Masjid yang lokasinya tak jauh dari rumah Broman, Masjid tersebut adalah satu-satunya tempat ibadah muslim di Dukuh Tridamarsari. Pun suara adzannya sangat presisi, tidak terlalu keras dan tidak terlalu pelan. Langit hitam menggulung mega-mega. Suara jangkrik mulai terdengar. Momen semacam itu sungguh momen yang luar biasa. Mahmud menyampaikan maksud kami kepada Broman atas niat kami untuk berkunjung ke pundhen Mbah Saridongso, dan wihara. Akan tetapi muncul tawaran lain dari Broman, bahwa ia hendak mengajak kami mengunjungi Sasana Samadhi Buddha di dusun Gumuk. Mendengar tawaran tersebut, tentu kami langsung mengiyakan. Kapan lagi menikmati malam penuh ketenangan di lokasi perenungan? Usai makan malam. Sekitar pukul setengah delapan kami berjalan menuju pundhen Mbah Saridongso. Kecuali Broman, tidak ada yang punya inisiatif membawa senter. Untung setiap hape punya fitur senter. Di perjalanan menuju pundhen, saya mengonfirmasi tentang pohon besar di pesarean yang tak roboh meski dihempas bencana angin tahun 1985 kepada Broman. Rupanya apa yang dituturkan Pak Toyo benar adanya, sebab Broman juga mengiyakan. "Rubuhe malah pas ora ana apa-apa, meneng-meneng rubuh" Begitu kata Broman. Terkait penampakan makhluk non-manusia yang turun dari gunung, Broman juga mengiyakan. Di kejadian itu semua orang bisa melihatnya tanpa terkecuali. Tentang pohon yang roboh itu. Ketika roboh, ranting-rantingnya tidak ada yang berserak keluar dari kompleks pesarean. Konon ranting-ranting tersebut seolah dibengkokkan oleh sesuatu agar tetap jatuh di dalam komplek makam. Sebuah gapura makam warna hijau beraksara Jawa menyambut kami. Baru beberapa langkah maju, mendadak Broman berhenti. Praktis kami menirunya. Kepala Broman menunduk dengan tangan bersidekap di bawah perut sembari memegangi senter. Ia nampak memejamkan mata. Setelah satu menit dalam kondisi demikian, Broman membuka mata dan mengusap wajah dengan kedua telapak tangannya. Perjalanan kami lanjutkan. Ada dua bangunan besar yang tersusun dari batu-bata. Kata Broman dua bangunan tersebut adalah petilasan Mbah Saridongso. Sementara kuburannya berada di pojok kompleks pesarean. Gelap. Tanpa direrangi lampu. "Saridongso wae dudu jeneng asli, kuwi mung jejuluk. Ora diwenehi papan nama amerga konon wonge ora gelem kondang." Kompleks pemakaman Mongsari merupakan kompleks makam heterogen. Tidak dikhususkan bagi muslim maupun pemeluk agama tertentu. Seharusnya pemakaman itu berupa pemakaman bagi penganut agama Buddha, mengingat mayoritas masyarakat Mongsari memeluk Buddha. Namun yang terjadi justru sebaliknya. Keberagaman jenazah yang dimakamkan di pemakaman Mongsari bisa ditandai dari bentuk nisannya. Jika yang meninggal seorang muslim maka nisannya berupa palang kayu biasa. Kalau yang meninggal seorang katolik, ditandai dengan kayu palang salib. Dan apabila yang meninggal seorang penganut Buddha tandanya berupa batu yang dibentuk stupa. Mengenali Cahaya Buddha Cukup rasanya berkeliling melihat pundhen Mbah Saridongso di kompleks pemakaman Mongsari. Kami melanjutkan perjalanan ke rumah inap Mahmud sewaktu KKN, rumah Pak Lasiman sekeluarga. Dalam perjalanan menuju rumah Pak Lasiman, kami melewati sebuah masjid warna hijau yang cukup besar. Menurut keterangan dari Broman, masjid tersebut dibangun secara gotong royong oleh semua umat lintas agama di Tridamarsari. Bahkan tanah tempat masjid berdiri tersebut merupakan tanah milik seorang penganut Buddha. Sampailah kami di rumah inap Mahmud saat KKN. Kedatangan kami langsung disambut hangat. Seperti biasa, Mahmud mengadakan acara peluk-pelukan layaknya anak bertemu kedua orang tuanya. Bukan hanya Pak Lasiman yang menyambut, seekor kirik lucu juga ikut menyambut. Ia berlarian mengelilingi kami, dan kami bergantian menggendongnya. Kirik itu berwarna coklat dan masih kecil. Oleh 'nenek angkat' Mahmud, kirik tersebut diberi nama Boy. Katanya, "ben pas gelut menangan". Seketika pecahlah tawa kami. Apalagi diantara kami ada yang berseloroh, "ya berarti ditukokke ninja bariki". Pak Lasiman, selaku tuan rumah, merupakan guru pengajar agama Buddha di SD Negeri Sumogawe III. Ia memprakarsai pendirian berdirinya tiga tempat ibadah di SDN Sumogawe III yakni Wihara, Mushalla, dan Gereja. Karena latar belakang pendidikan Pak Lasiadi sendiri yang memang pendidikan agama Buddha, kami tak segan banyak bertanya tentang agama Buddha serta atmosfer toleransi di tingkat nasional maupun lokal. Pendapat Pak Lasiman tentang praktek ideal toleransi tidak jauh berbeda dengan pendapat keluarga Broman dan keluarga Pak Toyo. Terlihat jelas bahwa definisi toleransi mereka berangkat dari nilai-nilai kebudhaan, bahwa toleransi tidak perlu digemborkan apalagi dipaksakan. Menurut mereka, di belakang toleransi terdapat konsekuensi karma yang tidak mungkin dielakkan manusia. “Ada yang namanya sila dalam ajaran Buddha.” Kata Pak Lasiman. Sila yang dimaksud ialah perbuatan baik serta moral yang baik. Setiap perbuatan baik akan dikembalikan dengan hal yang lebih baik, setiap tindak moral yang tidak baik akan berbalik dengan hal yang lebih buruk. Berdasarkan ujaran Pak Lasiman, di dalam agama Buddha terdapat tingkatan-tingkatan karma. “Baik perbuatan baik maupun buruk akan dikembalikan kepada subyeknya berdasarkan pada obyek yang bagaimana dia bersikap.” Selanjutnya Pak Lasiman menguraikan melalui contoh; “Aku ngantemi maling kuwi ana karmane, karmane ya karma elek, nanging ukuman karma kuwi ora bakal gedhe lha wong sing tak antemi maling. Beda meneh nek aku ngantemi sampeyan, tingkatane bakal luwih dhuwur ukumane. Sansaya parah nek aku milara wong suci, cetha karma eleke bakal medeni. Kabeh makhluk ora bisa ucul saka karmane dhewe-dhewe. Kaya asu (maksude Boy) iki mau, de’e wis nyenengna wong ya bakal entuk karma becik.” Pak Lasiman beserta seluruh komponen agama Buddha mengaku tidak pernah mempersoalkan tindakan buruk dari siapapun yang mereka terima. Mereka hanya membiarkan saja, membiarkan karma melakukan pekerjaannya. Karma tidak mempertimbangkan agama. Bahkan Pak Lasiman juga bertutur tentang adanya Buddha Bar di daerah Jakarta. Di dalam bar tersebut berisi artistik berupa patung Buddha, manggala, dan obyek-obyek sakral Buddha yang lainnya. Namanya saja Bar, meski dihiasi dengan estetika Buddha, tetap yang dilakukan pengunjungnya adalah mabuk-mabukan. Terhadap fenomena semacam itu, Pak Lasiman mengaku tidak bermasalah. “Saiki apa sedulur Islam sampeyan bisa anteng kaya aku?” Ujar Pak Lasiman menyinggung beberapa oknum radikal dari Islam yang ternyata juga membuatnya jengkel. Selanjutnya Pak Lasiman mengatakan bahwa semua orang punya jiwa Buddha. Nantinya kalau orang tersebut mulai menyadari keberadaan Buddha dalam dirinya, ia akan menjadi Boddhisattwa. “Jiwa Buddha bersamayam di tiap-tiap manusia, tak peduli apa agamanya.” Bersambung… (Di tulisan terakhir nanti, akan diceritakan kunjungan ke Sasana Samadhi dan apa yang dapat kita pelajari dari praktek toleransi di Tridamarsari) Tanggal 24 November 2019, sedina sakwise mbiyantu Teater Amarta mentasake pertunjukan teater sing diangkat saka Kakawin Sutasoma, Jawasastra keturutan dolan menyang Padukuhan Tridamarsari, Desa Sampetan ing Kabupaten Boyolali. Desa sing wis kuncara minangka conto kepiye carane gemati ngrumat toleransi. Senadyan isu intoleransi sansaya kuwat, Sampetan ora kelangan ukur. Kanggo tambahan wae sakdurunge mlebu ambabar toleransi ing Tridamarsari, tak kandhani bab pagelaran teater kanthi judhul Dualisme sing digarap Teater Amarta. Kareben bisa tinemu sambung rakete antarane teater sing dimusiki Jawasasta lan Tridamarsari. Mbak Nunung, minangka sing olah Teater Amarta, Bantul, crita menawa piyambakipun pengin banget nggawe pagelaran teater saka Kakawin Sutasoma. Alesane, nalika maca ikhstisare muncul rasa gumreget lan kekarepan arupa wisik ginaib. Ujare, sajroning Kakawin Sutasoma ana pagelaran urip antarane rong perkara isen-isen donya; ireng lan putih, apik lan ala, tur seneng lan susah. Mula pertunjukane dhewe diwastani Dualisme. Pagelaran teater Dualisme dijupuk saka Kakawin Sutasoma bait siji nganti bait sangalikur. Jane Mbak Nunung duwe karep jupuk kabeh, nanging engko mundak katon meksa, amrih dijupuk bait-bait kawitan wae. Umpama nora ana alangan, Mbak Nunung duwe panemu arep nerusake laku teatere ngangkat Kakawin Sutasoma kanggo bait-bait sakbanjure. Miturute Jawasastra, sumber ide kanggo Dualisme sing dijupuk miturut bait per bait pancen cara paling trep kanggo teater-teater sing ngangkat sastra Jawa kuna. Tinimbang nggragas jupuk kabeh bait banjur sing diuncalke marang penonton amung arupa sinopsis. Saben bait kuwi dening Mbak Nunung disinaoni tanpa kendhat bebarengan karo dulur-dulur Teater Amarta liyane. Amerga ora kabeh bait, dadi bisa fokus nyinaoni bait-bait sing wis digaris dadi sumbering ide. Teknik kuwi akhire nyilikake resiko-resiko kleru tafsir kaya sing lumrahe kedaden ing donya teater nalika ngrespon teks kuno. Kakawin Sutasoma diserat dening Mpu Tantular, salah siji paramakawi sing urip satengahing jaman Majapahit. Ana sing muni ing mangsa pungkasan Majapahit. Dadi isih sak kukuban kraton kalawan Kakawin Negarakrtagama, nanging beda mangsa anggone nyerat. Dadi Kakawin Sutasoma kuwi kakawin buddhis amerga pancen ngomongake lelakuning Buddha. Tur Mpu Tantular dhewe nganut ajaran Buddha. Rak dilalah banget, tanpa dinyana, bar pentas malah dolan menyang papan padukuhan sing mayoritas masyarakat ngugemi ajaran Buddha. Pepanggihan Liyan kang Dadi Sedulur Sinarawedi Jawasastra dikancani kalawan Mahmud N.A nalika mara menyang Desa Sampetan. Maklum, lha wong Sampetan kuwi panggone Mahmud ngrampungake jejibahan KKN taun 2019. Nek dhewean ya ra pakra, malah dikira ana agenda aneh-aneh ta. Awak dhewe budhal saka daerah ISI Surakarta. Desa Sampetan klebu ing wilayah Ampel, Boyolali. Saka kutha Solo kira-kira mangan wektu nganti kurang luwih rong jam nek motoran. Lumayan marai mripat, tangan, lan sikil kemeng kabeh. Luwih parah meneh, bisa marai bokong kerasa kapalen. Panas-panas piye ngono. Jal bayangke piye nek bokong kuwi kapalen, atos lan panas ta? Kersane Gusti, nalika budhal langite padhang njingglang nanging ora panas. Dadi motorane ora prelu misuh-misuh amerga hawa panas. Bejane meneh ora ketemu wong biyayakan nyetir motor utawa nyetir mobil. Motor loro mlaku ajeg 90 km/jam. Mahmud sempet mampir-mampir sedhela ing bakulan buah, kareben nggawa oleh-oleh kanggo wong Desa Sampetan sing wis malih dadi sanak sedulur. Buah sing dituku ana macem-macem, semangka, anggur, sawo, lan sakpiturute, kajaba buah dada!. Buah dada ben tumemplek ing dada wae, ra sah dibungkos dinggo oleh-oleh. Jalur utama sing dilewati yaiku jalur Solo-Semarang via Salatiga. Sekirane wis mlebu daerah Tengaran, mlakune motor kudu alon-alon ben ora kebablasan. Menggok ngiwa lurus wae arah Merbabu. Banjur ana gapura sing muni nek wis metu saka wilayah Kabupaten Semarang, mlebu ing Kabupaten Boyolali, yaiku Desa Sampetan. Awak dhewe liren ana ing ngomahe Pak Parman. Salah siji warga Desa Sampetan ing dukuh Mongsari sing wis cedhak banget kalawan Mahmud. Mahmud olehe ngundang Pak Parman yaiku Broman. Sajak saka tembung Bro sing tegese Brother lan Man sing dijupuk saka jeneng Parman. Saktekane ing omahe Broman, wis ana Mas Kris, kakak angkatane Mahmud kanca tunggal KKN sing wis teka dhisiki ngajak bojone sing lagi ngandhut. Tanpa diaba-aba. Mahmud wis kekep-kekepan kalawan kabeh keluwargane Broman, kaya-kaya sanak kadang sing wis suwe ora ketemu. Konon, dhisik nalika ameh pepisahan KKN, Broman lan keluwargane nangisi lungane Mahmud. Sakwise kekep-kekepan lan Mahmud wis ngelungake oleh-oleh buah, awak dhewe lungguh ing klasa. Mahmude dhewe wis salin, saka sing sakdurunge nganggo celana jeans wis ganti kathok boxer. Jan, pancen wis dadi omahe dhewe. Omahe Broman kepetung ayem lan tentrem. Ing lemari ngarep sing dinggo wates antarane ruang tamu lan ruang mangan ana reca Buddha sila sing ngarepe ana lilin nanging durung disumet. Banjur ing ruang tamu uga ana lukisan macan lan kembang mawar. Nek mlebu ing ruang mangan, ana lukisan Werkudara mungsuh Naga ing segara. Broman nyertiakake bab KKN cah-cah ISI Surakarta dhisik sing miturute piyambake pancen nora mungkin dilalekake. Akeh seneng lan kesan sing becik tumrap para kanca KKN ISI Surakarta. Kala-kala Broman mendem bareng kalawan kanca-kanca KKN. Sok-sok Anggur Merah Orang Tua, sok-sok ya nek pengin rada abot ya Ciu. Bar gegojegan sing rena-rena, Mahmud ngajaki sowan sedhilit menyang Pak Toyo, minangka Ketua RW. Omahe Pak Toyo ora adoh saka omahe Broman, mung nyabrang dalan. Awak dhewe budhal tanpa sandhalan. Pak Toyo lan garwane jebul wis ngenteni. Kaya adate, Mahmud langsung kekep-kekepan karo Pak Toyo lan garwane sing bakul minyak kutus-kutus. Padha kaya ing omahe Broman, ing ruang tamu omahe Pak Toyo uga ana lemari sing diiseni arca Buddha. Bedane liline murup lan sumrebak ganda arum saka lilin kuwi. Sajak pancen sing dinggo lilin aroma terapi. Cerita Sethithik Kedadeyan ing Mongsari Taun 1985 Nalika lagi wae kepenak omong-omongan sakwise menakake madhang. Mas Kris lan garwane uga Mahmud ujug-ujug bali dhisiki. Apa meneh Mahmud wis cukup lega bisa entuk kortingan minyak kutus-kutus. Mula Jawasastra tampa dhewean. Jawasastra sempet takon kaya piye mula bukane dukuh Mongsari lan sapa leluhure. Saka warta sing dientuki, dukuh Mongsari duweni pundhen Mbah Saridongso. Bab iki bakal luwih dicetakake ing episode liyane. Critane Pak Toyo sing nganti marai prindhang-prindhing ing wayah sore yaiku crita bab bencana maruta sing kelakon ing Mongsari taun 1985. Pak Toyo menangi kedadeyan medeni kuwi, lan umure kira-kira wis cukup kanggo ngeling-eling ana apa wae sajroning lelakonan bencana mau. “Iki mono ya rada aneh mas, bencana angin wayah wengi kae uga dirasakake titah gaib.” Ujare Pak Toyo sing mbukak crita. Taun 1985, ing wayah wengi kang nyenyet, wetara jam sanga, tanpa ana sing menging ujug-ujug teka angin gedhe sing bantere ora umum saka sakdhuwure Merbabu. Kabeh wong Mongsari metu ngomah golek slamet, amerga nek tetep ana njero omah cetha bakal kembleggan. Lan salah-salah bisa mati barang. Apa meneh omah-omah ing Mongsari dhisik rata-rata isih awujud omah kayu limasan. Angin sing banter tur gedhe mau nggawa hawa njekut. Senadyan wis ngrukubi awak nganggo jaket lan didobeli karo sarung utawa kain, tetep wae rasane atis banget. Damar utawa ublik omah wis akeh sing mati amerga kena angin. Wit-witan uga akeh sing wis rubuh, kajaba wit Kawung wingit ing satengahing kompleks pesarean Mbah Saridongso. Kandhane Pak Toyo, “Wit kuwi jan aneh mas. Angin semono gedhene blas ora obah. Kamangka wite wis tuwa banget. Umure nek ora kleru yaw is atusan. Nalika kena angin paling ya mung goyang sethithik-sethithik. Sangare meneh, wite dikrukebi cahya abang.” Tekan semono critane, durung sepira nggegirisi rasane. Omah-omah akeh sing rubuh kena angin. Medenine, saben ana omah rubuh, ngerti-ngerti katon cahya oncor sing mlaku. “Ora katon sapa sing nggawa mas. Angin kaya ngono kok geni oncore ora mati?” Tekan kene wiwit kerasa prindhing-prindhinge. Miturut kaseksene Pak Toyo. Saben ana omah rubuh kena angin, sakwise rubuh mesthi muncul geni loro sing mlaku bebarengan. Nalika bencana maruta 1985 ing Mongsari, kira-kira ana petang omah sing rubuh ing Mongsari. Lan meneh, saben bar rubuh dipapag geni oncor sing embuh teka ngendi. “Aku nyawang dhewe, ngerti dhewe mas, ing atase namane Gusti. Saka arah Merbabu katon ana rombongan ireng-ireng mudhun, saben wonge nggawa oncor. Sing tak gumuni meneh, ana wong sing gedhene ora umum uga melu sajroning rombongan.” Ujare Pak Toyo ing bagiyan iki lagi kerasa nggegirisine. “Soroting geni oncor sing digawa para rombongan ireng-ireng mau kaya sorot lampune mobil lho mas.” Imbuhe Pak Toyo. Embuh ngapa, sajak ngerti nek mungsuhe omong-omongan rada ragu, Pak Toyo muni, “Aku ki dudu wong sing percaya barang ngono kuwi mas, nanging aku weruh dhewe.” Pancen sajroning ajaran Buddha, sing paling digatekake yaiku bab material lan spiritual. Khusus kanggo barang-barang alus kaya mengkono, para pemeluk Buddha pancen dhong, nanging ora banjur didadekake referensi. Aku sing krungu kaya ngono mung bisa unjal ambegan. Hufft… (Isih ana sambungane. Ing tulisan nomer loro bakal tak critani kaya piye kahanan uripe umat Buddha ing Tridamarsari. Banjur ing tulisan pungkasan, utawa nomer telu, bakal tak genahke menawa ajar toleransi kuwi ora prelu nganti ngotot) Tlatah Jawa kawentar minangka tlatah sing ijo royo-royo, gemah ripah loh jinawi, tata titi tentrem kartaraharja. Swasana sing asri senadyan wis didegi pabrik-pabrik industri njelehi isih bisa dirasakake. Sawah-sawah ginelar saka kidul mengalor, saka wetan mengulon. Hawa atis ing gunung-gunung uga tansah rinasa. Nalika esuk srengenge awe-awe, nalika teka wayah wengi soroting palintang lan rembulan amadhangi pepetenging jagad.
Paribasan ana rega ana rupa. Endahing tlatah Nuswantara, khususe Jawa ora mung anteng tanpa anane gara-gara utawa bilai skala gedhi. Gugusan gunung lan segara ing tlatah Jawa jebul ora mung tampa meneng. Para Dewata sajake mangerteni menawa endahing alam sing dipasrahake marang wong Nuswantara dudu sewates saka wujude welas, nanging wong Nuswantara gelem ora gelem kudu mbayar beayane. Arupa rajabrana, rajakaya, nganti nyawa. Wiwit saka jaman manungsa purba, tlatah Jawa wis tinakdir minangka punjering pralaya donya. Bisa ditiliki sakehing gunung-gunung aktip lan lempengan-lempengan lemah sing tansah nggeser sithik baka sithik saben tahun. Ing Sangiran, Sragen, para panaliti ora mung nemokake fosil-fosil manungsa purba sing beda miturut mangsa. Cekake ing Sangiran para panaliti ora mung nemu fosil saka sakjaman nanging nganti telung jaman. Paket pepak fosil Sangiran nyumbang nganti luwih saka separohe cacahe fosil manungsa purba ing donya. Luwih marai kaget meneh nalika ing Sangiran uga ditemokake fosil karang lan kewan-kewan laut! Daerah Sragen sing adoh banget saka segara kok bisa-bisane duweni fosil kewan laut? Wangsulane ora liya yaiku nek dudu amerga owahing rupa lemah lan segara. Rak isih kelingan jaman nalika bumi isih duweni sak benua ta? Pecahing benua Pangea banjur dadi rong benua, Gondwana lan Laurasia. Banjur pecah meneh, lan pecah meneh nganti tinemu wujud kaya saiki. Dilalah tlatah Nuswantara kajogan jejibahan saka Gusti kudu bisa ngrumati alam sing sok-sok nggegirisi. Wiwit saka lindhu gedhi, tsunami, lan kajate gunung-gunung. Konsep memayu hayuning bhawana pancen ana penere. Tanpa anane kemanunggalaning manungsa, alam, lan Gusti, mokal rasane wong Nuswantara, khususe Jawa bisa urip nganti seprene. Senadyan wis diwenehi kajat pralaya pirang-pirang, buktine ya ora entek. Ora kaya wong-wong Pompeii sing dienteki Gusti sarana kajate gunung Vesuvius nganti sak jabang bayi lan winih-winihe. Mengkono tegese menawa wong Nuswantara isih diparingi kasempetan ngrumat alam. Cathetan Sithik Bab Pralaya Negarakrtagama lan Pararaton nyathet anane kedadeyan kajate gunung Kampud sedurung Prabu Hayam Wuruk jumeneng ratu. Diterangake menawa nalika kuwi gunung Kampud mosak-masik nganti nyemburake hawa panas sing dlememeran ing lemah. Miturut pangripta Pararaton kedadeyan kuwi minangka pratandha menawa bakal ana ratu gung binathara ing tlatah Jawa. Banjur sing rada ngedab-edabi yaiku nalika pasukan Pajang sing dipimpin Hadiwijaya nglurug Mataram. Durung tekan papan sing dikarepi, pasukan Pajang keplayu nalika lagi tekan dhaerah Prambanan. Alesane yaiku anane lindhu gedhe lan Merapi buwang awu. Dening pangripta Babad Tanah Jawa kedadeyan kuwi dinggo ngewenehi legitimasi marang Panembahan Senapati menawa alam wae wis aweh pambiyantu kanggo Mataram. 11 nganti 15 April 1815 gunung Tambora duwe kajat gedhi. Gunung Tambora sing asline duweni dhuwur nganti kurang luwih 4.000 mdpl nganti ilang separo amerga kajate dhewe. Kasile, iklim donya nggeser. Nganti setaun suwene srengenge ora bisa napak lemah. Pasukan Napoleon sing lagi perang kepeksa kalah, ing Amerika wong-wong padha wedi amerga mudhune salju sing wernane abang semu kuning. Miturut panaliten saka manca, kajate gunung Tambora nganti ngenteki telung kraton sing ana sakubenge. 12.000 cacahe manungsa sing langsung kepaten amerga hawa panas. Bab iki bisa ditiliki ing Babad Lombok lan Kitab Bo’ Sangaji Kai. Sakwise gunung Tambora, tahun 1883 ganti gunung Krakatau sing duwe kajat gedhi. Swarane keprungu nganti Asia wetan kaya ta Jepang lan Korea. Ora mung kuwi, kajate gunung Krakatau uga marai tekane tsunami gedhe sing numpas wong ewonan. Pangeling-eling kedadeyan iki bisa diwaca ing Serat Pustaka Raja Purwa karyane R. Ng. Ranggawarsita. Isih akeh banget cathetan-cathetan bab pralaya gedhi ing Nuswantara sing pungkasane nglairake ilmu mitigasi bencana mungguhing jaman modern. Prelu dimangerteni, cathetan bab pralaya ora selawase diwujudake tulisan, nanging akeh uga sing dirupakake awujud tembang-tembang lokal kaya ta tembang saka tlatah Banyuwangi sing nyritakake kajate gunung Agung ing tahun 60’an. Ing Aceh lan Sulawesi Selatan uga ana tembang bab pralaya, malah uga ngewenehi pitedah apa sing kudu dilakoni nalika ana bencana. Emane, senadyan kerep duweni kajat pralaya gedhi. Tekan seprene isih arang banget ana tembang Jawa sing nyritakake bab pralaya. Umpama dipikir, rata-rata tembang Jawa ngemu makna polahing urip lan tembang dolanan. Durung ketemu anane tembang Jawa sing nyritakake bab pralaya, kajaba tembang campursarine The Godfather of Brokenheart sing nyritakake lemah longsor ing Tawangmangu. Ngrumat Saloka Apa sing bisa dilakoni manungsa modern nalika ana bencana gedhi sakliyane kudu nyelametake nyawane dhewe lan wong-wong sing ditresnani? Ora mung perkara manungsa modern, wiwit jaman dhisik ya pancen ngono kuwi. Teknologi sing dikembangake yaiku kepiye carane ndeteksi lan becike evakuasi, dudu malah mbatalake pralaya. Kanthi cathetan-cathetan bab pralaya, manungsa modern bisa migunakake ilmu-ilmu mitigasi bencana sing didukung nganggo piranti modern. Tujuwane ora liya nyilikake cacahe kurban, syukur nek nganti bisa ngilangi potensi anane kurban jiwa. Sakwise susah, mesthi tinemu bungah. Klebu sakwise pralaya mesthi ana kabecikan ing sakwalike kedadeyan pralaya. Sok-sok malah marai bungah kanggo wong-wong tatemtu, kaya ta para petani lan tambang, nanging kanthi cathetan isih beja diwenehi urip. Mula senadyan manungsa ora bisa mbatalake pralaya, amrih becike kudu tansah ngrumat alam. Saiki makna saka ngrumat alam sing sakdhurunge mesthi nglebokake bab-bab mistik, lan supranatural kudu diselarasake nganggo cara-cara sing nyata. Anane ruwatan, labuhan, lan ritual-ritual bhumi sing liyane kepiye carane ora entuk malah marai bumi dadi kebak regetan. Bahan baku sing saka plastik lan barang-barang sing angel lebur ing lemah kudu diilangi. Umpama wis nglakoni ritual-ritual tatemtu banjur isih tetep ana pralaya, sakorane awak dhewe bisa meminimalisir rasa bersalah amerga wis nglakoni ritual tatemtu. Nanging umpama ana sing ndakwa kegiyatan ritual mau malah ngundang pralaya jalaran musyrik utawa syirik, mendhing ditakoni wae wong sing nyalahake mau duwe ritual khusus sing kepiye kanggo ngurmati alam kanthi kolektif tur lumintu? Dijamin ora duwe. |
Arsip |