ONCEK-ONCEK
Kolom sing jenenge oncek-oncek iku isine yaiku bab opini utawa artikel sing bisa saka tim Jawasastra dhewe utawa saka para dulur sing pengin nulis artikel. Ana sing fokus ing bab sejarah (tapak siti), ana sing fokus ing filsafat lan pemikiran ala Jawa wiwit saka tokoh nganti cara pikir satengahing masyarakat (pamanggih), lan kaping pungkasan ana sing fokus ing perkara bebas, perkara sing ora klebu ing tapak siti lan pamanggih. Luwih trepe kolom karepku kuwi isine artikel-artikel utawa opini cara pikire cah enom Jawa/dudu Jawa nanging nganggo perspektif budaya Jawa nalika ndeleng sawijining perkara. Bisa perkara internasional, nasional, utawa mung regional. Umpama duweni kawigaten kanggo melu ngisi bisa diwaca tata cara kontribusi tulisan ing kolom Nyengkuyung.