Mugya Gusti paring rahayu nir sambikala kanggo rencana Pemda DIY lan DPRD DIY sing arepe nglebokake basa lan aksara Jawa minangka salah siji syarat lolos tes CPNS ing Yogyakarta. Pancen isih dirembug, dadi durung bisa kelakon ing taun 2019 iki. Nanging miturut Ketua Komisi D DPRD DIY, rencana kuwi diupaya supaya rampung ing pungkasan 2019, dadi taun 2020 wis bisa kelakon. Ora mung kanggo tes mlebu PNS, basa uga aksara Jawa jebul bakal didadekake piranti kanggo pepake syarat munggah pangkat.
Sajake panemu iki ana gandheng rentenge kalawan Program Restorasi Sosial Gerbang Praja (Gerakan Bangga Berbahasa dan Beraksara Jawa) sing diwiwiti Dinas Sosial DIY. Amerga ing taun 2019 iki, Dinas Sosial DIY kanthi disengkuyung para pamomong aksara Jawa ing Yogyakarta lagi banter-bantere kampanye. Miturut Bawol, ketuane sanggar pasinaon aksara Jawa Sega Jabung, rencana iki wis ana ing angen-angen panjangkane Pak Amrih. Anane rencana iki cetha dadi angin seger kahanan kabudayan Jawa ing mangsa modern. Sakorane basa daerah, Jawa, bisa duweni prestige sing padha kaya basa Indonesia, lan ora mokal menawa sakdrajat karo panganggone basa Inggris ing mangsa suk mben. Problem Basa Daerah (Jawa) Sesanti sing muni utamakan bahasa Indonesia, lestarikan bahasa daerah, kuasai bahasa Inggris pancen kudu diowahi. Tembung utamakan kok sajak beda banget karo tembung lestari. Kanthi tembung utama sing tumemplek ing basa Indonesia, ora ana alesan sing luwih kuwat tinimbang ‘lestari’ supaya basa daerah tetep dituturake. Anane tembung utama, lestari, lan kuasai nduduhake tingkat prestige sing ora selaras. Aluwung tembung utama lan lestari diilangi wae, tur urut-urutane digawe miturut tingkat cedhake basa, dadine bisa kuasai bahasa daerah, bahasa Indonesia, dan bahasa Inggris. Kareben ora ana meneh itung-itungan kudu dhisikake sinau basa sing ngendi. Cethane, lan ora bisa ditolak, jenenge wong mesthi tepung marang basa ibune dhisik, banjur saka pangertene bab nasionalisme Indonesia mula sinau basa Indonesia, lan ing wekasane sinau basa Inggris kanggo sarana komunikasi internasional. Sahid Teguh Widodo, minangka pakar basa Jawa saka Institut Javanologi UNS aweh panemu marang rancangan Draf Raperda Inisiatif DPRD DIY tentang pelestarian huruf dan bahasa Jawa. Yaiku ing pasal 4 ayat 2 sing munine, “Bahasa Jawa sebagai bahasa resmi daerah sebagaimana dimaksud pada ayat 1 sebagai pelengkap tidak mengesampingkan bahasa Indonesia sebagai bahasa resmi dan bahasa nasional.” Panjenenganipun matur menawa tembung ing pasal 4 ayat 2 kuwi kurang kepenak. Sing luwih trep, miturut Sahid ngene iki, “bahasa Jawa sebagai bahasa resmi daerah sebagaimana dimaksud pada ayat 1 sebagai bahasa pelengkap dan tetap menjunjung tinggi kedudukan bahasa Indonesia sebagai bahasa resmi dan bahasa nasional.” Tembung mengesampingkan kaya sing katulis ing draf pancen rada ngemu masalah amerga katon luwih ngunggulake basa Jawa, mula Prof Sahid aweh saran kaya mengkono. Perkarane, Prof Sahid kanthi tembung menjunjung tinggi uga dudu alternatif sing paling trep, malah tibane dadi ngunggulake basa Indonesia. Saya meneh, tembung bahasa resmi daerah uga rada wagu jan-jane, buktine basa derah Jawa mung kanggo sedina-dina, ora dadi basa tukar kawruh ing pawiyatan. Luwih nemen meneh, kok ya posisine basa daerah kuwi sewates ‘pelengkap’? Coba nek diganti ngene, “Bahasa Jawa sebagai bahasa resmi daerah sebagaimana dimaksud pada ayat 1 disikapi dan diamalkan secara setara sebagaimana kedudukan bahasa Indonesia sebagai bahasa resmi dan bahasa nasional.” Kuwi mung saran, kene iki dudu cah hukum je. Wkwkwk. Mas Mufid, salah siji ustad pesantren ing Yogyakarta, nate ngoncatake panemu menawa wong Jawa kuwi wangsa sing duwe kalimpadan bab basa lan kulina ngadhepi reribeding basa. Contone, bisa disawang saka basa Jawa dhewe sing ndadak diperang dadi telung tingkat tutur, ngoko, madya, lan krama. Awit saka kuwi, ora ana klerune rancangan tes CPNS sing nganggo basa Jawa lan aksara Jawa kudu disengkuyung. Cepak-Cepak Satengahing para pamomong basa lan aksara Jawa, udur-uduran bab basa Jawa uga aksara Jawa paten tansah anget saben taun. Ora wurung bisa nganti padha salah-salahan. Nek ujare Kang Galih, sejarawan lan filolog, udur-uduran bab basa Jawa lan aksara Jawa sejatine bisa rampung kanthi sarana nambahi wawasan saben-saben pawongan Jawane. Utamane, nggedhekake rasa pangerten tinimbang angger ngelerokake. Warta tes CPNS ing Yogyakarta sing diiseni basa lan aksara Jawa pancen apik tur kudu dijunjung supaya kelakon. Nanging, rencana kuwi mesthine kudu nyawijikake panemu sing beda bab basa lan aksara Jawa. Mokal rencana kuwi kelakon menawa durung ana tembung sarujuk saka saben-saben panemu. Salah siji kahanan sing katon yaiku nalika ana kelompok sing kulina tata cara nulis aksara Jawa KBJ banjur nyalahake seratan sing nganggo tata tulis cara aksara Jawa Mardikawi. Tegese ana rong pilihan, milih salah siji tata tulis utawa nglebokake kabeh sajroning tes CPNS? Sakdurunge rencana tes CPNS kanthi nglebokake basa lan aksara Jawa kelakon, kudu kerep-kerep nggawe sosialisasi sarana daring uga luring bab wujuding basa Jawa sing ditulis latin lan tata tulis basa Jawa aksara Jawa. Utamane kanggo para mudha-mudhi sing lagi gandrung PNS ben ora kecelik. Nek prelu nggawe kisi-kisi soale barang. Ngelingi ora sethithik para mudha-mudhi sing sambatan amerga dheweke babar blas ora bisa basa Jawa lan aksara Jawa, anane rencana iki bisa mbukak dalan kanggo ngrembakane paguyuban-paguyuban ajar basa lan aksara Jawa ing Yogyakarta. Drajat PNS sing wis dadi standar paling ideal ‘calon mantu’ tamtune cocog digawe tumpakan ngrembuyunge basa lan aksara Jawa sing wiwit ditinggal cah enom. Ora prelu nguwatirake tes CPNS ing Yogyakarta sing nganggo basa lan aksara Jawa. Anggere cah enom Yogyakarta isih kerep omong-omongan nganggo basa Jawa ngoko, bakal ora ana masalah. Apa meneh ing Yogyakarta ana rong universitas gedhe sing siyap siyaga dadi wadah tukar kawruh basa lan aksara Jawa kanthi laku nonformal. Tuladha Saka Yogyakarta Cara ngrumat basa lan aksara Jawa sing ditawakake Pemda lan DPRD DIY bisa digawe tuladha sing trep, amerga diselarasake marang munggahing tren pakaryan PNS. Gandheng basa Jawa ora mung dituturake ing Yogyakarta, nanging uga ing Jawa Tengah lan Jawa Timur, kudune rencana kuwi bisa kelakon ing telung provinsi penutur basa Jawa kanthi rata. Umpama kelakon ing telung provinsi, rencana kuwi cetha bakal nampa akeh tantangan. Untung wae Dinas Sosial DIY wani tumindak roda peksa bab basa lan aksara Jawa saengga provinsi Yogyakarta bisa duwe rencana visioner kaya mengkono. Keri ngenteni Jawa Timur lan Jawa Tengah. Bisa gawe titenan wae, anggere Jawa Timur lan Jawa Tengah nerapake regulasi sing padha Yogyakarta ora mokal kabudayan Jawa bakal bali kuncara. Ngadhepi pejabat lan masyarakat Jawa Tengah lan Jawa Timur sing akeh-akehe urip minangka masyarakat industri sajak pancen angel. Butuhing materi dianggep luwih utama tinimbang tumandang gawe ngrumat kabudayane. Mengkono kuwi dudu alangan, nanging keri piye awak dhewe nawakake ‘rega’ jati diri Jawa. Strategine yaiku nyelehake kabudayan dadi salah siji kabutuhan materi.
0 Comments
|
Arsip |